Synopsis novel
KIRTI NJUNJUNG DRAJAT
( dening : R. Tg. Jasawidagda )
Nalika ana ing
sepur jurusan Semarang-Yogyakarta,kang liwat ana ing Surakarta, ing sawijining
gerbong kelas telu, kanggo wong jawa kang ora patiya kebak penupange. Ana
sawijining kulawarga kang saka cara panganggone nuduhake yen kegolong wong
cukup. Yaiku Darba (paragatama) lan wong tuwane lanang wadon. Dene ing ngarepe,
ana penumpang kakung karo abdine lanang siji, kang nitik penganggo lan patrape,
nuduhake sawijining priyayi. Ing kono uga ana kadadeyan kang ngagetake Darba,
ngenani Mas Bei Mangunripta (makili patrape saperangan priyayi) kang karo
patrape katon ngremehake marang sapepadha, klebu marang bapake (Ki Mas
Nayapada). Apa maneh marang wong cilik, kayadene saperangan gedhe penumpang
sepur kelas telu, gerbong wong jawa. Paragatama manoni dhewe nalika Mas Bei
Mangunripta, priyayi kang umuk wibawa mau, dipeksa “mudhun”wibawane dening
kondhektur Landa kanthi dilungguhke jejer karo kawula lumrah. Tumrap darba,
kadadeyan mau nandhani yen wibawa priyayi iku mung winates ing sapepadhane, ora
marang pakaryane. Mas Bei, kang maune umuk iku saiki wis ora duwe daya, merga
dheweke ngremehake aturan numpak sepur.
Ana ing acarane
Mas Demang Karyabau iya gedhe-gedhean amarga mantune yaiku Raden Mas Uger-uger,
putra keponakan Bupati patuh, lurah saka Mas Demang Karyabau. Ing acara iku,
Mas Bei kang gumedhe lan seneng umuk iu uga dilorog maneh wibawane dening
Mantri Onder Distrik, kang ing pasamuwan disepelekake.
Cerita iki
kadadeyan ing jaman walanda, darba njurung mikir jero, utamane ngenani
pangaji-aji kang didarbeni priyayi, kang ora didarbeni dening dudu priyayi,
upamane sodagar, tani, lan tukang. Miturut nalare Darba, ajine uwong iku
dumunung marang pagaweyan lan kapinterane kang sabanjure banjur ndunungake
pakerti. Yen para sodagar, tani, lan tukang gelem sinau, sarta gelem srawung
jembar, uga bakal dhuwur ajine ( dhuwe arti) lan akeh dhuwite.
Wiwit iku,
Darba dadi luwih sregep anggone maca layang kabar lan kalawarti basa jawa
minangka sarana njembarake kawruh. Dheweke malah banjur ndarbeni krenteg arep
nyoba nulis pawarta, utawa urun rembug ing layang kabar, kanthi jeneng singlon.
Darba senajan nganggo jeneng sesinglon ing karangane, dheweke dikenal ing
pamaos akeh. Kemajuan saking Darba ora mung ing pagaweyan, ananging uga ing
pasrawungan Budi Utomo.
Kadadeyan novel
iki yaiku antarane tahun 1903-1908. Informasi kasebut diarah njembarake kawruh
pamaos kang wektu semana durung jembar maose. Cerita dipungkasi nalika darba
lara kang madal tamba banjur tiba ing patine.
16 Desember 2020 pukul 22.54
Damel skripsi