Réyog
Reyog ponorogo
Réyog iku salah sijining seni rakyat sing asalé saka Jawa Wétan sisih kidul-kulon sakiwa-tengené Kabupaten Panaraga. Ing tlatah iki kondhisi sosio-budaya
isih sarat mawa prakara-prakara magis lan aliran kebatinan Kejawèn isih kuwat. Kesenian réyog iki isih kuwat gandhèngané karo praktèk magis
turunaning para leluhur.
Pamentasan
Réyog modhèrn biyasané dipentasaké
nalika ana prastawa-prastawa wigati kayata ritus-ritus passage,
tuladhané wong kawinan lan tetakan (supitan)
lan dina-dina gedhé nasional.
Seni] Réyog Panaraga kasusun saka
sawetara rangkaian 2 nganti 3 jogèd pambuka. Jogèdan kapisan
biyasané dipentasaké déning 6 nganti 8 priya gagah kendel sing klambènan
werna ireng lan rainé dipolèsi werna abang. Para panjogèd iki nggambaraké
sosok singa sing kendel. Sawisé ana
jogèdan sing dipentasaké déning 6 nganti 8 bocah wadon sing numpaki jaran. Ing réyog tradhisional, para juru
jogèd iki biyasané diperanaké déning wong-wong lanang sing nganggo klambi
wadon. Jogèdan iki diarani tayuban jaran képangan. Jogèdan pambuka liyané yèn
ana biyasané dipentasaké déning bocah cilik sing mentasaké adhegan lucu. Bocah
lucu iku kasebat Bujangganong. Bujangganong di jénéngake ngono
amarga saka cariosè bujangganong ora krama lan bathukè nonong.
Sawisé jogèdan pambuka bubar, lagèk
dituduhaké adhegan inti sing isiné gumantung karo prastawa sing mentasaké seni
réyog. Yèn gandhèngané karo kawinan, banjur adhegan asmara sing dipentasaké,
yèn tetakan ya biyasané carita laga.
Adhegan ing seni réyog biyasané ora
miturut skénario sing kasusun rapi. Mesthi ana interaksi antara pemain lan
sang dhalang (biyasané pamimpin rombongan)
lan sok-sokan karo penonton. Kadhangkala pemain sing lagi pentas bisa digantèni
karo pemain liyané yèn dhèwèké kesel. Sing utama ing seni pementasan réyog iku
bèn sang penonton marem.
Adhegan pungkasan iku arupa singa
barong, para pemainé nganggo topèng awujud endhas singa mawa makutha sing dipahési
mawa wulu-wulu merak lan ana ndas [[1]] ing dhuwur singo barong. Topèng
iki aboté bisa nganti 60 kg. Topèng sing abot iki digawa karo penontoné mawa
dicokot karo untuné. Sing ngangkat kudu sing wis kuwat lan bisané katekan kudu
karo latihan sing abot lan dipracayani uga bisané olèh déning latihan spiritual
kayata pasa lan mbangun tapa.
Kontrovèrsi
Seni jogèdan réyog diklaim
déning Malaysia dadi darbèné negara iki ing
situs wèb resmi Kementrian Kebudayaan, Kesenian dan Warisan Malaysia. Jogèdan Réyog sing diklaim Malaysia dijenengaké Tari
Barongan, lan unsur-unsuré padha, namung caritané diènggokaké dadi
"Caritaning Nabi Suléman". [1]
Prakara iki dadi kontrovèrsi lan
gègèran ing sasi Novèmber 2007. Rakyat Panaraga pradul lan nyuwun
marang bupati Panaraga supaya protès karo pamaréntahMalaysia.
0 Response to "reog ponorogo"
Posting Komentar