Tata adat Budaya Jawa
ADAT TRADISI JAWA
Para sutresna Budaya,
saderengipn kula ngaturaken bab adat Upacara manten, kang kedadosanipun manake
warni, liripun boten sanes amargi tasih sami ngegegi paugeran ingkang boten
nilar suba sita. Sarta amargi sami sesambetan ing madyaning brayat agung,
ingkang sedaya wau tondhonipun boten sanes anggenipun badhe kepengin
ngluhuraken satunggal lan setunggalipun.
Sambet kaliyan punika
wau, petang kula bilih siaran RRI lajeng dados srana gerelya budaya, liripun
jaman kamardikan dumuki sepriki kados-kados kabudayan Jawi nembe kalindhih
kabudayan maca, ingkang kados-kados lajeng cengkah kaliyan poaugeran lan
piwucal para pini sepuh.
Mila Siaran bab upacara
adat kang lumantar Prog IV RRI sampun dipun tampi ngguroni, nanging kepengin
ndhudhah lan nggugah para sutresna budaya ing pundi papan, langkung-lakung
ingkang sami nyebat tiyang jawi ( Wong JAWA) murih sampun ngatos kecalan
jawinipun.
Dene mligi kula pribadi
ingkang kadhawuhan ngaturaken boten ateges kula badhe ngguroni panjengan
sedaya. Awit sejatosipun ingkang kula gadhahi pepindhanipun sak agenging kuku
kemawon dereng wonten, punika estu, namung kadereng kepengin ndherek tumut
cawe-cawe murih lestariipun kabudayan Jawi ingkang adi luhung punika.
Mila Panuwun kula, nyuwun
para sutresna budayan sami kersa paring atur pemanggih pamrayogi,
lan panyaruwe, murih warisan kabudayan Jawi ingkang adiluhung,
tumuli saged kumbul malih. Kepara saged dados srana meper kabudayan manca
ingkang laras kaliyan kabudayan Jawi.
BEDANIPUN UPACARA MANTEN
JOGJA LAN SOLO
Dene wanci punika kula
badhe ngaturaken mligi bab bedanipun upacara adat
ingkang bade kagungan kersa mantu. Mligi Ngayogyakarta kaliyan Solo. Ingkang
sampun dipun damel paugeran, ingkang sipatipun kepara nasional. Dene
gambaripun Upacara makaten:
No
|
Gagrak Yogya
|
Gagrak Solo
|
Keterangan
|
|
1
|
Nontoni
|
Nontoni
|
Woten, sampun boten mlapah
|
|
2
|
Lamaran
|
Lamaran
|
Woten, sipatipun mana suka adat
kulawarga
|
|
3
|
Asok tukon
|
Asok tukon
|
Woten, sipatipun mana suka adat
keluwarga
|
|
4
|
Srah-srahan, Nyantri
|
Srah-srahan
|
Woten, sipatipun mana suka, umum
sapunika sedinten utawi kalih dinten saderengipun ijab
|
|
5
|
Tarub
|
Tarub
|
Woten, sipatipun mana suka,
awit wonten 3,2,1 dinten saderengipun tempuking damel utawi lijab
|
|
5
|
Siraman
|
Siraman
|
Woten, Resmi padatan benten. Solo,
wonten bopongan, mande dawet lan potong rekma. Yogya bibar siraman
gantos busana nyampingan grompol + nogosari
|
|
6
|
Midodareni
|
Midodareni
|
Woten, sipatipun Resmi, padatan
benten. Solo wonten nebus kembar mayang
|
|
7
|
Ijab
|
Ijab
|
Woten. sipatipun Resmi menggahing
nagari
|
|
Panggih
|
Panggih
|
Woten, sipatipun Resmi atat
Jawi padatan tata upacaraipun benten-benten
|
||
8
|
Resepsi
|
Resepsi
|
Woten, Siapatipun resmi, mana suka
|
Saking sarenteten
upacara wau sak perangan sampun wonten paugeran, kados antawisipun:
- Tata Adat upacara Siraman
- Tata adat upacara Panggih
- Tata adat Rias penganten
- Tata adat Model busana Penganten
Dene sanesipun sipatipun
tasih mana suka, tegesipun gumantung pribadi ingkang kagunan kersa..dene
tetimbanganipun murih gampilipun. Mila lajeng wonten sebagian upacara dipun
gabung kados conipun
- Nontoni sampun boten mlampah, awit lare sampun sami tetepangan
- Adicara Lamaran dados satunggal kaliyan asok tukon, Lan wanci punika kirang mantepin dipun wonteni tukar cicin. ( awit tukar cincin sanes tata adat Jawi )
- Adicara Srah-srahan kaliyan adicara Asok Tukon
- Adicara Midodareni, sampun boten wonten, gantosipun dipun wonteni Upacara Srah-srahan lan ugi Asok Tukon, Mligi kang ngrasuk agami Kristiani dipun wonteni sembayangan, utawi Biston, Kang islam waosan Alqur’an Ingkang sedayan wau manut gothek ing ngakathah murih gampilipun.
Namung caos wuninga
mligi bab upacara Srah-srahan yen ngajeng sampun wonten upacara srah-srahan
inggih srah-srahan kang werdinipun tanda sarujuking rembag antawis kulawarga
setunggal lan satunggalipun, mila lajeng wonten tanda dados /jadi nggenipun
nglamar. Samenika wonten upacara tukar cicin
Mila Srah-srahan nalika
Midodareni pemanggih kula srah-srahan calon pengaten, mila prayogi boten
perlu mbekta punapa-punapa.
Dene kados ingkang kula
aturaken ngajeng , tasih kathah ingkang dereng dipun damel paugeran,
ingkang sipatipun tasih mana suka, kados contonipun
- Nontoni;
- Lamaran
- Asok Tukon
- Srah-stahan
- Pasang Tarub
- Ugi Bab busana kagem tiyang sepuhipun lan busana pengombyong manten : Buku tamu, pager ayu/bagus, among tamu. Lan MC
Makaten sawantawis atur
kula sumangga para sutresna kersa nunggal kanthi paring pemanggih. Murih saged
mbuka manah para kadang sutresna Budaya , mligi kang badhe kagungan kersa saged
langkung terwaca.
Bab Adat Nontoni
Adat Nontoni punika
satunggaling tata cara Jawi, mligi satunggaling kulawarga ingkang
kagungan putra kakung, badhe ngersakaken putra mantu, ingkang dados
inceranipun. kagem putranipun, gampilipun ingkang badhe dipun suwun dados
sisihanipun putranipun
Mila kulawarga kakung
lajeng mbudidaya matah satunggaling wakil kulawarga utawi duta, ingkang
kadhawuhan nangletaken utawi pados sisik melik, wonten dalemipun lare
estri ingkang dados inceranipun wau.
Mila wakil kulawarga wau
sowan wonten tiyang sepuhipun lare estri , ingkang ugi nganthi putra
kakungipun. Liripun samangke saged pirsa piyambah larenipun.
Dene kulawarga pihak
putri, sampunipun nampi rawuhipun para tamu, ing salajengipun badhe ndhawuhi
putranipun putri ingkang dados wigatosing rembag kadhawuhan ngladosaken
unjukan, sarta dhahar kagem para tamu wau. Liripun sageda dipun pirsani
ingkang badhe ngersakaken, leres lan botenipun
Adat ingkang sampun,
wonten ing adicara nontoni rantamanipun:
- Atur Pambuka saking kulawarga. Wigatosig atur, ngaturaken kasugengan, sarta mundut pirsa wigatosipun anggenipun sami rawuh.
- Atur pangandikan saking pihak tamu. Wigatos atur, ngaturaken salam taklim Bpk X. Lan matur punapa ingkang dados wigatos sowan.
- lajeng kacaosan unjukan lan dedhaharan. Wonten adat caos unjuk punika putra putri ingkang wigatosing rembag ingkang ngladosaken. Dene putra kakung ingkang badhe ngersaken wau namung mirsani kanthi ulat manis, lan tanggap ing samita.
- salajengipun kulawarga pihak kakung sami nyuwun pamit, wigatosing rembak sanes wedal badhe sowan malih
- panutup, atur pangandikan saking kulawarga putri, lan boten kesupen atur salam taklim katurna bpk. X
- Salajengipun wakil kulawarga kondur, lan caos palapuran wonten ngersanipun Rama saha ibu putra kakung wau
Pramila adat nontoni
satunggaling adat ingkang luhur, awit upacara Nontoni boten nilar suba sita
anggen sami gesang ing madyaning brayat agung kang maneka warni
Punapa ingkang dipun
kajengaken BIBIT, BEBET, BOBOT:
Wigatosing rembag: Upacara
Nontoni, satunggaling adat tiyang sepuh ingkang badhe kagungan kersa mantu,
kanthi pangajab putranipun manggih begja mulya. Mila 3 prekawis kang dados
tetimbangan : BIBIT, BEBET, BOBOT
Sambet bab wau, lanjeng
punapa werdinipun, lan punapa tasih relepan?:
Saking pemanggih kula
bab upacara nontoni, najan kawontena tambah maju, lare sampun sami tepang,
nanging jejering tiyang sepuh kinten kula sae lan prayogi tetep
cawe-cawe, paring tetimbangan. Jaman kawuri tetimbanganipun kados ingkang
asring kapireng ingkang dipun wastani: BIBIT, BEBET LAN BOBOT punika
Dene saking pemanggih
kula tetimbang punika wonten saenipun, awit werdinipun :
- Bibit. Gampilipun wiji, asal-usul saking pundi utawi kulawarga kang kados pundi. Awit kula pitados bibit ingkang sae tumusipun damel brayat utawi kulawarga ugi sae, boten gampil crah utawi padudon.
- BEBET. Kinten kula tetimbangan punika ugi tasih perlu, awit; bebet = sipat, watak larenipun, murih saged larasing anggenipun sami bebrayan. Mila pangajabipun murih saged sami mong kinemong antawis satunggal lan satunggalipun. Mila ingkang perlu dipun emut, bilih watak dados sandhanganing tiyang , utawi dados ciri-wancinipun, boten saged ewah.
- BOBOT, tumanduk saged saking kapinteran, saking derajat, utawi saged kadungan raja brana.
Ewa semanten kula
sumanggaken. Awit sedaya ugi saking nasibing lare. Nanging yen ngemuti duk
semanten dados tetimbangan bilih BIBIT, tegesipun wiji, utawi asal-usuling
kulawarga, kados pundi sae lan botenipun, BEBET, tegese derajat turunipun,
mligi sipat lan watakipun. BOBOT, tegesipun larasing gesang ing tembe wingking
Makaten saklumit gambar
adat nontoni ingkang kula mangertosi. Pramila kula sumanggakaken para
sutresna budaya badhe nanggapi.
Bab Adat Lamaran
Kados pundi babaring
adat lamaran jaman kawuri lan kados pundi prayoginipun ing wanci punika ?
Adat ingkang sampun,
upacara lamaran katindakaken saksampunipun angsal sisik melik, lare istri
ingkang dados inceranipun cetha dereng dipun wengku kakung.
Dene urutaning adicara
lan uba rampening Lamaran kang baku
- Atur pambuka saking kulawarga
- Atur panglamar ( saged ngagem surat , atur pangandikan).
- Caos tanda katresnan ( oleh-oleh, maneka warni dhaharan saking ketan, werdinipun murit saged lengket / kelet) tumus sageda lajeng rumaket pepindhaning renggang gula kepyur pulut
- Caos kintun oleh-oleh yen tamu wau kondur
- panutup.
Adat Asok Tukon
Sajatosipun asok tukon,
boten perlu dipun acarani, tegesipun saged sesambetan langkung prei, Dene Asok
tukon kathahipun dipun dadosaken satunggal kaliyan nalika
Lamaran. Lan wonten nalika Malam Midodareni
Dene uba rampe asok
tukon :
- Sanggan.
- Busana satunggal pengadeg kagem calon manten putri
- tindhih ( arta kathah sekedhikipun sumangga )
- Oleh-oleh, ujude dhadharan saking ketan
- Yen Eyangipun tasih sugeng, dipun kantheni nyaosi pesing
Bab Pasang Tarub
Saking pemanggih kula
Tarub, satunggaling adat mligi tiyang ingkang badhe kagungan kersa mantu.
Liripun jaman kawuri kagem ngawekani yen tamu ingkang rawuh kathah. Nanging ugi
kepara malah saged dados pratanda bilih ing mriku wonten ingkang kagungan
kersa. Kejawi saking punika ngendikanipun para pini sepuh bilih pasang tarub
satunggaling adat ngawekani dhatengipun bab-bab ingkang boten prayogi, mila
tarub ugi dados satunggaling srana talak balak.
Manut crita kina pasang
tarub dados pratanda nyuwun dumateng ingkang jagi lingkung utawi papan mriku
kawentaripun dipun sebat ingkang mbaureksa, kanthi pangajab murih tumut
ngrencang-ngrencangi. Nanging ugi wonten ingkang kagungan pemanggih dados srana
anggenipun nyuwun dumateng ‘Ki Jaka Tarub’ supados kersa mbantu sarta jagi
anggenipun kagungan kersa murih papan wau saged cekap(amot) lan
mboten nguciwani anggenipun nampi para tamu.
Kejawi saking punika
pasang Tarub. asring wonten ingkang ngagem petang utawi tetimbangan ingkang
sipatipun dipun wastani “saat”. Dene tetimbangan wau lajeng
kados-kados dados paugeran awit dinten lan wancinipun dados pathokan, lan
wonten bab sanes, kados contonipun yen sareng naasipun kulawarga. mila
pinanggihipun unik. Dene tetimbangan kula ingkang baken; dinten lan wekdal
saged disengkuyung dening sanak sederak punapa boten, nuwun semu punika kula.
Ingkang tentu kemawon boten nilar paugeran Jawi, awit wewujudan tarub wau estu
damel regenging papan, kepara damel aguning budaya Jawi, sarta saged damel
kajen kelingan kang kagungan kersa
Pasang tarub punika
saking masang tratak dan bleketepe, serta
pasang tetuwuhan. Dene Tetuwuhan punika kapasang kagem regol
mlebet medalipun tamu.
Tutuwuhan ingkang dipun agem werni-werni, ingkang
awujud who-wohan ( biji ), wit-witan, ingkang kapilih dados lambing punpa
ingkang dados pangajabipun ingkang kagungan kersa. Kadosdene
- Pisang Raja Ayu
- Kelapa ganding
- Tebu wulung
- Pari lan cantle
- ron-ronan ; keluwih,ringin dan kroton lsp
Pasang “Tratak”
Jaman kawuri tratag
dipun damel saking “kepang” nginggilipun katutup “bleketepe”. Bleketepe punika
; nam-naman ron klapa. Nanging samika tratak umumipun dipun
gantos tenda.
Tratak pinggiripun
paringi “janur kuning”. Dene masangipun paugeranipun kadamel mlengkung,
werdinipun amayungi. Dene tembung “janur” ngendikanipun mengku werdi
saking ‘jan-nur’, tegeseipun ‘jan’ saking tembung
“jane” dene ‘nur’ cahya. Mila werdinipun Cahya
ingkang nyata, utawi terang sanyata. Dene werdinipun masangan
janur kuning dados lambang tetenger ing wanci punika ing mriku wonten manten.(
Yen wis ana janur kuning mlengkung sira aja wani ngganggu wanita iku)
Salajengipun punapa
kemawon uba rampe kagem damel tarub
1. Damel “kajang”
utawi tratak, cagak saking deling ampel utawi wulung (pring), lan payon kadamel
kepang , nginggil dipun sukani nam-naman “bleketepe”, pinggiring tratak dipun
rengga janur kuning kapasang melengkung.
2. Tetuwuhan, kapasang
ing ngajeng / regol ‘pintu masuk’. Tetuwuhan punika saking pisang raja, cengkir
gading, tebu wulung, pari lan cantel, ron kluwih, ron kruton lan
ron ringin. Miturut gotheking ngakathah sedaya wau kapilih mengku pralampita,
satunggaling pangajab saking kang kagungan damel
3. Werdinipun Pisang
raja” kapilih kang sepuh, wonten kalih tundhun” . kang
werdinipun lambang pangajab ing tembe para putra kagungan watak/sipat
kados raja ingkang berbudi bawa laksana, lan tansah
dipun pitados tiyang kathah, sarta tansah mranani, kejawi saking punika mugi
gesangipun lare kados dene pisang “rila pejah yen sampun wonten wohipun”
4. “Pari wulu”
kalih unting’ utawi cantel (salah satunggal) lambang sang
pinanganten kathah rejeki, boten kekirangan.
5. Klapa ganding ‘2
janjang’. Lambang ing tembe pinangantin saged gesang ing pundi papan,
sarta saged migunani gesangipun mligi brayatipun sumrambah tiyang sanes
6. Tebu wulung’ 2
batang, kapasang kiwa tengen regol wau pinangka tolak balak, nanging ugi dados
lambing mantepaning manah anggenipun kagungan kersa. Kejawi saking punika
pangajabipun pengantin ing tembe gesang ipun sampun namung pados manisipun
kemawon, kadosdene pepatah “habis manis sepah dibuang”
7. Ron keluwih’,
dados lambang supados ing tembe wingking gesangipun saged tansah ‘linuwih’ ,
sarta gesangipun saged kacukupan ; bab raja brana sarta derajat dsb
8. Ron ringin,
mengku werdi gesangipun sageda dados payunging kulawarga, sumrambah
dateng masyarakat sakiwa tengenipun. ( nuwun sewu boten malah damel kapitunan )
9. Ron kroton / puring,
kejawi dados tolak bala mligi roh alus ingkang badhe ngganggu kawilujenganpin
sarta badhe njugaraken sesambetanipun bebrayan
Mila tarub satunggaling
pratanda pasang tolak balak sambet anggenipun kulawarga badhe kagungan
kersa mantu. Dene janur kuning kang mlengkung dados lambang bilih lare putri
putranipun bapak ( N ) sampun wonten ingkang mengku. Mila pasangipun kedah
melengkung mengku werdi ngrengkuh.
Makaten sawantawis bab
tatacara adat Jawi pasang tarub
BAB UPACARA PANGGIH
PENGANTEN
GAGRAH NGAYOGYAKARTA
Pepanggihan wanci punika
badhe kula aturaken mligi:
- NDUDHAH WIGATOSING UPACARA PANGGIH
- LAMPAHING ADICARA PANGGIH
Ngemuti bilih kabudayan
Jawi estu luhur, liripun mengku sasmita, kebag ing pralampita, awit kebag ing
pitutur utawi piwucal luhur kang sinandi. Ingkang tlonjongipun amargi kawios
saking pangandikan utawi pangajab ingkang kagungan karsa, boten sanes murih
sageda sami manggih kabegjan, gesang kang utami
Dene Adat upacara
panggih penganten punika pancen boten sami antawisipun daerah satunggal lan
satunggalipun, kados dene gagrak Ngayogja kaliyan gagrak Solo, sarta daerah
sanesipun, semanten ugi uba-rampenipun, sarta lampahing adicara. Pemanggih
kula, sedaya wau ingkang dados sumber boten sanes saking kraton, utawi ingkang
kagungan panguwaos wedal semanten. Mila gagrak Yogja ugi saking Kasultanan
Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat, semanten ugi gagrak Solo saking kasunanan
Kraton Surakarta Hadiningrat.
Nanging ingkang badhe
kula aturaken, mligi upacara panggih gagrak Ngayogya, ingkang sampun sumebar
sarta mekar sak jawining kraton. Kepara sampun dados paugeran saking para empu
ingkang sami pinitados
Dene upacara Manten kula
pilah dados kalih perangan inggih punika:
- A. Upacara sangajenging tarub
- Purwakaning upacara: Manten kakung lan pangombyong yen dumugi ngajeng Tarub kendel, lumarape Sanggan ingkang dipun aturaken Rama-Ibu Manten Putri, kang werdinipun; atur wuninga bilih Manten kakung sampun rawuh, mila nyuwun palilah enggal kersa manggihaken putranipun putri.Yen sanggan sampun katampi, tumuli penganten putri kaboyong medal, dipun purwakani medalipun kembar mayang. Dene padatan kembar mayang kasenggolaken penganten kakung nembe kembar mayang dipun bucal, werdinipun mbucal sesukeripun saha paring pambiwara, yen wanci punika wonten manten .
- Balang-balang suruh / sadak: ( manten putri 3, kakung 4 ) yen sampun sami aben ajeng ( 2-3 m) lajeng sami balang-balangan. Werdinipun mengku pralambang anggenipun sami kapang (kesusu weruh)
- Wijikan, Manten putri mijiki maten kakung wonten ranupada, kanthi ngguyur toya sritaman 3 X. Werdinipun dados tanda anggenipun nucekaken Kakungipun, awit badhe mlebet / ngadani upacara ingkang langkung wigati utawi suci, ugi saged dipun wastani tanda tresnanipun ingkang putri.
- Mecah tigan ayam: Salajengipun manten jumeneng aben ajeng, tumuli Nyi Sembaga mundut tigan kathuthukan larapan maten kekalih, tumuli tigan kapecah / kabanting. Werdinipun dados tandha anggenipun pecah pikiranipun badhe manunggal, lan sageda saged numusi wiji dadi. Salajengipun penganten kekalih kaboyong mlebet
B. Upacara ing
nglebet dalem
Manten dipun dherekaen
mlebet dening Ibu pengaring, lan pangombyong Dene Urutaning lampah
upacara :
1)
Tampa kaya; Manten Kakung maringi guna kaya manten putri, Werdinipun kakung
maringi guna kaya kang kasuntak kanthi tuntas kagem sisihanipun kang dipun
tresnani, mila lajeng dipun bundheli, nanging tumusing manah tasih dereng
pitados, mila lajeng katitipaken Ibunipun.
2)
Dhahar klimah: Kakungipun mundut sekul kakepel 3X, kaparingaken ing lancaran
kang kaasta manten putri, lajeng kadhahar sisihanipun piyambak, kang kakung
namung mirsani kanthi mesem… bingah. Lajeng sami wijik, lan ngujuk sesarengan.
3)
Sungkeman, yen besan badhe rawuh, prayogi dipun papak, yen sampun lenggah nembe
sungkeman. Sepisanan sungkem tiyang sepuhipun putri, lajeng sungkem tiyang
sepuhipun kakung ( besan)
Adicara punika mligi yen
mantenipun prawan kaliyan joko. Awit yen randha asal joko, lan sewalikipun,
sarta tasih wonten sambet sederek, pranataning adicara boten sami. Kejawi
punika yen putra manten putri mbajeng, asring dipun adani langkung rumiyin
ngunjuk rujak degan, werdinipun pinangka pambuka tumuruning wahyu penganten ing
kulawarga. (ingkang mbikak margi / bukak dasar )
Makaten sawentawis adat
upacara Panggih Manten gagrah Ngayogjakarta. Ingkang sampun dados paugeran
Atur Cecala bab Uba
rampe upacara panggih, Ing Ngajeng Tarub:
- Sanggan (pisang raja setangket, ganten, sekar setaman, lan lawe wenang
- Gantal. suruh kalinting isinipun; gambir lan apu katangsuli tali lawe
- Ranupada ( lemek kagem mijiki suku ) lan siwur
- sekar setaman ( mlathi, kenanga lan mawar )
- tigan ayam kampung
Uba rampe upacara, Ing
nglebet utawi ing pedaringan
- Kagem tampa kaya; inggih punika:
v
arta receh, cacah jangkep, saking kang alit dumugi ageng piyambak)
v
biji-bijian ( wiji = winih) ingkang saget tuwuh;dele, tholo, kacang ijo,
beras, jagung lan sanesipun.
v
empon-empon: dlingo bengle
v
sekar sritaman,
v
Kacu wadha kagem wadah guna kaya wau.
v
Kagem dhahar klimah: sekul kuning, kanthi lawuh ati ayam kapindang antep, saged
dipun pepaki upami ngagem lalapan, lan sanesipun
v
Piring kagem dhahar, Wijikan lan serbet / kacu
v
Unjukan pethak / teh ( lan rujag degan yen perlu )
Gendhing ingkang dipun
agem:
- Gendhing Bindri : kagem ngiringi rawuhipun maten Kakung
- “Ladrang Penganten Pl Barang= kagem upacara wiwit balang-balang dumugi kabotong mlebet dalem
- “Ladrang “Ganti Wibawa Pl Barang, utawi kidung Dhandhanggula penganten kagem upcara kacar-kucur lan sungkeman.
UPACARA PANGGIH
PENGANTEN GAGRAH SOLO
Cekaking rembag: Nglajengan punapa sampun iaturaken rikala
Minggu kapengker, upacara panggih gagrak Ngayogyakarta. badhe kula sambet
kados pundi yen gagarak Solo, lan ing pundi bedanipun. Nuwun sewue ingkang kula
aturaken punika, mligi tata ados adat kabudayan sakjawining kraton ingkang
sampun dipun tangsuli dening paugeran-paugeran, kepara sampun kekahaken dados
paugeran umum,
Upacara sangajenging
tarub
Panataning pangombyong
(pormasi barisan) Maten kakung
- Cucuk lampah (ingkang pinangka wakil keluwarga)
- Sanggan
- Kembar Mayang sepasang
- Maten kakung lan 2 ; pengaring Kakung
- Pangombyong (kulawarga, warga sanesipun. Tiyang sepuh boten tumut )
Panataning lampah
(pormasi barisan) Maten Putri
- Cucuk lampah,
- Putri Domas ( Penari gambyong,yen perlu ngagem )
- Kembar Mayang sepasang
- Maten putri lan 2; pengaring Putri
- Tiyang Sepuh.
- Mligi warga nunggal bapa biyung ( boten perlu perlu pengombyong)
Tata rakiting upacara
- Manten kakung rawuh dipun purwakani gending Kebo Giro ( monggang)
- Rombongan dumugi ngajeng Tarub, kang ngasta sanggan lajeng mlebet ( kados Yogja). tumuli Rombongan Manten putri medal .
- Litunan Kembar Mayang, kembar mayang saking kakung kacaosan keluarga, samangke kapajang sakiwa tengening dampar rinengga / pedaringan. Dene kembar mayang saking putri kabucal wonten jawi ( prapatan)
- Balang-balang sadak ( namung kaping sepisan)
- Manten Kakung ngidak tigan ing ranu pada
- Manten putri mijiki sukunipun.
- Manten kaboyong mlebet ngadani adicara kacar-kucur. Nalika mlebet maten kekalih dipun kemuli sindur, Ibunipun. Werdinipun tiyang sepuh nggendhong kekalih putranipun, Mila cakcakanipun Ramanipun wonten ngajeng maten, dene maten kekalih sami nyepengi bangkejan ramanipun, Ibunipun wonten wingking maten kaliyan nyepengi sindur ingkang dipun kemulaken, lanjeng mlebet, dipun rumiyine embar mayang saking kakung wau. Ingkang dipun pandegani cucuk lampah.
- B. Adicara kacar-kucur:
1)
Upacara timbangan, tumindakipun: Ramane Lenggah, lanjeng maten sami dipun
pangku pupu kiwa tengen ramanipun. Tumuli Ibune nyuwun pirsa:”Abot
endi Pak?” Ramanipun paring wangsulan: “Padha wae “
2)
Upacara Tandur:: bibar mangku Ramanipun lajeng jumeneng, tumuli manten kekalik
pundhakipundipun cepengi asta kiwa tengen lajeng kalenggahaken (katuncepaken)
mimba tiyang tandur
3)
Upacara Tampa Kaya, sami Yogya
4)
Dahar Klimah, tumindakipun manten kakung mundut sekul kakepel kaping tiga,
dipun paringaken piring ingkang dipun asta manten putri, lajeng sami dipuin
dhahar sesarengan (Kembul dhahar) lajeng wijik, lan ngujuk sarengan.
5)
Yen manten putri bajeng, lajeng diun adani ngunjuk rujag degan, tumidakipun:
Ibu maten mundut rujag degan, kacaosaken garwanipun, yen sampun diujuk,
sisihanipun nyuwun pirsa: ” Piye pak rasane?
6)
Garwanipun mangsuli:”wah seger sumyah, lajeng rujak dipun suwun Ibunipun,
lajeng kaunjuk, kanthi manthuk-manthuk, lajeng dipun paringaken putra manten
kekalih, supados ugi ngicipi unjuk.
7)
Sungkeman, dipun purwakani metuk besan, yen sampun lenggah, lajeng dipun
purwakani sungkeman, caranipun kados Yogya.
Wigatinging rembag
- Yen sungkeman: prayogi keris boten diagem, yen sampun rampung sungkeman keris dipun agem malih
- Adicara Panggih Manten gagrah Yogya lan Solo betenipun. antawisipun:
1)
ngajeng tarub gagrak Solo; linton kembar mayang, balang-balang suruh namung
mbalang kaping 1 X, Lajeng ngidak tigan, nembe wijikan. Mlebetipun penganten
dipun kemuli sindur Ibunipun
2)
Gagrak Yogya, boten wonten linton kembar mayang, balang-balangan suruh kaping 3
lan 4, lajeng Wijikan, tigan dipecak/dibanting.
3)
Upacara kacar-kucur,:
- Yogya: boten wonten, timbangan ( trajon lan tandur ).
- Yogya, ingkang dhahar namung manten putri. Yen Solo kembul dhahar
3. Yen manten bajeng,
gagrak Yogya ngunjukipun rujag degan bibar upacara kacar-kucur, saderengipun
kacar-kucur. Yen Solo saderengipun kacar-kucur
Makaten sawantawis
gambaran upacara panggih manten gagrak Solo, pramila kula aumanggakaken. Nuwun
Cathetan: Gendhing ingkang dipun agem:
- Gendhing Kebo Giro utawi Monggang kagem Maten kakung rawuh
- Kodhok Ngorek kalajengaken Ktw Laras Maya upacara panggih dumugi kalenggahaken. Kalajengaken Ladrang Mugi Rahayu kagem ngabekten
TANTINGAN
= putra dalem Kakung,
PANANTUNAN
= putra dalem PUTRI
Macul tumpeng
= Putrine luwih tuwa
medot lawe
= tasih misan
Ancik-ancik pipisan
= sepupu ( sak Eyang )
Nyecek mawa (
bugel) = yen kakunge wis tau krama
Santren, 3 April 2008
R.Suwardanidjaja
BAB UPACARA
SANES SAMBETIPUN KALIYAN UPACARA PANGGIH MANTEN
Upacara Maten
Upacara Maten, ingkang
kedadosanipun sambung-sinambung kados ingkang sampun nate kula aturaken
antawisipun bab: Nontoni, Lamaran, lan
asok tukon, Siraman lan Nyantri sarta Midodareni.
Ijab, Upacara panggih
Kejawi punika ugi wonten
upacara ingkang LANGKAHAN, kang dados tetimbangan inggih punika:
- Yen Nglangkahi : kasebat Upacara langkahan dipun adani umumipun nalika wanci malem midodadreni
- Yen Putra bajeng : kasebat Upacara bubak kawah ( dipun adani sasampunipun upacara ing ngajeng tarub, lan saderengipun upacara kacar-kucur )
- Yen Putra Wuragil : kasebat Upacaara tumplak Punjen ( diadani sasampunipun upacara upacara panggih purna_
Dene yen ngemuti
jaman semanten, upacara panggih dipun bedakaken yen kawontenanipun putra-putra
penganten kados antawisipun:
Upacara panggih yen
Prawan kaliyan Jaka ingkang mastani tigas kawuryan, dene yen putra manten putri
mbajeng dipurwakani Tiyang sepuh ngunjuk rujag degan. Dipun wastani “BUBAK
KAWAH”. Ingkang sampun nate kula aturaken. Ingkang werdinipun Upacara
punika mbok menawi punika mendhet saking berkahipun Kyai Ageng Pemanahan
nalika angsal gaibing Pangeran yen badhe nurunaken dat ratu kang pinunjul,
karana ngunjuk deganipun ki Giring, Mila ing upacara Panggih tiyang sepuh
sami ngunjuk toya degan ugi putra penganten, pamrihipun ing bejang putranipun
saged gadhah turun ingkang luhur utawi dados priyagung, ingkang gesangipun
boten kekirang (ingkang umum sami mestani ngunjuk rujak degan)
Upacara panggih Prawan
asal jaka lan tasih naning tasih sederek piyambak, dene manut silsilah kang
estri langkung sepuh, upacaranipun ingkang kakung saratipun inggih
punika macul tumpeng kanthi mancik sak nginggiling pipisan, tumuli
kalajengaken nrajang lawe wenang.. lajeng nembe dipun adani upacara panggih.
Nanging yen kakungipun langkung sepuh, manten nrajang lawe wenang, mboten
ngangge macul tumpeng
Upacara Prawan kaliyan
Dhudha kembang. Dene pangrakiting upacara inggi punika ; saderengipun upacara
panggih dipun acarani manten putri nyiram bugel ( tumper) ngagem toya wonten
ngajeng tarub, dados saderengipun upacara panggih. Werdinipun, manten putri
arsa nampi lan adhe memper, nyirep punapa ingkang sampun nate dipun lampahi
dening manten kakung duk semanten, inggih klebet kekajengan, kareman utawi
watakipun
Upacara Randha kembang
kaliyan Jaka, dene upacaranipun sami, namung ingkang nyiram toya ingkang kakung
Cekaking rembag: Upacara panggih jatosipun mengku werdi
ingkang luhur, liripun pinanggihipun lare kekalih antawisipun jaler lan estri,
ingkang nyuwun donga lan pangestu sedherekipun lan tangga tepalih, kanthi
paring paseksen bilih titiwanci punika lare kekalih sami ngepyakaken anggipun
badhe sami tembayatan inggih menika mbangun bale griya murik ing tembe brayat
sami manggih rahayu nir ing sambe kala. Kanthi makaten murih lancaripun upacara
layeng dipun tata, lan dipun acarakaken, ing mriki lahiripun tata upacara
panggih
Mila nuwun sewu yen
badhe damel ada-ada piyambak inggih mangga, nanging ingkang jangkep, tegesipun
runtut. Nuwun sewu upami ngagem busana model muslim inggih mangga, nanging yen
dipun tata upacara sampun ngagem upacara Jawi inggih gagrak Solo utawi
Ngayogja. Nuwun sewu kula mastani punika nama ngrisak kabudayan ingkang adi
luhung.
Dene Bab Upacara tumplak
punjen prayogi dipun rembag ing wedal sanes. Wusana matur nuwun
dening R.Suwardanijaya
0 Response to "tata adat tradhisi jawa"
Posting Komentar