tembang macapat



Tembang Macapat
Tembang ing kasusastran Jawa Anyar wernane ana 3 :
1.      Tembang gedhe
2.      Tembang tengahan
3.      Tembang cilik / tembang macapat
Tembang Macapat uga diarani tembang cilik. Tembang Macapat duweni pathokan utawa aturan kang wujude yaiku guru gatra, guru lagu, lan uga guru wilangan.
1.      Guru gatra                               : kang diarani guru gatra yaiku cacahing gatra saben sapada.
2.      Guru lagu / dhong-dhing        : tibaning swara ing pungkasaning gatra.
3.      Guru wilangan                                    : cacahing wanda saben sagatra.
Kang kalebu tembang macapat yaiku :
1.      Dhandanggula
2.      Sinom
3.      Pangkur
4.      Asmaradana
5.      Mijil
6.      Kinanthi
7.      Megatruh
8.      Gambuh
9.      Durma
10.  Maskumambang
11.  pucung

0 Response to "tembang macapat"

Posting Komentar