wara-wara




Nyemak wara-wara

Wara-wara klebu wujud komunikasi. Wara-wara ana kang lesan, uga ana kang awujud tulisan. Bab-bab kang kudu digatekake ana ing wara-wara yaiku :
1.      Katrangan sapa kang gawe wara-wara kudu cetha
2.      Katrangan kanggo sapa wara-wara katujokake kudu cetha.
3.      Katrangan wose wara-wara kudu cetha.
Wose wara-wara iku ing kala mangsane ngarepake supaya kang ngrungokake utawa kang maca menehi panyaruwe utawa nindaki sawijining pakaryan. Mula isi wara-wara mau kudu bisa menehi katrangan kang cukup, umpamane :
1.      Jinising pakaryan apa
2.      Ana ngendi papan panggonane
3.      Kapan wektune
4.      Apa ana syarate
Wara-wara kang diarani apik menawa bisa menehi katrangan kang cukup, yaiku saka ngendi asale, kanggo sapa, lan apa isine, kaya kang wis disebut ing dhuwur. Kosok baline wara-wara kang kurang apik yaiku wara-wara kang kurang cetha anggone menehi katrangan.

0 Response to "wara-wara"

Posting Komentar