Katresnan
iku geguritaning urip sejati
Pepadange sakjroning pepeteng
Biso di gawe nanging ora biso digawe-gawe
Pepadange sakjroning pepeteng
Biso di gawe nanging ora biso digawe-gawe
Katresnan
iku kasunyatan ngedohi tumindak dudu
Kayadene: drengki, srei, dahwen lan pati open
Kayadene: drengki, srei, dahwen lan pati open
Katresnan
iku larang regane ora biso di tuku
Lan di tiru sarana bandha donya lan raja brana
liyane, jalaran toh-tohane Nyawa
Lan di tiru sarana bandha donya lan raja brana
liyane, jalaran toh-tohane Nyawa
Katresnan
iku dalan kang tumuju marang bebener
kebak deneng rasa lan pepadhang
lila lan legawa lair tumusing bathin
kaya dene gegodhongan kang googrok saka uwit
ora ngarep-arep bakal baline
melu ngrasakake panandhanging liyan
kebak deneng rasa lan pepadhang
lila lan legawa lair tumusing bathin
kaya dene gegodhongan kang googrok saka uwit
ora ngarep-arep bakal baline
melu ngrasakake panandhanging liyan
Katresnan
iku ora mbedak-bedakakeh
Cendhek duwuring pangkat
Asor Luhuring Drajat
Lan gegebengane urip kang rinasuk
ananing mung welas lan asih
suka pitulung marang sapa bae
Cendhek duwuring pangkat
Asor Luhuring Drajat
Lan gegebengane urip kang rinasuk
ananing mung welas lan asih
suka pitulung marang sapa bae
Katresnan
iku prayata umur tuuwa, dudu umur dawa
urip tanpo cacar ing ngarsane Pangeran
Sing nguasai pati lan urip
urip tanpo cacar ing ngarsane Pangeran
Sing nguasai pati lan urip
0 Response to "katresnan"
Posting Komentar