cakepan tembang




1.        POCUNG
Mahasiswa kudune sregep sinau
Supayane gagas
Mring budaya tanah iki
Uga adat istiadat ana njawa

2.        DURMA
Para siswa kudu bisa basa jawa
Sanadyan iku ngerti
Sedaya budaya
Ingkang ana ing jawa
Mula iku aja lali
Akih bebaya
Yen ora njaga jawi

3.      KINANTHI
Bebungah anggonku laku
Amarga lingkungan iki
Bisa resik yen disawang
Kepenak ana ing ati
Pangarepku kasampean
Tan ayu lan uga asri

4.      ASMARADANA
Sayogyane tiyang jawi
Kudu bisa ambudaya
Lan perlu nglestarikake
Lingkungan lan uga alam
Ben wong kang arep sowan
Ora isin nggonmu laku
Supaya uripmu mulya

5.      MEGATRUH
Wong sak donya negarane kudu maju
Supayane urip becik
Uga maneh padha nggugu
Papan panggonan ben asri
Tumindak kanthi kelakon

6.      DHANDANGGULA
Ayo kanca njaga tlatah iki
Tata krama uga mring budaya
Sing bener iku gunane
Amarga budi luhur
Tansah nyata sejati jiwa
Ati kudu ditata
Supayane mbesuk
Yen anak putune ana
Ora bisa nglaleni adat jawi
Bebasan urip mulya

7.      PANGKUR
Yaiku budaya jawa
Saktemene tak jaga nganti mati
Ben anak putune besuk
Ngerti yen nduwe adat
Aja nganti lali anggonmu dumunung
Ana ing alam lan donya
Karepku tumindak becik

8.      SINOM
Wong urip supaya mulya
Kudu bisa nglestareni
Apa kang ana ing donya
Titipan sing nggawe urip
Lan uga anjagani
Amargane iku sampun
Dadi ing kawajiban
Aja ngasi ngelaleni
Kudu saguh, anggone njaga budaya

9.      GAMBUH
Ayo padha rerukun
Njaga alam mumpung durung kadung
Yen wis kadung ora bisa dadi apik
Mulane amarga iku
Ngandani sing ora ngertos

10.  MIJIL
Kudu tetep, lan uga hakiki
Supaya kelakon
Ben ra ilang apa budayane
Njaga lan ngrumat nganti setiti
Lan ora keganti
Budaya kang ajur

11.  MASKUMAMBANG
Mahasiswi, kudune nduwi pekerti
Aja nganti nglela
Marang kang diparing Gusti
Lingkungan ben katon cetha

0 Response to "cakepan tembang"

Posting Komentar