ASAL
USUL DESA BENDAN
Pati,
Jawa Tengah
Saridin iku wong Kayen dituduh dening
Bupati Pati minangka lapuran saka
petinggi Kayen jenenge Miyana. saridin
didakwa mateni kangmase dhewe kang jenenge Branjung. ananging Saridin rumangsa
ora salah, amarga dheweke mateni macan, dudu kangmase Branjung. Banjur Bupati
Pati buka jerone kang tutupan
kaya macan kuwi. jebul ing njero kang awujud macan kuwi ya Branjung.
Banjur
Saridin dikunjara ana ing Kadipaten Pati. Saridin takon marang Bupati “Kula yen
badhe wangsul, pareng?”. Bupati mangsuli “Entuk, Din. Nanging yen kowe bisa
metu”. Bengine Saridin bisa metu lan bali menyang Kayen amarga sejatine Saridin
kuwi wong kang sekti.
Ing Kayen,
petinggi Miyana weruh bojone Saridin dhewekan ana ing ngomah banjur digoda arep
di cilakani marang petinggi Miyana. Ora nyana Saridin bali. Weruh ana Saridin,
petinggi Miyana banjur mlayu. Isuke, petinggi Miyana matur dening Bupati Pati
yen wingi Saridin bali ana ngomah. Bupati marani Saridin ana ing kunjara lan
takon apa kang dikandakake dening petinggi Miyana bener apa ora. Saridin matur
yen kabeh kuwi pancen bener.
Bupati muntab
amuke, Saridin digiring ana ing alun-alun Pati arep diukum gantung. Ing kana,
Saridin digantung ing tali tampar ditarik wong akeh, nanging padha ora kuwat,
malah Saridin uga melu ngewangi narik taline. Wong-wong padha kaget semana uga
Bupati. Amarga Saridin ora bisa mati digantung banjur Bupati ngutus supaya
saridin dilebokake ana ing peti banjur petine dipaku lan diobong apa dibuwang
ana laut.
Saridin matur
marang Bupati yen sing maku durung jangkep, dhewe arep ngrewangi, lan Buapti
mangsuli iya yen Saridin bisa. Saridin mlebu njero peti. Wong-wong padha maku
peti kuwi. Jebul Saridin uga melu
ngrewangi makoni petikuwi. Bupati Pati
kaget lan Saridin dianggep yen wes ora bener. Bupati pati ngutus supaya saridin
di kepruki lan dipateni ana panggonan wae. Banjur wong-wong bebarengan mburu
Saridin. Saridin mlayu.
Ing salah
sawijining desa, ana wit benda. Saridin
ndelik ana sangisore wit benda kuwi. Wong kang nggudhak saridin padha kliwat
kabeh. Sawise aman, Saridin metu lan ngomong “amarga aku wis slamet ketutupan
wit benda iki, mula sok rame-ramene jaman, desa iki tak jenengi Desa Bendan.”
0 Response to "crita"
Posting Komentar