Teks Pacelathon
Angga : “Kulanuwun…..Kulanuwun…..Kulanuwun”
Swara saka njeo : “Mangga,,,mangga.” (Bu Aniq)
Angga : “Kulanuwun Bu.”
Bu Aniq : “Mangga,,, O…. Mas Angga, Ana apa kaya penting nemen sore – sore sowan rene.”
Angga : “ Nyuwun sewu Bu, badhe sowan Bapak menapa wonten dalem?”
Bu Aniq : “Kene,, kene mlebu dhisik, dikepenakake lungguhe, ibu daksalin dhisit.”
Angga : “Inggih Bu, Maturnuwun.” (sinambi lungguh)
Bu Aniq : “ Saiki Pak Akbar lagi ana Cacaban
nunggoni siswa – siswine sing padha kemah. Ana apa mengko dakaturake.”
Angga : “Inggih Bu, sowan kula ngriki
dipunutus Pak Fahmi, Bapak mangke ba’da sholat Isya dipunaturi rawuh
wonten dalemipun saperlu walimahan anggenipun badhe nikahaken
putrinipun.”
Bu Aniq : “Lho, putrine sing dinikahake sing endi ?”
Angga : “Mbak Dinda ingkang nyambut damel wonten BRI.”
Bu Aniq : “Wah pancen putra – putrine Pak Fahmi
pinter – pinter, nalika padha dadi mahasiswa – mahasiswi sinaune tekun
ora ana sing reka – reka. Mula saiki padha oleh pegawean sing kepenak.
Mulane Mas Angga sinaune sing sregep, tekun, supaya mengko gampang luru
pegawean. Oh ya iki sing diaturi sapa bae ?”
Angga : “ Inggih Bu. Kathah ingkang
dipunaturi warga RT 11 kaliyan 12 dipunaturi walimah sedaya. Bokbilih
cekap semanten, nyuwun sewu mangke dipunaturaken Bapak.”
Bu Aniq : “ Iya…..,mengko dakaturake Bapak.”
Angga : “Inggih Bu, maturnuwun. Kepareng nyuwun pamit.”
Bu Aniq : “Iya, ngati – ngati.”
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 Response to "Pacelathon"
Posting Komentar