KLILIP
Bu
Urik ngedumel karo plerak plerok nyawang tanggane sing jenenge Priya kang lagi
lungguh karo corat coret ana kertas. Sok-sok natani kembang lan disirami. Bu Urik lan Bu
Kamdi rerasan elek marang tanggane kuwi. Dheweke sajak gumun, Priya kang mung
pengangguran lan bojone Narsih kang dadi guru SD nduweni urip tentrem lan
kecukupan. Omahe gedhe, pekarangane jembar, nduwe tivi gedhe, nduwe telpun
omah, motore uga ana loro sing siji anyar gres.
Sajak
ora trima, Bu Urik nuduh yen Priya kuwi adol barang larangan utawa narkoba ing
terminal lan jagongan karo tukang parker. Bu Kamdi uga nuduh yen Priya gaweane
adol wong wadon. Diko tangga sijine kang krungu gunemane Bu Urik lan Bu Kamdi
nambahi nuduh yen Priya ngingu tuyul. Mula dheweke arep nyelidhiki.
Bojone
Bu Urik ora seneng yen Bu Urik srawung karo Bu Kamdi amarga Bu Kamdi yen dijak
ngrumpi sajak seneng ora ana rampunge. Senengane ngala-ala wong liyo. Kemangka
miturute bojone Bu Urik yen Priya lan Narsih kuwi tangga kang apik, uga
grapyak.
Ora
suwe ana pegawe Kantor Pos mara omahe Priya. Priya marani lan mesam mesem sawise nampa layang lan
diwaca jerone. Jebul karyane dheweke mlebu ana majalah, mula entuk layang kang
jerone uga ana dhuwite. Sawise kuwi ana tukang
becak mara, Priya njupukake wit-witan kang di dol lan maringi dhuwit karo
tukang becak kuwi kanggo pesangon. Jebul Priya kuwi pengangguran ananging
dheweke seneng gawe karya kang dikirim ana majalah, lan kerja sambilan ngopeni
wit-witan hias banjur di dol. Mula uripe tansah mulya.
0 Response to "ringkesan cerkak"
Posting Komentar