unggah ungguh basa




Guneman
           Urip ing bebrayan masyarakat iku mesthi mbutuhake pambiyantune wong liya, mokal yen bisa urip dhewekan. Mula wis lumrah yen awake dhewe kudu gelem sesambungan karo wong liya. Sarana kang dianggo sesambungan yaiku basa. Ana ing basa dikenal unggah-ungguh basa. Basa Jawa kaperang dadi loro yaiku basa jawa karma lan ngoko. Basa ngoko kaperang dadi ngoko lugu lan ngoko alus. Dene basa karma kaperang dadi loro yaiku karma lugu lan karma alus. Titikane basa ngoko lugu, ngoko alus, karma lugu, karma alus kaya ing ngisor iki :
1.      Ngoko Lugu
Basa ngoko lugu iku basa kang ana sajroning ukara kang wujud tembunge arupa tembung ngoko, ora kacampuran basa karma. Ater-ater lan panambange uga nganggo basa ngoko. Basa ngoko lugu dianggo dening :
a)      Wong tuwa marang anake
b)      Guru marang muride
c)      Wong kang wis padha tetepungan kanthi raket
Tuladha :
a)      Aku lagi sinau basa jawa
b)      Mas lutfi menyang Kudus numpak motor.
2.      Ngoko Alus
Basa ngoko alus iku basa kang ana ing sajroning ukara, kang wujud tembung-tembunge arupa tembung ngoko lan karma inggil tumrap wong sing diajak guneman (wong kapindho) utawa kang digunem (wong katelu). Dene ater-ater lan panambange tetep ngoko. Basa ngoko alus dianggo dening :
a)      Ibu marang bapak ing dalem
b)      Wong tuwa marang wong enom kang duwe palungguhan dhuwur.
c)      Sapadha-padha kang wis raket, nanging tetep padha ngajeni.
d)     Adhi marang kangmase utawa mbakyune sing gelem ngajeni.
Tuladha :
a)      Pak camat mau rawuh mrene, panjenengan pirsa apa durung?
b)      Aku dhewe malah perkewuh menawa pak camat kersa tindak mrene
3.      Krama Lugu
Basa karma lugu yaiku basa ing sajroning ukara, kang wujud tembung-tembunge arupa tembung karma, ora kecampuran ngoko utawa karma inggil. Dene ater-ater lan panambange uga karma. Basa karma lugu dianggo dening :
a)      Wong kang kaprenah enom marang wong kang kaprenah tuwo
b)      Murid marang gurune
c)      Anak marang wong tuwane
Tuladha :
a)      Jam sekawan wau budhe miengaken radio
b)      Ibu tumbas gendhis setunggal kilo
4.      Krama Alus
Basa karma alus yaiku basa kang ana sajroning ukara, kanthi wujud tembunge arupa tembung krama lan tembung krama inggil tumrap wong sing diajak guneman (wong kapindho) utawa kang digunem (wong katelu). Dene ater-ater lan panambange uga dikramakake. Basa karma alus dienggo dening :
a)      Wong kang kaprenah enom marang wong kang kaprenah tuwa
b)      Anak marang wong tuwa
c)      Wong kang lagi tetepungan anyar
d)     Murid marang guru
Tuladha :
a)      Sinten ingkang ngaturi panjenengan kalawau, bu?
b)      Dinten menika bapak kondur saking semarang.

0 Response to "unggah ungguh basa"

Posting Komentar