Asal-usul Pati Pesantenan
(Genuk Kemiri)
Mbiyen ing cerita
ana Kadipaten Carangsoka lan Kadipaten Paranggaruda. Paranggaruda dipimpin
Adipati Yudhapati nduwe putra jenenge Raden Josari. Dene Kadipaten Carangsoka
dipimpin Adipati Puspa Andum Jaya nduwe anak wadon jenenge Rara Rayung Wulan.
Kacarita, leloro
kadipaten iku urip rukun padha ngurmati siji lan sijine. Kanggo nglesatrekake
paseduluran, panguwasa kadipaten sarujuk kanggo ndaupake putra lan putrine
Adipati
Paranggaruda ngirim utusane kanggo nglamar Rara Rayung Wulan. Lamaran ditampa,
ananging Rayung Wulan nyuwun bebana supaya diramekake nanngap wayang kulit
kanthi dalang kondhang jenenge Sapanyana.
Adipati Yudhapati
ngutus Yuyurumpung, kang dadi agul-agul ing Paranggaruda. Yuyurumpung kasil nggoleki dalang Sapanyana.
Nanging ngepasi adicara mantenan, penganten putri lunga mlayu karo dalang
Sapanyana saengga Raden Josari lan Rara Rayung Wulan ora sida bebarengan.
Adipati Yudhapati
rumangsa diasorake, banjur memungsuh karo Adipati Puspa Andum. Kadipaten kang
samana rukun dadi perang. Ana ing paperangan, pimpinanan Carangsoka yaiku Raden
Sukmayana gugur lan di ganti adhine yaiku Raden Kembang Jaya. Ing paperangan
Raden Kembang jaya dibiyantu dening dalang Sapanyana saengga menang. Banjur
Kembang Jaya diutus babat alas ana ing kemiri.
Ing alas kemiri
Kembang Jaya lan Sapanyana diganggu dening jin kang ana ing alas. Kembang Jaya
semaput lan ditulung Nyi Cekong diparingi unjukan dhawet pati aren kalihan
santen kelapa ijo. Sawise sadar, Kembang Jaya babat alas maneh, nanging gamane
dititipake Nyi Cekong. Nyi cekong nyimpen ana jero genuk. Banjur wis rampung
anggone babat alas, Kembang Jaya nyuwun gamane, lan genuk mau kena sabda Kembang
Jaya. Sawise resik, Kembang Jaya bangun kadipaten ing kemiri kang aran
Kadipaten Pati Pesantenan saka Dhawet kang digawe saka “Pati” lan banyune saka
“Santen”
Dening : Bapak
Slamet (Juru Kunci Genuk kemiri)
0 Response to "asal usul"
Posting Komentar