Raden Syahid ketemu Sunan Bonang
Nalika jalani hukumane, raden Syahid nglangkahake sikile nyusuri dalan
disambi ngalamu. Raden Syahid ora ngerti arep menyang ngendi. Dewe’e
mlaku karo nyanyi – nyanyi kidung pelipur lara. Langkah kanthi langkah
dak lakoni kanthi ora krasa panas matahari uwes ning tengah – tengah
kanthi nyerap pori – pori kulit saengga kringete tumetes. Rasa ngelak
lan luwih uwes ngganggu padarane. Tepat matahari ing dhuwur sirah, Raden
Syahid tekan ing pinggir alas. Raden Syahid nyoba golek panganan saka
woh – wohan ing jero alas. Usahane ora sia – sia, Raden Syahid weruh woh
blimbing sing gedhe – gedhe lan wis mateng. Kanthi cepet Raden Syahid
menek uwit blimbing kang angel lan lunyu kasebut, ananging bisa entuk
blimbinge. Amarga rasa luwing kang banget ngelilit padarane, woh
blimbing kasebut langsung dienteke.
Sakbanjure padarane krasa wareg, pikirane wes mulai digawe mikir meneh
apa sing arep dilakukake. Sansaya suwe pikirane digawe mikir sansaya
bingung sing arep dilakuake apa ? sak nalika Raden Syahid kaya professor
kang lagi kebingungan goleki kaca tingale, padahal kaca tingale wis
dienggo awet mau.
Dina sansaya peteng, sang surya uwis mulai angslup ing peraduane. Raden
Syahid berusaha nggolek panggonan kang cocok gawe tilem. Dipilihe
setunggal wit gedhe kang dinilai luwih aman kanggo ngindari saka
binatang buas. Ing wanci tengah wengi, Raden Syahid tangi, amarga krungu
swara burung hantu kang nyeremake.
Saknalika tangi saka tileme Raden Syahid mulai merenung lan mikir “ apa
aku kudu berserah diri ? ”.” Apa apike aku mohon karo gusti Allah
ingkang Maha Esa.
Supaya diparingi petunjuk lan diparingi ketenangan jiwa ? ”. Raden
Syahid saknalika nglakoni sholat wengi lan berdoa. Raden Syahid mohon
ampun kanthi doso – dosone kang selama iki dilakoni, Raden Syahid
nerusake kanthi dzikir lan keturon.
Fajar wis kathon sumunar, dirasa – rasake padarane wis mulai ngetokake
swara lan Raden Syahid tangi saka turune. Dewe’e berusaha nggolek
panganan maneh, dewe’e weruh wit blimbing lan menek wit mau, saknalika
tangane iso gopek blimbing kang gedhe, Raden Syahid kepleset lan tiba
ing lemah untunge lemahe namung ngandung humus, saengga ora dadekake
tatu parah. Kanthi ngrasakake rasa nyeri, Raden Syahid maem blimbing
mau.
Sakwise padarane kisi lan wareg, raden syahid mulai ngrenung, saknalika
muncul wong asing kang lewat ing ngarepe, sontak Raden Syahid kang
gadhah julukan perampok “Lokajaya“, langsung ngadang, dewe’e jaluk
supaya tiyang asing kasebut nyerahake harta kang digawa, ananging wong
asing justru ngomong : “ aku ora gawa harta benda, tapi yen kisanak
gelem, jupuk emas iki ( wong asing mau ngangkat tongkat lan nunjuk woh
kolang kaling ing sekitare, saknalika woh kolang kaling mau maleh dadi
emas kang berkilauan mancarake cahaya ). Kedadean kang menakjubkan mau
ora liya amargi keramat saka wong asing mau.
Raden Syahid kaged lan domblong, ing jero ati dewe’e ngomong “ wong mau
ora wong biasa, wong kasebut mesti duweni ilmu kang duwur “. Saknalika
Raden Syahid mikir, seandene dewe’e jupuk emas kasebut lan di bagek –
bagekake ing rakyat miskin, temtune entek lan dewe’e mesti ngrampok
meneh.
Sak banjure Raden Syahid ngurungake niate kanggo jupuk emas mau lan
sujud ing ngarepe wong asing kasebut. Kanthi ngomong “ kula nyuwun
ampun, kula khilaf sampun menghambat perjalanan kisanak, sudilah kisanak
ngangkat kula dados murid “.
Wong asing mau jawab “ aku gelem ngangkat kowe dadi murid, ananging kowe
kudu jaluk ngapuro karo ibumu “ kanthi tergesa – gesa dewe’e mlayu
kanggo nemoni ibune jarak alas karo omahe ora patek adoh, saktekane ing
ngomah Raden Syahid mencium telapak sikil ibune lan nyuwun pangapura.
Ibune ngrasa kaget lan takon “ ana apa le, ketoke kok ana sing maleh ?”.
(untunge bapake ora ana ing ngomah, bayangke yen bapake ning omah lan
ngerti anake balek, mesti ngamuk ). Raden Syahid jawab “ Kula sampun
kepanggih kaliyan tiyang ingkang ngagem jubah putih kaliyan berilmu
inggil, beliau purun nerima kula dados muridipun, ananging kula kedah
nyuwun ngapura lan dongo restu saking ibu “.
Krungu ciri – ciri wong kasebut, ibune ngendikan “ anakku, wong kang
mbok temoni mau ora liya yaiku Sunan Bonang, wong kang duwe ilmu duwur,
arif lan bijaksana. Sinauo ilmu saka Sunan Bonang muga – muga kowe dadi
anak kang bermanfaat kanggo sesama lan ojo lali taati perintah gurumu “.
Saknalika Raden Syahid ngadek lan mlayu ngoyak Sunan Bonang kanthi
harapan iso nyusul. Kecepatan langkah sikile kasil. Sunan Bonang ketok
sepuluh langkah ing ngarepe ananging Raden Syahid kaget nalika Sunan
Bonang ketok sansaya adoh satus langkah ing ngarepe, Raden Syahid nambah
kecepatan mlayune ananging Sunan Bonang ketok sansaya adoh sewu
langkah ing ngarepe, keadaan kuwi berulang – ulang kadang Sunan Bonang
ketok cedak kadang sansaya adoh. Saengga akhire raden Syahid kesandung
lan semaput.
Ing keadaan semaput, Sunan Bonang ngampiri lan maringi setetes banyu ing
wajahe. Raden Syahid tangi saka semapute, lan nyekel kenceng tangane
Sunan Bonang amarga wedi yen ditinggalake maneh.
Raden Syahid ngomong “ kula ngaturi sembah sujud kagem jenengan, sungguh
kula goblok bodo menawi mboten mangertosi jenengan inggih menika Sunan
Bonang, seorang waliyullah ingkang termasyhur lan dikenal tiyang
ingkang arif lan bijaksana “.
Sunan Bonang ngomong “ saiki kowe wes kenal aku, sabener aku ngerti yen kowe ngrampok kanggo mbiyantu rakyat miskin “.
Raden Syahid ngomong “ Tuntunlah kula lan ajari kula ilmu iman hidayah “.
Sunan Bonang mangsuli “goleko panggonan kang apik kanggo nandur wiji wit
gurdha lan tunggonono kanthi wiji mau woh (berbuah)”. (Sunan Bonang
ngulurake astane lan maringi wiji wit gurdha)
Sunan Kalijaga diangkat dadi penasehat ing kerajaan Demak
Ilmu iman hidayat wis diperoleh sunan kalijaga, karek ngamalake wae.
Sakbanjure sunan kalijaga nglangkahake sikile pinuju kadipaten Tuban,
kabeh wektu lan ilmune diginakake kanggo dakwah nyebarake agama islam
ing cirebon. Saben dina Sunan Kalijaga nerima murid anyar. Kanthi
kesungguhan lan keikhlasane nyebarake islam, akeh bebrayan kang tertarik
mlebu agama islam tanpa paksaan.
Sansaya suwe jenenge sansaya terkenal, nganthi tekan ing kasultanan
Bintoro Demak. Sultan Fattah pengin ngundang Sunan Kalijaga ing kerajaan
Bintoro Demak. Sultan Fattah ngomong karo penasehate lan ulama – ulama
sarta pujangga kerajaan kanggo nguji kemampuan lan keteladanane Sunan
Kalijaga. Ujian mau dimaksud kanggo luwih gampang maringi kedudukan
Sunan Kalijaga ing kadipaten Demak kang sesuai karo kemampuan lan ilmu
kang diduweni.
Ujian wis rampung kalaksanan, kasunyatane penguji paring pambiji kanthi
istimewa marang Sunan Kalijaga. Kabeh ngakoni ilmu Sunan Kalijaga kang
angel diukur duwure, lan luas pengalamane seluas samudera kang ora ana
pucuke. Ujian kang terakhir, Sunan Kalijaga diwenehi tugas kudu bisa
ngalahake lan brantas perampok kang ana ing daerah Wonosalam. Perampok –
perampok mau dipimpin karo wong kembar kakang lan adhine kang ora
gampang dipateni karo senjata jenis apa wae. Saben salah sijine mati,
kang isih urip nglangkahi mayet mau saengga sing mati iso urip maneh,
perampok mau angel dipateni amarga duweni kesaktian kang duwur.
Perang tandhing Sunan Kalijaga karo perampok mau kalangsung kanthi
seru. Perampok nyerang nganggo keris kang diarahake ing padarane Sunan
Kalijaga. Sunan Kalijagapun ngindar lan malah keris mau ngenani salah
sijine perampok mau. Saknalika adhik perampok mati, kakange nyoba
nglangkahi mayet adhike, ananging sia –sia si adhik tetep mati lan ora
iso urip maneh. Kakange ngrasa bersalah lan nangisi kematiane adhine.
Berkat kapinterane Sunan Kalijaga paring nasehat, kamangka sadarlah
ketua perampok mau lan berkat usul Sunan Kalijaga, perampok mau diangkat
dadi patih kerajaan ing Wonosalam. Sak bare kadadean mau Sunan Kalijaga
diangkat dadi pujangga lan penasehat kerajaan Demak. Pengangkatan
Sunan Kalijaga dadi pujangga lan ngrangkep penasehat kerajaan dadeake
Sunan Kalijaga sansaya terkenal kemasyhurane. Menggema kanthi tekan jero
kadipaten Tuban, panggonan wong tuane kang wis ngusir Sunan Kalijaga.
Ing kadipaten Tuban, wong – wong rame nggomongake Sunan Kalijaga
ngengingi kabar kang berilmu duwur. Ananging anehe, ora ana siji – sijio
kang ngerti yen Sunan Kalijaga sakbenere yaiku Raden Syahid bocah kang
biyen diusir karo bapake amarga gaweane ngrampok.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 Response to "ketemune sunan loro"
Posting Komentar