Bengi iku dina kamis malem jumat tanggal 6
Maret 2014, aku lan kanca-kancaku rombel 3 di utus pak dosen kanggo nonton
pagelaran wayang rutin ana ing Taman Budaya Raden Saleh (TBRS). Aku lan
kanca-kancaku anggone kumpul tabuh 7 ing
ngarep MUA.
Ning MUA uga ana kanca-kanca saka rombel
liyane lan cah sastra. Sakdurunge
bebarengan mangkat menyang TBRS ora ngira jebul malah udan deres. Nanging ora
nyurutke semangate aku lan kanca-kanca kanggo nonton wayang. Akhire kurang
luwih tabuh setengah 8 sing udane rada terang padha bebarengan mangka. Amarga
ana sing ora gawa jas udan. Bocah-bocah sing nggowo motor kompakan ora nganggo
siji ora nganggo kabeh.
Tekan ning TBRS wayang diwiwiti tabuh 9. Lan
kang dadi dhalang bengi iku Ki Enthus Susmono kanthi lakon wayang SANGKUNI.
Saktemene aku lagi iku nonton wayang nganti
sewengi muput. Lan ora mudeng apa kang diceritakake. Amarga aku ngantuk lan
sepisan-sepisan guyon karo kancaku kanggo ngilangke rasa ngantukku. Aku uga
gawa kopi sebotol ben iso melek. Nanging sithik-sithik ya aku rada ngerti inti
saka cerita wayang kuwi.
Yaiku Sangkuni dhuweni kekarepan dadi patih
ana ing Ngastina, ananging dheweke ora nduwe kedudukan apa-apa, mula Sangkuni
nganggo cara licik. Sangkuni sowan ing Negara Ngastina kang dipimpin dening
Prabu Pandu Dewanata. Sangkuni matur marang Prabu yen dheweke sadulur saka
Pringgodani. Sangkuni meksa Prabu Pandu Dewanata nulis nawala/layang kanggo
Prabu Trembaka panguasa ana ing Negara Pringgodani. Prabu Pandu Dewanata akhire
nggawe nawala, ananging sakdurunge di aturke marang Prabu Trembaka, isi nawala
kuwi wis diganti karo Sangkuni. Isine diganti yen Prabu Pandu nantang Prabu
Trembaka. Akhire loro Negara kang asline sedulur dadi perang. Negara Ngastina
ing peperangan dipimpin dening Arimba lan Negara Pringgodani ing peperangan
dipimpin dening Patih Gandamana. Arimba di bujuk karo Sangkuni nggawe luweng
supayane wektu Gandamana lewat bakal mlebu ing luweng. Carane Sangkuni enthuk
kasil, Gandamana tiba mlebu luweng lan di kubur urip-urip. Amarga dhuwe pikiran
kang ala, Sangkuni nggoda bojone Gandamana karep diperkosa, akhire bojone
Gandaman mateni awake dhewe nujepke keris Sangkuni ning awake. Akhire Sangkuni
ninggalake bojone Gandamana kang wis mati, Sangkuni lunga menyang Pringgodani
matur yen Patih Gandamana wis gugur. Sangkuni diangkat dadi Patih. Ora ngira
yen Gandamana iseh urip, Gandamana nggoleki Sangkuni lan ngajar Sangkuni
nganggo tangan kiwa saengga tangane Sangkuni cacat sakabehe lan rupane uga dadi
rusak selawase.
Nganti jam 4 isuk, pagelaran wayang kuwi
bubar, kanca-kancaku akih sing padha turu. Sakbubare ndelok wayang, aku lan
kanca-kanca bebarengan bali maneh ana ing kose dhewe-dhewe. Nuwun.
3 Maret 2022 pukul 07.29
Harrah's Lake Tahoe Casino - MapyRO
Find Harrah's 공주 출장안마 Lake Tahoe Casino, 문경 출장마사지 Stateline, NV, United 사천 출장샵 States, United States, phone number, 김천 출장마사지 map, 당진 출장안마 map, gaming floor plans, and maps.