Assalamu’alaikum Wr.Wb
Bapak kepala sekolah ingkang kula
kurmati , Bapak ibu guru ingkang dahat kinurmatan , rencang saha adik - adik
ingkang kula tersnani.
Mangga kita ngaturaken puji syukur dumateng Gusti ingkang Maha Agung ,
ingkang sampun maringi mapinten-pinten kanikmatan saha kasarasan , saengga kita
saged kempal ing papan puniki kangge ngawontenaken acara perpisahan .
Sholawat serta salam tansah kita
ngaturaken marang Nabi Agung kita Muhammad SAW , ingkang kita anti-anti
safa’attipun ing yaumul qiyamah . amin .
Bapak ibu guru ingkang dahat
kinurmatan, kulo wakilipun kelas IX ngaturaken agunging panuwun awit keikhlasan
saha katresnan bapak ibu guru anggenipun nggula wenthah dumateng para siswa .
Saengga saged ngrampungake kewajiban ingkang sampun kalampah 3 tahun wonten ing
pawiyatan SMP N 1 PLERET puniki .
Bapak ibu guru lan adik – adik ingkang dahat kinurmatan . Kulo
sarencang kelas IX ingkang badhe nilalaraken pawiyatan punika tansah nyenyuwun lan
dedonga adik – adik saged kasil anggenipun ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan
punika . Kula minangka wakilipun rencang kelas IX tansah nyuwun gungan , mugi –
mugi adik – adik sregep anggenipun sinau lan tansah ngaosi dumateng bapak ibu
guru .
Bapak ibu guru saha adik – adik sedaya
, mbok menawi wonten kirang tatakrami anggen kula matur , kula minangka wakil
kelas 3 nyuwun agunging panuwun ..
0 Response to "sesorah"
Posting Komentar