Arya
Pinangsang
( Narasumber : pak Hamid, pak Kasnadi, wk. juru
kunci, bu Anik )
Sultan Fattah duweni anak kang nomer siji
yaiku Adipati Unus, kang kaping loro yaiku surawiyata, lan kang nomer telu
yaiku trenggana. Surawiyata kang nomer loro iku putra saka garwa selir. Sakwuse
Adipati Unus wafat, saktemene sing dadi raja sakbanjure yaiku Surawiyata amarga
surawiyata urutan paling sepuh, nanging malah sing dadi iku Sultan Trenggana.
Sultan Trenggana duweni anak sing jenenge Prawoto. Amarga nalika iku Prawoto
wis gedhe, banjur dheweke nganggep yen umpamane bapake wafat sing ngganteni
dadi raja yaiku dheweke. Nanging amarga Surawiyata anal an isih urip banjur
dheweke mateni Surawiyata.
Nalika pembunuhane surawiyata, surawiyata arep
sholat subuh ana ing mushola. Lagi wae tekan dalan, dheweke dikeroyok karo
Prawoto lan kanca-kancane. Surawiyata kalah lan tiba ana ing kali, sahingga
dijenengake Sekar Seda Lepen. Garwane Surawiyata kang ana ing omah banjur
goleki Surawiyata amarga ora ana bali. Nalika ngerti yen Surawiyata dipateni
banjur garwane ngedakep lan ing kono dheweke ketujep keris kang isih nempel ana
ing awake Surawiyata. Dheweke sak durunge mati njerit keranta-ranta lan akhire
bayi kang ana ing wetenge bisa metu kanthi selamet lan temangsang ana ing
oyot-oyotan lan banjur dijenengake Arya Pinangsang.
Arya Pinangsang nalika dheweke wis umur 20
tahun, dheweke nganggep yen dheweke pantes marisi dadi raja ana ing demak
bintoro. Arya Pinangsang iku kekasihe Sunan Kudus ( jafar Shodiq ). Nalika
semana sunan Kudus ngaweruhi Arya Pinangsang yen Arya Pinangsang iku pantes dadi raja, nanging lha bapake wae
dipateni karo Prawoto. Utang nyawa kudu dibales karo nyawa. Sakwuse ngerti
ngono, Arya Pinangsang ora trima banjur mateni Prawoto. Adhi saka Prawoto yaiku
Ratu Kalinyamat nuntut marang kematiane kakange marang sunan Kudus. Nanging ing
kono Sunan Kudus namung ngendika yen utang nyawa kudu dibales karo nyawa.
Banjur ratu Kalinyamat bali menyang jepara bareng karo bojone yaiku Hadirin.
Nalika tekan ing tengah perjalanan, dheweke ketemu Arya Pinangsang lan ing kono
bojone dipateni Arya Pinangsang. Sakwuse iku Ratu Kalinyamat tapa ana ing Wukir
Donorejo. Ratu Kalinyamat ora bakal mandeg tapane sak durunge dheweke bisa adus
karo getihe Arya Pinangsang, amarga dheweke lara ati bojo lan kakange dipateni
Arya Pinangsang.
Jaka Tingkir oleh informasi babagan kenapa
Ratu Kalinyamat Tapa kayak ngono iku, banjur dheweke mara marang ratu
kalinyamat lan janji bakal mateni Arya Pinangsang. Jaka tingkir ngutus ki Ageng
Pemanahan, juru mertani lan ki penjawi supaya bisa mateni Arya Pinangsang.
Jawaban saka ki Ageng pemanahan yaiku “ aku sanggup mateni Arya Pingsang yen
panjenengan lan danang sutawijaya nderek ing peperangan iki. Jaka Tingkir
nyanggupi lan akhire sing mangkat yaiku Jaka Tingkir, Pemanahan lan Juru
mertani. Sakdurunge nyerbu, jaka Tingkir diundang Sunan Kudus supaya teka ana
ing pendapane. Sunan kudus wus nyiapake kursi kang dirajah karo kalacakra. Wong
kang lungguh ana ing kono bakal ilang ilmune, utawa pangkat utawa
kekuatane.karepe yen Jaka Tingkir nglungguhi kursi mau, jaka Tingkir bakal
ilang kesaktiane lan nalika perang karo Arya Pinangsang dheweke bakal kalah.
Nalika iku Sunan kudus isih ana ing jero, Jaka
Tingkir lagi ngedohake kerise lan banjur dicekel Arya Pinangsang, sunan kudus
ngendika “ wah wah den, wong raden-raden iki pada pantese dadi Adipati, mbok ya
aja padha ngono, keris kuwi sarungna wae!!”. Maksud saka ngendikane sunan Kudus
yaiku keris mau di tujepake ing wetenge jaka Tingkir nanging malah keris mau
dilebokake maneh ana ing warangkane. Sak banjure iku Arya Pinangsang bingung
lan langsung nglungguhi kursi sing wis dirajah lan banjur kesaktiane ilang.
Arya Pinangsang didukani Sunan Kudus, “pye toh kuwe den, , , kan yaw is tak
kandhani toh nak aja nglungguhi kursi kuwi, akibate kesaktianmu ilang”. Banjur
Arya Pinangsang jaluk ngapura uga jaluk supaya kesaktiane bisa bali maneh.
Sunan Kudus nyaranake Supaya Arya Pinangsang Pasa suwene patangpuluh dina
kanthi ngidang ( sikile ana ing dhuwur ). Ing kono Arya Pinangsang nuruti apa
wae kang wus diperintahake gurune iku. Nalika wus tekan telungpuluh dina
dheweke banjur mulih anggepane yen kesaktiane wis balik maneh.
Jaka Tingkir, Pemanahan lan Juru mertani
nalika ana ing perjalanane, ketemu marang pangone Arya Pinangsang lan banjur
merung kupinge kang sisih kiwa,lan sing sisih tengene diwenehi Nawala supaya
diaturake marang Bendarane. Nalika tekan Pendapa dheweke celuk-celuk Raden Arya
Pinangsang “den, den Arya . . .kupingku iki hlo diperung tulung aku raden, aku
diwenehi nawala barang iki raden,”.sak bubare ngono Arya pinangsang maca nawala
kang isine yaiku tantang-tantangan ngajak perang. Arya Pinangsang kaged lan
langsung dheweke metu saka pendapa nunggangi jarane lan gawa pusakane yaiku
setan Kober. Dheweke didudohi pangone panggonan anggone ngajak perang.
Sakbubare ngono Arya Pinangsang nyebrang ana ing kali bengawan sore. Padahal
sakdurunge wus dipeseni Sunan Kudus yen jewehi nyebrang ing kono Amarga yen
nyebrang kali bengawan sore dheweke bakal kalah perang.
Arya Pinangsang lan Jaka Tingkir kang dibantu
pemanahan karo juru mertani pada perang lan ing kono Arya Pinangsang ditujep
wetenge banjur ususe padha madhal-madhal. Dheweke iseh bisa bali nunggang
jarane lan ngubetake ususe ana ing pusakane. Dheweke angel anggone mati Amarga
duwe ilmu rawa ronteng. Nalika iku Jaka Tingkir ora terima amarga dheweke
kepingin yen Arya Pinangsang bisa dipateni. Ing kono dheweke nututi ana ing mburine
Arya Pinangsang lan nalika tekan ana ing desa sore, usus kang diubetake marang
Arya Pinangsang mau banjur bisa ditugel karo Jaka Tingkir lan akhire Arya
Pinangsang tiba ing patine.
0 Response to "Arya Pinangsang"
Posting Komentar