persuasi lan argumentasi



Nulis wacana persuasi lan Argumentasi
1.      Persuasi
Persuasi iku seni vocal kang ancase supaya wong tumindak jumbuh karo kang dikarepake deening kang celathu, ing wwektu iku utawa ing wektu kang arep teka. Gandheng ancase supaya para pamaos utawa pamireng tumindak, mula persuasi uga bisa diarani cara kanggo mutusake. Wong kang nampa persuasi kudu percaya yen keputusane kang dipilih iku bener tanpa dipeksa.
Wujud persuasi yaiku :
a)      Sesorah Politik
b)      Iklan
c)      Selebaran
Persuasi duweni panganggep yen pamikire manungsa bisa diowahi. Persuasi mangka rekadaya nglarasake utawa ben padha sarujuk kanthi padha-padha percaya. Wong kang nampa persuasi rumangsa melu marem lan seneng awit ora rumangsa anggone mutusake milihsawijining tumindak.
2.      Argumentasi
Argumentasi yaiku wacana kang mbudidaya kanggo ngowahi panemune wong liya supaya percaya lan wusanane tumindak jumbuh karo kang dikarepake panulis. Kanthi argumentasi, panulis mbudidaya ngrakit kasunyatan kanggo mbuktekake yen panemune mau bener apa ora.

Argumentasi
Persuasi
1.      Mbudidaya mbeberake bukti yen panemune kang nulis iku bener.
2.      Proses tumuju kesimpulan
1.      Mbudidaya supaya padha sarujuk
2.      Proses supaya wong percaya lan bisa nampa apa kang dikarepake kang nulis utawa crita.

0 Response to "persuasi lan argumentasi"

Posting Komentar