1.
Tembung
Camboran (Kata Majmuk)
Tembung
camboran yaiku tembung loro utawa luwih digandheng dadi siji, dene tembunge ana
kang wutuh lan ana kang cekakan. (camboran wutuh lan camboran tugel). Tembung
camboran wutuh iku tembun-tembunge wutuh ora ana kang diwancah (tidak
mengurangi suku kata)
Tuladhane :
pagr bata, raja lele, bahu suku, semar mendem, lsp.
Tmbung camboran
tugel iku tembung camboran kanthi nyuda.
Tuladhane : Dubang :
idu + abang
Bangcuk :
abang + pucuk
Tembung
camboran miturut tegese kaperang dadi telu.
a.
Tembung
camboran kang duwe teges sadrajat. (hubungan kopulatif)
tuladhane : gedhe cilik
tegese : gedhe lan
cilik
enom
tuwa tegese : enom lan
tuwa
sandhang
pangan tegese : sandhang lan
pangan
b.
Tembung
camboran kang tembunge kapindho dadi katrangane tembung kang ngarep. (hubungan
determinative)
Tuladhane : kandhang pitik
tegese : kandhang kanggo pitik
Pager
bata tegese : pager saka bata
Meja mangan tegese : meja kanggo mangan
c.
Tembung
camboran kang tembunge ngarep malah dadi katrangan tembung kang mburi. Lumrahe
tembung-tembung iku asale saka Sansekerta.
Tuladhane : pandhu putra
tegese : putrane pandhu
Raja
putra tegese : anake raja
Mahadewa
tegese : dewa kang maha (maha
linuwih)
2.
Tembung
saroja
Tembung saroja
yaiku tembung loro sing tegese padha utawa meh padha digunakake bebarengan lan
duwe teges kang bangetake.
Tuladha : lara pala, welas asih, papa
citraka, mudha taruna, lsp
0 Response to "tembung camboran lan saroja"
Posting Komentar