pengalaman pribadi

Menyang Pasar

          ing sawijinig dina aku ngancani blanja ibuku menyang pasar. Wektu iku ngepasi dina minggu, dadi aku prei. Aku karo ibu menyang pasar numpak angkutan umum. Wis rada suwe anggonku nyegat angkutan. Nalika ana angkutan liwat penumpange ora pati akeh, dadi aku karo ibuku oleh lungguhan. Kira-kira limalas menit angkutane wis tekan ngarep pasar, aku banjur mudhun.
Dina iki ibu blanja akeh banget amarga sesuk arep kepanggonan arisan PKK. Rencanane tamu arep disuguhi soto. Sepisanan sing dijujug yaiku panggonan dodolan daging ayam. Sawise oleh ayam banjur goleki panggonan sing dodol bumbon. Ora lali uga tuku jeruk kanggo buahe. Wah jebule menyang pasar iku nyenegake bisa ngerti meneka wernane  dagangan lan uga ngerti carane bakul-bakul kang nawakake dagangane. Barang-barang ing pasar mau regane uga murah-murah.

Layang Pribadi

Contoh Layang Pribadi Kanggo Pak Dhe / Bu Dhe



Lamongan, 8 April 2013

Katur                                    
Pak Dhe/Bu Dhe                    
Ing Dalem                              
     

Surabaya                                  


Ingkang sembah pangabekti.
Sesarengan surat menika ingkang putra ngaturi kabar, bilih bapak lan ibu saha adik-adik pinaringan wilujeng. Ingkang kula suwun Pak Dhe lan Bu Dhe inggih semanten ugi.

Pak Dhe lan Bu Dhe, benjang liburan tanggal 20 Mei 2013 liburan semester 2 , kula badhe liburan dateng dalemipun Pak Dhe lan Bu Dhe kaliyan adhik-adhik. Dene menawi Pak Dhe lan Bu Dhe kagungan wekdal kula dipunteraken dateng Owabong.

Wasana cekap semanten menawi wonten kelepatan atur kuala nyuwun pangapunten

Sungkem Kula
       


Sunarsih




Nulis Layang

Carane gawe Layang

1. SATATA BASA : Alamate layang bisa katulis pojok tengen utawa kiwa ing dhuwur.
2. ADANGIYAH : Tembung pamuji rahayu upamane :
    a. Rinengga sugenging pakurmatan.
    b. Tansah winantu suka basuki.
    c. Katentreman lan karahayon
    d. Winantu ing bagya mulya.
    e. Sembah sungkem.
3. PURWAKA : Nelakake kabar kaslametane kang kirim layang lan pangarep – arep supaya kang dikirimi uga slamet.
4. SURASA BASA : Isine layang, kekarepane layang.
5. WASANA BASA : Pungkasaning layang, tuladhane :
    a. Cukup semene dhisik liya wektu disambung maneh.
6. TITI MANGSA : Nelakake wektu panulisaning layang.
    Lamongan, 8 April 2013
7. PEPRENAH : Asale layang saka sapa tuladha :
a. Saking ingkang putra
b. Bapakmu ing omah
c.Adhimu saka paran, lsp
8. TAPAK ASMA / TANDHA ASMA : Tanda tangan kang gawe layang.
9. ASMA TERANG : Asma terang sing gawe layang.

Pacelathon

Teks Pacelathon

Angga                         :  “Kulanuwun…..Kulanuwun…..Kulanuwun”
Swara saka njeo       : “Mangga,,,mangga.” (Bu Aniq)
Angga                         : “Kulanuwun Bu.”
Bu Aniq                       : “Mangga,,, O…. Mas Angga, Ana apa kaya penting nemen sore – sore sowan rene.”
Angga                          : “ Nyuwun sewu Bu, badhe sowan Bapak menapa wonten dalem?”
Bu Aniq                       : “Kene,, kene mlebu dhisik, dikepenakake lungguhe, ibu daksalin dhisit.”
Angga                          : “Inggih Bu, Maturnuwun.” (sinambi lungguh)
Bu Aniq                       : “ Saiki Pak Akbar lagi ana Cacaban nunggoni siswa – siswine sing padha kemah. Ana apa mengko dakaturake.”
Angga                          : “Inggih Bu, sowan kula ngriki dipunutus Pak Fahmi, Bapak mangke ba’da sholat  Isya dipunaturi rawuh wonten dalemipun saperlu walimahan anggenipun badhe nikahaken putrinipun.”
Bu Aniq                       : “Lho, putrine sing dinikahake sing endi ?”
Angga                          : “Mbak Dinda ingkang nyambut damel wonten BRI.”
Bu Aniq                       : “Wah pancen putra – putrine Pak Fahmi pinter – pinter, nalika padha dadi mahasiswa – mahasiswi sinaune tekun ora ana sing reka – reka. Mula saiki padha oleh pegawean sing kepenak. Mulane Mas Angga sinaune sing sregep, tekun, supaya mengko gampang luru pegawean. Oh ya iki sing diaturi sapa bae ?”
Angga                          : “ Inggih Bu. Kathah ingkang dipunaturi warga RT 11 kaliyan 12 dipunaturi walimah sedaya. Bokbilih cekap semanten, nyuwun sewu mangke dipunaturaken Bapak.”
Bu Aniq                       : “ Iya…..,mengko dakaturake Bapak.”
Angga                          : “Inggih Bu, maturnuwun. Kepareng nyuwun pamit.”
Bu Aniq                       : “Iya, ngati – ngati.”

sesorah


Assalamu’alaikum Wr.Wb
          Bapak kepala sekolah ingkang kula kurmati , Bapak ibu guru ingkang dahat kinurmatan , rencang saha adik - adik ingkang kula tersnani.
Mangga kita ngaturaken puji syukur dumateng Gusti ingkang Maha Agung , ingkang sampun maringi mapinten-pinten kanikmatan saha kasarasan , saengga kita saged kempal ing papan puniki kangge ngawontenaken acara perpisahan .
          Sholawat serta salam tansah kita ngaturaken marang Nabi Agung kita Muhammad SAW , ingkang kita anti-anti safa’attipun ing yaumul qiyamah . amin .
          Bapak ibu guru ingkang dahat kinurmatan, kulo wakilipun kelas IX ngaturaken agunging panuwun awit keikhlasan saha katresnan bapak ibu guru anggenipun nggula wenthah dumateng para siswa . Saengga saged ngrampungake kewajiban ingkang sampun kalampah 3 tahun wonten ing pawiyatan SMP N 1 PLERET puniki .
          Bapak ibu guru lan adik – adik ingkang dahat kinurmatan . Kulo sarencang kelas IX ingkang badhe nilalaraken pawiyatan punika tansah nyenyuwun lan dedonga adik – adik saged kasil anggenipun ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan punika . Kula minangka wakilipun rencang kelas IX tansah nyuwun gungan , mugi – mugi adik – adik sregep anggenipun sinau lan tansah ngaosi dumateng bapak ibu guru .
          Bapak ibu guru saha adik – adik sedaya , mbok menawi wonten kirang tatakrami anggen kula matur , kula minangka wakil kelas 3 nyuwun agunging panuwun ..
 Wassalamu’alaikum wr.wb

maca

Dongeng Bhs jawa : Kancil Nyolong Timun






"Kancil Nyolong Timun Pak Tani"



Sawijining dina Kancil mlaku-mlaku ana ing pinggir alas. Ora krasa lakune tekan kebonan timun duweke Pak Tani. Nonton ana timun ijo-ijo kang seger, Kancil dadi luwe. Amarga luwe Kancil banjur mangan timun siji-siji sampe wetenge wareg. Sawise krasa wareg Kancil banjur mulih alas. Saben dina Kancil nyolong  timune Pak Tani. Suwe-suwe Pak Tani krasa menawa timune  saya kelong sithik-sithik.

Pak Tani banjur mriksa sapa sing nyolong timune kuwi mau. Bareng wis dipriksa lan ngerti menawa sing nyolong timun iku Kancil, Pak Tani gawe jebakan kanggo Kancil. Pak Tani gawe wong-wongan kang diwenehi pulut nangka lan di pasang ana ing kebon timun.
Esuke Kancil mara maneh ana kebon timun, kancil kaget ana wong ing tengah kebon timun. Kancil banjur mlayu, tapi bareng krasa ora dimeloki kancil mandeg. Kancil mara maneh. Bareng cedhak Kancil ngguyu dewe amarga iku mung wong-wongan.
Kancil sing rumangsa diapusi terus ngantemake tangan tengene ing wong-wongan kuwi mau,  tangan tengene dadi kelet ora bisa diuculi. Kancil banjur ganti ngantemake tangan kiwane ana ing wong-wongan. Tangan kiwane uga dadi melu kelet ana ing wong-wongan. Kancil nesu rumangsa di cekel karo wong-wongan, banjur nyepak sikil kiwa lan sikil tengene ana ing wong-wongan. Saiki Kancil wis ora bisa obah, tangan loro lan sikil loro tumemplek raket ana ing wong-wongane Pak Tani.
 Pak Tani wayah sore mara ing kebon timune weruh Kancil tumemplek raket ana ing wong-wongane .Kancil dikancing ing kandhange Pak Tani.
Ing jero kandhang wayah bengi Kancil dicedhaki kirik ingon-ingonane Pak Tani lan ditakoni ngapa kancil kok onok neng kandhang . Kancil banjur cerita manawa deweke arep didaupake karo anake Pak Tani, makane saiki ana kono. Kirik kuwi mau rumangsa srei lan nesu.
Ing jero ati Kancil ngguyu banjur nerusake ulahe, Kancil nawani apa Kirik gelem nggenteni ana jero kandhang lan didaupake karo anake Pak Tani? Kirik seneng banget ditawani ngijoli Kancil sing arep didaupake anake Pak Tani kuwi mau. Ora nganggo mikir dawa maneh Kirik kuwi banjur nguculi Kancil saka jero kandhang lan deweke ganti mlebu kandhang dikancingi Kancil.
Kancil banjur mlayu, ing jero ati bungah banget bisa ucul saka kandhange Pak Tani sing mesthi ucul saka bebaya.Ing kandhang , Kirik ngenteni karo ngguya-ngguyu rumangsa seneng atine arep didaupake karo anake Pak Tani. Pak Tani sing mbukak kandhang esuke kaget baget ngerteni sing ana jero kandhang mau Kirike dewe. Pak Tani nesu banjur gebugi Kirik sing ana ing jero kandhang kuwi mau sampek tatu kabeh.         Tamat

mbah darmo tuku susu

  Mbah Darmo Tuku Susu

Wayah wengi udan gerimis, Mbah Darmo kademen, pengen ngombe susu supaya awake rada anget. Sarene kentekan susu, Mbah Darmo menyang pasar golek susu bubuk. Tekan ngarep salah suwijining kios kelontong, Mbah Darmo mlebu karo clingak-clinguk nggoleki susu, ngantek diparani sing jaga

Penjaga: 
Badhe mundhut punapa Mbah?

Mbah Darmo kaget diundang simbah karo penjaga toko. Bocah kuwi pantese dadi anake, dudu putune.

Mbah Darmo:
Menawi Susu Bubuk wonten mboten Mbokdhe?

Sing jaga kaget banget diundang Mbokdhe. Ngantek rambute njengat kabeh!. Banjur protes keras marang Mbah Darmo

Penjaga: http://duniashinichi.blogspot.com
Loh kok diundang Mbokdhe tho? Kulo niki taksih enom loh Mbah! Kok sakpenake dhewe diundang Mbokdhe. Umurku lagi selikur Mbah! Isih kinyis-kinyis! Selikuuuuuur!

Mbah Darmo:
Lha sampeyan ngapa kok ngundang kulo simbah? Umurku lagi seket je, kok diundang simbah?

Penjaga:
Loh, Romo kulo umure inggih seket siji sampun kagungan putu. Adhi kulo nikah umur pitulas, sakmenika anake sampun kaleh! Panjenengan sampun pantes diundang simbah, dadi aja protes rumangsa enom terus!

Mbah Darmo:
Yaaaaaaaah.... sampeyan injih mboten pareng protes diundang Mbokdhe! Wong rayi sampeyan sampun kagungan putra kaleh! Injih Mboten???

Kanca-kancane Penjaga Toko ngguyu kemekelen weruh bocah kuwi ora iso njawab pitakone Mbah Darmo.  Kepeksa Si Penjaga Toko ora sido ngundang simbah marang Mbah Darmo. Diganti ngundang "Om" wae amarga luwih enom setahun tinimbang Romone (Undil-2013)

Novel Ngulandara



Satuan Cerita dalam Novel Ngulandara


1.      Oto Mogok
Pada sore hari ada sekeluarga dimana terdiri dari tiga orang, diantaranya bapak, ibu dan juga anak. Mereka tidak bisa melanjutkan perjalanan pulang dari Purwokerto karena mobil yang di kendarai mogok di tengah hutan ( dusun Kledung yang terletak di lereng gunung Sundoro dan Sumbing )  dalam keadaan gerimis. Karena tidak bisa memperbaiki, maka mereka menunggu pertolongan dari orang yang melintasi jalan tersebut. Setelah sekian lama menunggu akhirnya ada seorang pemuda yang mengendarai mobil dengan plat nomor Parakan dan menolong memperbaiki mobil mereka. Mereka tidak sempat bertanya siapa pemuda tadi. Bahkan pemuda itu tidak mau diberi imbalan. 

2.      Meksa Batal
Keluarga tersebut senang karena bisa melanjutkan perjalanan. Mereka mengikuti mobil pemuda tadi karena penasaran siapa dan dari mana asal pemuda itu. Tetapi mobil berjalan cepat mereka tidak bisa menyusul pemuda itu. Mereka hanya mengetahui kalau pemuda itu berjalan ke arah Magelang. Mereka akhirnya memutuskan akan memberikan imbalan di lain hari jika bertemu.

3.      Nyonya Oei Wat Hien
Hari minggu, sekitar jam 08.00 pagi nona asal Tiong Hoa, Nyonya Oei Wat Hien berkunjung ke Ngasistenan, Ngadireja kerumah Raden Ayu Asisten Wedana. Ia ingin menawarkan perhiasan. Nyonya Oei Wat Hien juga menawarkan mobilnya. Kemudian Raden Ayu Ngasisten melihat mobil yang ditawarkan dan ternyata mobil itu adalah mobil yang dikendarai oleh pemuda yang menolongnya.  Kemudian ia menyuruh kreta ( pembantu Raden Ayu Asisten wedana ) untuk memanggil pemuda itu agar masuk kedalam rumah. Akhirnya Raden Ayu Asisten Wedana tidak jadi membeli mobil milik Nyonyah Oei Wat Hien tetapi rapingun yang disuruh menjadi sopir pribadinya.

4.      Sampun Kraos
Rapingun adalah pemuda pekerja keras, dia rajin melakukan semua pekerjaan rumah mulai dari menata rumah, mengecat meja, membersihkan rumah seisinya hingga Nampak bersih dan sangat rapi, Rapingun juga sangat hemat. Ketika itu Rapingun jalan jalan ke kandang kuda, ia melihat kuda itu kotor kemudian datanglah Raden Ayu Asisten, ia menjelaskan bahwa kuda itu adalah kuda yang sangat liar dan sulit di jinakkan. Rapingun mengethui kalau kuda itu ( Hel ) adalah kuda yang jenisnya bagus. Ia malah ingin melatih kuda itu.

5.      Ngajari Kapal
Hari minggu pagi seperti biasa, rapingun memberi makan Hel, kuda peliharaaan majikannya. Hel yang biasanya liar kini sedikit lebih jinak dihadapan Rapingun kreta merasa heran melihat hal itu. Rapingun kemudian memasang tali kendati paa Hel, agar nantinya mudah di bawa keluar dari kandang untuk di latih. Kreta kawatir kalau nantinya Rapingun di lukai oleh Hel karena liarnya. Hel dibawa ke pelataran untuk dilatih oleh Rapingun. Rapingun dan hel kembali ke rumah dengan selamat. Kemudian Hel diberi minum air garam dan dimasukkan ke kandang.

6.      Peken Malem Ing magelang
Hari Sabtu itu, keluarga Raden Bei Asisten wedana di beri surat dari bu Mantri Gudhang ( bibinya Raden Ajeng Tien ) agar mereka datang menjemutnya. Raden Ajeng Tien dan Rapingun yang akan kesana karena ibunya sedang sakit maka ia tidak bisa ikut. Mereka berangkat kerumah bu Mantri Gudhang di daerah Magelang sekitar pukul lima sore. Mereka sampai di alun-alun Magelang  jam setengah tujuh malam. Disana mereka berhenti sebentar untuk melihat suasana kota itu. Kemudian mereka melanjutkan kerumah bu Mantri Gudhang di Bayeman. Setelah sampai dirumah bu Mantri Gudhang mereka di ajak makan malam, tetapi mereka tidak mau. Kemudian bu Mantri Gudhang beserta suaminya mengajak mereka ke alun-alun untuk melihat pasar malam.

7.      Manahipun Kagol
Ketika di pasar malam, ada dua pemuda yang mengawasi Raden Ajeng Tien. Rapingun yang melihat, memperhatikan kedua pemuda tersebut. Kemudian Raden Ajeng Tien mengajak bibi, paman, dan Rapingun keluar, alasannya ingin mencari minuman. Mereka menuruti permintaan Raden Ajeng Tien dan pergi menuju restoran. Kedua pemuda itu mengikuti ke restoran tempat Raden Ajeng Tien membeli minuman. Raden Ajeng Tien melihat kedua pemuda itu, ia sangat takut dan khawatir. Sebelum keluar dari restoran salah seorang dari pemuda itu membawa kertas dan menjatuhkan di pangkuan Raden Ajeng Tien. Raden Ajeng Tien membaca kertas itu lalu merobek robek lalu membuangnya. Rapingun sangat kaget bahwa pemuda itu sepertinya memiliki hubungan dengan raden Ajeng Tien. Raden Ajeng Tien terlihat sangat cemas, lalu di ajak pulang ke Bayeman. Sesampainya dirumah bibinya itu, Raden Ajeng Tien meminta pamit. Ia ingin pulang ke rumahnya. Setelah pamit Raden Ajeng Tien dan Rapingun masuk mobil da berjalan pulang.


8.      Jagi Wilujenging Bendara
Mobil overlaind yang ditunggangi Raden Ajeng dan Rapingun melaju kencang. Ketika jarak dua atau tiga pal menuju Secang, ada mobil yang mengklakson dari belakang. Raden Ajeng Tien menoleh ke belakang dan ia melihat ada motor melaju cepat. Kemudian dia menyuruh Rapingun agar memelankan kendaraannya Karena motor itu nampaknya akan menyalipnya. Motor menyalip, tetapi tidak langsung pergi, dia berada pada jarak kurang dari sekilan dari mobil Rapingun. Kelihatannya ia menyerempet mobil itu Rapingun terkejut saat melihat dua orang yang mengendarai motor itu adalah pemuda yang ia jumpai di pasar malam tadi. Raden Ajeng Tien merasa sangat khawatir, ia mendekati Rapingun. Dua pemuda itu kemudian menghentikan laju mobil dengan mencegaknya. Pemuda itu mengacungkan pistol. Rapingu terpaksa menghentikan mobilnya. Pemuda yang perkasa ( Harjono ) kemudian menjumpai Raden Ajeng Tien. Ia mengatakan bahwa Raden Ajeng Tien telah melukai hatinya, Raden Ajeng Tien menolak pemuda itu untuk menjadi suaminya, sehinga pemuda itu marah padanya. Raden Ajeng Tien mendekati Rapingun untuk meminta pertolongan. Sehingga terjadi prekelahian diantara mereka., kedua pemuda itu terjatuh terkapar. Kemudia Rapingun masuk  mobil dan pulang. Sesampainya di Temanggung, Rapingun menghentikan mobilnya. Seketika itu Rapingun tidak sadarkan diri, kondisi tubuhnya sangat lemah karena terkena pukulan balok tadi. Raden Ajeng Tien memberinya minyak, dan setelah Rapingun sadar ia memijit tangan rapingun dan membalut lukanya dengan stangen. Kemudian mereka melanjutkan perjalanan pulang.

9.      Ngreksa Namaning Bendhara
Ketika sampai dirumah Rapingun ditanyai oleh Raden Bei asisten Wedana mengenai lukanya, ia mengatakan bahwa tangannya terkena slinger. Kemudian Rapingun  diraawat oleh raden Bei Asisten Wedana dan disuruh tidur. Paginya Rapingun dibawa ke Rumah Sakit.

10.  Wonten Ing Griya sakit
Sudah seminggu Rapingun dirawat di Rumah Sakit. Raden Ajeng Tien menjenguknya setiap hari dan meengurusi semua kebutuhan Rapingun. Suatu ketika Raden ajeng Tien memberikan surat kepada Rapingun ketika ia menjenguk Rapingun menurut penjelasan Rapingun surat itu untuk Raden Mas Sutanta. Raden Ajeng Tien juga memberikan kalung dengan bandul berbrntuk hati kepada Rapingun sebagai tanda persaudaraan.



11.  Pamit
Tiga minggu Rapingun dirawat di Rumah Sakit. Setengah bulan kemudian Rapingun merasa sangat sedih. Ia menangis tiap malam dan tidak bisa tidur karena memikirkan keluarganya di Sala. Ia merasa sudah sangat lama meninggalkan keluarganya. Raden Ayu Asisten sangat sedih melihat kondisi Rapingun. Rapingun meminta izin untuk pulang ke Pacitan ( ia menyamar kalau ia berasal dari Pacitan ). Raden Ayu Asisten menyetujuinya. Ia memberikan bekal pada Rapingun.

12.  Serat Saking Rapingun
Sudah sebulan Rapingun meninggalkan Ngasistenan, kemudian ia mengirim surat pada Raden Ayu Asisten. Raden Ayu Asisten sedikit heran bahwa surat itu alamatnya dari Cirebon, bukan dari Pacitan. Raden Ayu Asisten menyuruh Raden Ajeng TIen membaca surat dari Rapingun yang isinya ia ingin Ngulandara mencari Raden Mas Sutanta. Ia meminta doa restu dari keluarga Ngasistenan itu.

13.  Let Nem Wulan
Hari minggu itu Raden Mas Sutanta datang ke rumah Den Bei Mantri Guru di kampung Kwijen untuk sekedar berbincang  -  bincang karena lama tidak bertemu. Ketika Raden Mas Sutanta sedang ke kamar mandi, datanglah Raden Ayu Asisten dan Raden Ajeng Tien. Setelah raden Mas Sutanta keluar ia terkejut, Mantri Guru memperkenalkannya kepada keluarga Ngasistenan itu. Raden Ayu Asisten dan Raden Ajeng Tien langsung memeluk Raden Mas Sutanta yang ternyata adalah Rapingun dengan erat, meereka menangis terharu karena bisa bertemu dengan Raden Mas Sutanta.

14.  Sasampunipun Wolumg Wulan
Hari senin itu Raden Mas Sutanta hendak berangkat kerja. Ia sudah menikah dengan Raden Ajeng Tien. Saat itu Rapingun sudah selayaknya menjadi Raden Mas Sutanta, ia mengenakan pakaian sebagaimana putra keraton. Raden Mas Sutanta hidup bahagia bersama Raden Ajeng Tien.  

Novel Anteping Tekad




Analisis Tokoh dalam Novel Anteping Tekad


·         Indiah/Irah adalah seorang wanita yang berani mengambil keputusan, berani menanggung resiko terhadap perbuatan yang di lakukannya, ramah, baik hati, sopan, tetapi ia adalah wanita yang cengeng, hatinya sangat sensitif.
·         Sundoro (adiknya ibu Sutarno) adalah seorang insinyur muda. Ia adalah seorang pemuda yang bijaksana , suka memberi, dia juga penyabar, memiliki kasih sayang pada orang lain, ulet dalam menuntun ilmu, baik budinya, dan peduli terhadap orang lain.
·         Bapak dan Ibu Sutarno adalah orang tua Sundoro. Bapak dan Ibu Sutarno sangat baik hati, terutama pada anaknya. Ibu Sutarno adalah sosok wanita yang sederhana, sangat penyayang, tetapi beliau sangat sensitif yaitu saat mengusir Indiah karena suatu masalah. Pak Sutarno yang berusia 40 tahunan bekerja di perusahaan swasta adalah seorang pekerja keras.
·         Sucahyo adalah putra Bapak dan Ibu Sutarno berusia 3 tahunan. Ia adalah anak yang pintar. Tetapi dia kurang mencerminkan perilaku yang baik, dia tidak bersikap halus terhadap orang yang lebih tua, walaupun mereka adalah pembantunya.
·         Gimin (pembantu keluarga Sutarno) yang senantiasa patuh terhadap perintah majikannya, mengerti dengan semua kewajibannya.
·         Suwarni sifatnya berani, suka membicarakan orang lain . 
·         Jeng Utami adalah sosok wanita yang sabar , perhatian , peduli pada sesama.
·         Istinah adalah teman indiah saat kelas empat . Ia adalah sosok wanita yang baik budi , dia mau menolong temanya yang sedang kesusahan .
·         Bapak dan Ibu Sudibya adalah orang yang baik hati kepada siapa saja .
·         Sukri memiliki sifat humoris , dia sering menggoda orang lain .
·         Mbok Yem punya tingkah laku yang baik , berbahasa yang halus dengan majikanya, tidak pernah membantah .
·         Dr. Sujoko selalu perhatian , lemah lembut , sering membantu indiah seperti layaknya teman , mau menyekolahkan indiah ,mau berbagi pengalaman.
·         Suparno adalah pemuda yang humoris , tetapi dia alim ,baik hati , suka memuji orang.

tata adat tradhisi jawa



Tata adat Budaya Jawa
ADAT TRADISI JAWA
Para sutresna Budaya, saderengipn kula ngaturaken bab adat Upacara manten, kang kedadosanipun manake warni, liripun boten sanes amargi tasih sami ngegegi paugeran ingkang boten nilar suba sita. Sarta amargi sami sesambetan ing madyaning brayat agung, ingkang sedaya wau tondhonipun boten sanes anggenipun badhe kepengin ngluhuraken satunggal lan setunggalipun.
Sambet kaliyan punika wau, petang kula bilih siaran RRI lajeng dados srana gerelya budaya, liripun jaman kamardikan dumuki sepriki kados-kados kabudayan Jawi nembe kalindhih kabudayan maca, ingkang kados-kados lajeng cengkah kaliyan poaugeran lan piwucal para pini sepuh.
Mila Siaran bab upacara adat kang lumantar Prog IV RRI sampun dipun tampi ngguroni, nanging kepengin ndhudhah lan nggugah para sutresna budaya ing pundi papan, langkung-lakung ingkang sami nyebat tiyang jawi ( Wong JAWA) murih sampun ngatos kecalan jawinipun.
Dene mligi kula pribadi ingkang kadhawuhan ngaturaken boten ateges kula badhe ngguroni panjengan sedaya. Awit sejatosipun ingkang kula gadhahi pepindhanipun sak agenging kuku kemawon dereng wonten, punika estu, namung kadereng kepengin ndherek tumut cawe-cawe murih lestariipun kabudayan Jawi ingkang adi luhung punika.
Mila Panuwun kula, nyuwun para sutresna budayan sami kersa paring atur pemanggih pamrayogi, lan panyaruwe,  murih warisan kabudayan Jawi ingkang adiluhung, tumuli saged kumbul malih. Kepara saged dados srana meper kabudayan manca ingkang laras kaliyan kabudayan Jawi.
BEDANIPUN UPACARA MANTEN JOGJA  LAN SOLO
Dene wanci punika kula badhe ngaturaken mligi bab bedanipun upacara adat ingkang bade kagungan kersa mantu. Mligi Ngayogyakarta kaliyan Solo. Ingkang sampun dipun damel paugeran, ingkang sipatipun kepara nasional. Dene  gambaripun Upacara makaten:
No
Gagrak Yogya

Gagrak Solo
Keterangan
1
Nontoni

Nontoni
Woten, sampun boten mlapah
2
Lamaran

Lamaran
Woten, sipatipun mana suka adat kulawarga
3
Asok tukon

Asok tukon
Woten, sipatipun mana suka adat keluwarga
4
Srah-srahan, Nyantri

Srah-srahan
Woten, sipatipun mana suka, umum sapunika sedinten utawi kalih dinten saderengipun ijab
5
Tarub

Tarub
Woten, sipatipun mana suka,  awit wonten 3,2,1 dinten saderengipun tempuking damel utawi lijab
5
Siraman

Siraman
Woten, Resmi padatan benten. Solo, wonten bopongan,  mande dawet lan potong rekma. Yogya bibar siraman gantos busana nyampingan grompol + nogosari
6
Midodareni

Midodareni
Woten, sipatipun Resmi, padatan benten. Solo wonten nebus kembar mayang
7
Ijab

Ijab
Woten. sipatipun Resmi menggahing nagari

Panggih

Panggih
Woten, sipatipun Resmi atat Jawi  padatan tata upacaraipun benten-benten
8
Resepsi

Resepsi
Woten, Siapatipun resmi, mana suka
Saking sarenteten upacara wau sak perangan sampun wonten paugeran, kados antawisipun:
  1. Tata Adat upacara Siraman
  2. Tata adat upacara Panggih
  3. Tata adat Rias penganten
  4. Tata adat Model busana Penganten
Dene sanesipun sipatipun tasih mana suka, tegesipun gumantung pribadi ingkang kagunan kersa..dene tetimbanganipun murih gampilipun. Mila lajeng wonten sebagian upacara dipun gabung kados conipun
  1. Nontoni sampun boten mlampah, awit lare sampun sami tetepangan
  2. Adicara Lamaran dados satunggal kaliyan asok tukon, Lan wanci punika kirang mantepin dipun wonteni  tukar cicin. ( awit tukar cincin sanes tata adat Jawi )
  3. Adicara Srah-srahan kaliyan adicara Asok Tukon
  4. Adicara Midodareni, sampun boten wonten, gantosipun dipun wonteni Upacara Srah-srahan lan ugi Asok Tukon, Mligi kang ngrasuk agami Kristiani dipun wonteni sembayangan, utawi Biston, Kang islam waosan Alqur’an Ingkang sedayan wau manut gothek ing  ngakathah murih gampilipun.
Namung caos wuninga mligi bab upacara Srah-srahan yen ngajeng sampun wonten upacara srah-srahan inggih srah-srahan kang werdinipun tanda sarujuking rembag antawis kulawarga setunggal lan satunggalipun, mila lajeng wonten tanda dados /jadi nggenipun nglamar.  Samenika wonten upacara tukar cicin
Mila Srah-srahan nalika Midodareni pemanggih  kula srah-srahan calon pengaten, mila prayogi boten perlu mbekta punapa-punapa.
Dene kados ingkang kula aturaken ngajeng ,  tasih kathah ingkang dereng dipun damel paugeran, ingkang sipatipun tasih mana suka, kados contonipun
  1. Nontoni;
  2. Lamaran
  3. Asok Tukon
  4. Srah-stahan
  5. Pasang Tarub
  6. Ugi Bab busana kagem tiyang sepuhipun lan busana pengombyong manten : Buku tamu, pager ayu/bagus, among tamu. Lan MC
Makaten sawantawis atur kula sumangga para sutresna kersa nunggal kanthi paring pemanggih. Murih saged mbuka manah para kadang sutresna Budaya , mligi kang badhe kagungan kersa saged langkung terwaca.
Bab Adat Nontoni
Adat Nontoni punika satunggaling tata cara Jawi,  mligi satunggaling kulawarga ingkang kagungan putra kakung, badhe ngersakaken putra mantu, ingkang dados inceranipun. kagem putranipun, gampilipun ingkang badhe dipun suwun dados sisihanipun putranipun
Mila kulawarga kakung lajeng mbudidaya matah satunggaling wakil kulawarga utawi duta, ingkang kadhawuhan nangletaken utawi pados sisik melik, wonten dalemipun lare estri  ingkang dados inceranipun wau.
Mila wakil kulawarga wau sowan wonten tiyang sepuhipun lare estri , ingkang ugi nganthi putra kakungipun. Liripun samangke saged pirsa piyambah larenipun.
Dene kulawarga pihak putri, sampunipun nampi rawuhipun para tamu, ing salajengipun badhe ndhawuhi putranipun putri ingkang dados wigatosing rembag kadhawuhan  ngladosaken unjukan, sarta dhahar kagem para tamu wau. Liripun  sageda dipun pirsani ingkang badhe ngersakaken, leres lan botenipun
Adat ingkang sampun, wonten ing  adicara nontoni rantamanipun:
  1. Atur Pambuka saking kulawarga. Wigatosig atur, ngaturaken kasugengan, sarta mundut pirsa wigatosipun anggenipun sami rawuh.
  2. Atur pangandikan saking pihak tamu. Wigatos atur,  ngaturaken salam taklim Bpk X. Lan matur punapa ingkang dados wigatos sowan.
  3. lajeng kacaosan unjukan lan dedhaharan. Wonten adat caos unjuk punika putra putri ingkang wigatosing rembag ingkang ngladosaken. Dene putra kakung ingkang badhe ngersaken wau namung mirsani kanthi ulat manis, lan tanggap ing samita.
  4. salajengipun kulawarga pihak kakung sami nyuwun pamit, wigatosing rembak sanes wedal badhe sowan malih
  5. panutup, atur pangandikan saking kulawarga putri, lan boten kesupen atur salam taklim katurna bpk. X
  6. Salajengipun wakil kulawarga kondur, lan caos palapuran wonten ngersanipun Rama saha ibu putra kakung wau
Pramila adat nontoni satunggaling adat ingkang luhur, awit upacara Nontoni boten nilar suba sita anggen sami gesang ing madyaning brayat agung kang maneka warni
Punapa ingkang dipun kajengaken BIBIT, BEBET, BOBOT:
Wigatosing rembag: Upacara Nontoni, satunggaling adat tiyang sepuh ingkang badhe kagungan kersa mantu, kanthi pangajab putranipun manggih begja mulya. Mila 3 prekawis kang dados tetimbangan :  BIBIT, BEBET, BOBOT
Sambet bab wau, lanjeng punapa werdinipun, lan punapa tasih relepan?:
Saking pemanggih kula bab upacara nontoni, najan kawontena tambah maju, lare sampun sami tepang, nanging jejering tiyang sepuh  kinten kula sae lan prayogi tetep cawe-cawe, paring tetimbangan. Jaman kawuri tetimbanganipun kados ingkang asring kapireng ingkang dipun wastani: BIBIT, BEBET LAN BOBOT punika
Dene saking pemanggih kula tetimbang punika wonten saenipun, awit werdinipun  :
  1. Bibit. Gampilipun wiji, asal-usul saking pundi utawi kulawarga kang kados pundi. Awit kula pitados bibit ingkang sae tumusipun damel brayat utawi kulawarga ugi sae, boten gampil crah utawi padudon.
  2. BEBET. Kinten kula tetimbangan punika ugi tasih perlu, awit; bebet = sipat, watak larenipun, murih saged larasing anggenipun sami bebrayan.  Mila pangajabipun murih  saged sami mong kinemong antawis satunggal lan satunggalipun. Mila ingkang perlu dipun emut, bilih watak dados sandhanganing tiyang , utawi dados ciri-wancinipun, boten saged ewah.
  3. BOBOT, tumanduk saged saking kapinteran, saking derajat, utawi saged kadungan raja brana.
Ewa semanten kula sumanggaken. Awit sedaya ugi saking nasibing lare. Nanging yen ngemuti duk semanten dados tetimbangan bilih BIBIT, tegesipun wiji, utawi asal-usuling kulawarga, kados pundi sae lan botenipun, BEBET, tegese derajat turunipun, mligi sipat lan watakipun. BOBOT, tegesipun larasing gesang ing tembe wingking
Makaten saklumit gambar adat nontoni ingkang kula mangertosi. Pramila kula sumanggakaken  para sutresna budaya  badhe nanggapi.
Bab Adat Lamaran
Kados pundi babaring adat lamaran jaman kawuri lan kados pundi prayoginipun ing wanci punika ?
Adat ingkang sampun, upacara lamaran katindakaken saksampunipun angsal sisik melik, lare istri ingkang dados inceranipun cetha dereng dipun wengku kakung.
Dene urutaning adicara lan uba rampening Lamaran kang baku
  1. Atur pambuka saking kulawarga
  2. Atur panglamar ( saged ngagem surat , atur pangandikan).
  3. Caos tanda katresnan ( oleh-oleh, maneka warni dhaharan saking ketan,  werdinipun murit saged lengket / kelet) tumus sageda lajeng rumaket pepindhaning renggang gula kepyur pulut
  4. Caos kintun oleh-oleh yen tamu wau kondur
  5. panutup.
Adat Asok Tukon
Sajatosipun asok tukon, boten perlu dipun acarani, tegesipun saged sesambetan langkung prei, Dene Asok tukon kathahipun dipun dadosaken satunggal kaliyan nalika Lamaran.  Lan wonten nalika Malam Midodareni
Dene uba rampe asok tukon :
  1. Sanggan.
  2. Busana satunggal pengadeg kagem calon manten putri
  3. tindhih ( arta kathah sekedhikipun sumangga )
  4. Oleh-oleh, ujude dhadharan saking ketan
  5.  Yen Eyangipun tasih sugeng, dipun kantheni nyaosi pesing
Bab Pasang Tarub
Saking pemanggih kula Tarub, satunggaling adat mligi tiyang ingkang badhe kagungan kersa mantu. Liripun jaman kawuri kagem ngawekani yen tamu ingkang rawuh kathah. Nanging ugi kepara malah saged dados pratanda bilih ing mriku wonten ingkang kagungan kersa. Kejawi saking punika ngendikanipun para pini sepuh bilih pasang tarub satunggaling adat ngawekani dhatengipun bab-bab ingkang boten prayogi, mila tarub ugi dados satunggaling srana talak balak.
Manut crita kina pasang tarub dados pratanda nyuwun dumateng ingkang jagi lingkung utawi papan mriku kawentaripun dipun sebat ingkang mbaureksa, kanthi pangajab murih tumut ngrencang-ngrencangi. Nanging ugi wonten ingkang kagungan pemanggih dados srana anggenipun nyuwun dumateng ‘Ki Jaka Tarub’ supados kersa mbantu sarta jagi anggenipun kagungan kersa  murih papan wau saged cekap(amot)  lan mboten nguciwani anggenipun nampi para tamu.
Kejawi saking punika pasang Tarub. asring wonten ingkang ngagem petang utawi tetimbangan ingkang sipatipun dipun wastani  “saat”.  Dene tetimbangan wau lajeng kados-kados dados paugeran awit dinten lan wancinipun dados pathokan, lan wonten bab sanes, kados contonipun yen sareng naasipun kulawarga. mila pinanggihipun unik. Dene tetimbangan kula ingkang baken; dinten lan wekdal saged disengkuyung dening sanak sederak punapa boten, nuwun semu punika kula. Ingkang tentu kemawon boten nilar paugeran Jawi, awit wewujudan tarub wau estu damel regenging papan, kepara damel aguning budaya Jawi, sarta saged damel kajen kelingan kang kagungan kersa
Pasang tarub punika saking masang tratak dan bleketepe, serta pasang tetuwuhan. Dene Tetuwuhan punika kapasang kagem regol mlebet medalipun tamu.
Tutuwuhan ingkang dipun agem werni-werni, ingkang awujud who-wohan ( biji ), wit-witan, ingkang kapilih dados lambing punpa ingkang dados pangajabipun ingkang kagungan kersa. Kadosdene
  1. Pisang Raja Ayu
  2. Kelapa ganding
  3. Tebu wulung
  4. Pari lan cantle
  5. ron-ronan ;  keluwih,ringin dan kroton lsp
Pasang “Tratak”
Jaman kawuri tratag dipun damel saking “kepang” nginggilipun katutup “bleketepe”. Bleketepe punika ; nam-naman ron klapa. Nanging samika  tratak umumipun dipun gantos  tenda.
Tratak pinggiripun paringi “janur kuning”. Dene masangipun paugeranipun kadamel mlengkung, werdinipun amayungi.  Dene tembung “janur” ngendikanipun mengku werdi saking ‘jan-nur’, tegeseipun  ‘jan’ saking tembung “jane”  dene  ‘nur’ cahya. Mila werdinipun Cahya ingkang nyata, utawi terang sanyata. Dene werdinipun masangan janur kuning dados lambang tetenger ing wanci punika ing mriku wonten manten.( Yen wis ana janur kuning  mlengkung sira aja wani ngganggu wanita iku)
Salajengipun punapa kemawon uba rampe kagem damel tarub
1. Damel  “kajang” utawi tratak, cagak saking deling ampel utawi wulung (pring), lan payon kadamel kepang , nginggil dipun sukani nam-naman “bleketepe”, pinggiring tratak dipun rengga janur kuning kapasang melengkung.
2. Tetuwuhan, kapasang ing ngajeng / regol ‘pintu masuk’. Tetuwuhan punika saking pisang raja, cengkir gading, tebu  wulung, pari lan cantel, ron  kluwih, ron kruton lan ron ringin. Miturut gotheking ngakathah sedaya wau kapilih mengku pralampita, satunggaling pangajab saking kang kagungan damel
3. Werdinipun Pisang raja” kapilih kang sepuh, wonten kalih tundhun” . kang werdinipun  lambang pangajab ing tembe para putra kagungan watak/sipat kados raja ingkang berbudi bawa laksana, lan tansah dipun pitados tiyang kathah, sarta tansah mranani, kejawi saking punika mugi gesangipun lare kados dene pisang “rila pejah yen sampun wonten wohipun”
4.  “Pari wulu”  kalih unting’ utawi cantel (salah satunggal) lambang sang pinanganten kathah rejeki, boten kekirangan.
5. Klapa ganding ‘2 janjang’. Lambang ing tembe pinangantin saged gesang  ing pundi papan, sarta saged migunani gesangipun mligi brayatipun sumrambah tiyang sanes
6. Tebu wulung’ 2 batang, kapasang kiwa tengen regol wau pinangka tolak balak, nanging ugi dados lambing mantepaning manah anggenipun kagungan kersa. Kejawi saking punika pangajabipun pengantin ing tembe gesang ipun sampun namung pados manisipun kemawon, kadosdene pepatah “habis manis sepah dibuang”
7.  Ron keluwih’, dados lambang supados ing tembe wingking gesangipun saged tansah ‘linuwih’ , sarta gesangipun saged kacukupan ; bab raja brana sarta  derajat dsb
8.  Ron ringin, mengku werdi gesangipun sageda dados payunging kulawarga, sumrambah  dateng masyarakat sakiwa tengenipun. ( nuwun sewu boten malah damel kapitunan )
9. Ron kroton / puring, kejawi dados tolak bala mligi roh alus ingkang badhe ngganggu kawilujenganpin sarta badhe njugaraken sesambetanipun bebrayan
Mila tarub satunggaling pratanda pasang tolak balak sambet anggenipun  kulawarga badhe kagungan kersa mantu. Dene janur kuning kang mlengkung dados lambang bilih lare putri putranipun bapak ( N ) sampun wonten ingkang mengku. Mila pasangipun kedah melengkung mengku werdi ngrengkuh.
Makaten sawantawis bab tatacara adat Jawi pasang tarub
BAB UPACARA PANGGIH PENGANTEN
GAGRAH NGAYOGYAKARTA
Pepanggihan wanci punika badhe kula aturaken mligi:
  1. NDUDHAH WIGATOSING UPACARA PANGGIH
  1. LAMPAHING ADICARA PANGGIH
Ngemuti bilih kabudayan Jawi estu luhur, liripun mengku sasmita, kebag ing pralampita, awit kebag ing pitutur utawi piwucal luhur kang sinandi. Ingkang tlonjongipun amargi kawios saking pangandikan utawi pangajab ingkang kagungan karsa, boten sanes murih sageda  sami manggih kabegjan, gesang kang utami
Dene Adat upacara panggih penganten punika pancen boten sami antawisipun daerah satunggal lan satunggalipun, kados dene gagrak Ngayogja kaliyan gagrak Solo, sarta daerah sanesipun, semanten ugi uba-rampenipun, sarta lampahing adicara. Pemanggih kula, sedaya wau ingkang dados sumber boten sanes saking kraton, utawi ingkang kagungan panguwaos wedal semanten. Mila gagrak Yogja ugi saking Kasultanan Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat, semanten ugi gagrak Solo saking kasunanan Kraton Surakarta Hadiningrat.
Nanging ingkang badhe kula aturaken, mligi upacara panggih gagrak Ngayogya, ingkang sampun sumebar sarta mekar sak jawining kraton. Kepara sampun dados paugeran saking para empu ingkang sami pinitados
Dene upacara Manten kula pilah dados kalih perangan inggih punika:
  1. A. Upacara sangajenging tarub
  2. Purwakaning upacara: Manten kakung lan pangombyong yen dumugi ngajeng Tarub kendel, lumarape Sanggan ingkang dipun aturaken Rama-Ibu Manten Putri, kang werdinipun; atur wuninga bilih Manten kakung sampun rawuh, mila nyuwun palilah enggal kersa manggihaken  putranipun putri.Yen sanggan sampun katampi, tumuli penganten putri kaboyong medal, dipun purwakani medalipun kembar mayang. Dene padatan kembar mayang kasenggolaken penganten kakung nembe kembar mayang dipun bucal, werdinipun mbucal sesukeripun saha paring pambiwara, yen wanci punika wonten manten .
  3. Balang-balang suruh / sadak: ( manten putri  3, kakung 4 ) yen sampun sami aben ajeng ( 2-3 m) lajeng sami balang-balangan. Werdinipun mengku pralambang anggenipun sami kapang (kesusu weruh)
  4. Wijikan, Manten putri mijiki maten kakung wonten ranupada, kanthi ngguyur toya sritaman 3 X.  Werdinipun dados tanda anggenipun nucekaken  Kakungipun, awit badhe mlebet / ngadani upacara ingkang langkung wigati utawi suci, ugi saged dipun wastani tanda tresnanipun ingkang putri.
  5. Mecah tigan ayam: Salajengipun manten jumeneng aben ajeng, tumuli Nyi Sembaga mundut tigan kathuthukan larapan maten kekalih, tumuli tigan kapecah / kabanting. Werdinipun dados tandha anggenipun pecah pikiranipun badhe manunggal, lan sageda saged numusi wiji dadi. Salajengipun penganten kekalih kaboyong mlebet
B. Upacara ing nglebet dalem
Manten dipun dherekaen mlebet dening Ibu pengaring, lan pangombyong  Dene Urutaning lampah upacara :
1)     Tampa kaya; Manten Kakung maringi guna kaya manten putri, Werdinipun kakung maringi guna kaya kang kasuntak kanthi tuntas kagem sisihanipun kang dipun tresnani, mila lajeng dipun bundheli, nanging tumusing manah tasih dereng pitados, mila lajeng katitipaken Ibunipun.
2)     Dhahar klimah: Kakungipun mundut sekul kakepel 3X, kaparingaken ing lancaran kang kaasta manten putri, lajeng kadhahar sisihanipun piyambak, kang kakung namung mirsani kanthi mesem… bingah. Lajeng sami wijik, lan ngujuk sesarengan.
3)     Sungkeman, yen besan badhe rawuh, prayogi dipun papak, yen sampun lenggah nembe sungkeman. Sepisanan sungkem tiyang sepuhipun putri, lajeng sungkem tiyang sepuhipun kakung ( besan)
Adicara punika mligi yen mantenipun prawan kaliyan joko. Awit yen randha asal joko, lan sewalikipun, sarta tasih wonten sambet sederek, pranataning adicara boten sami. Kejawi punika yen putra manten putri mbajeng, asring dipun adani langkung rumiyin ngunjuk rujak degan, werdinipun pinangka pambuka tumuruning wahyu penganten ing kulawarga. (ingkang mbikak margi / bukak dasar )
Makaten sawentawis adat upacara Panggih Manten gagrah Ngayogjakarta. Ingkang sampun dados paugeran
Atur Cecala bab Uba rampe upacara panggih, Ing Ngajeng Tarub:
  1. Sanggan (pisang raja setangket, ganten, sekar setaman, lan lawe wenang
  2. Gantal. suruh kalinting isinipun; gambir lan apu katangsuli  tali lawe
  3. Ranupada ( lemek kagem mijiki suku ) lan siwur
  4. sekar setaman ( mlathi, kenanga lan mawar )
  5. tigan ayam kampung
Uba rampe upacara, Ing nglebet utawi ing pedaringan
  1. Kagem tampa kaya; inggih punika:
v     arta receh, cacah jangkep, saking kang alit dumugi ageng piyambak)
v     biji-bijian ( wiji = winih) ingkang saget tuwuh;dele, tholo, kacang ijo, beras,  jagung lan sanesipun.
v     empon-empon: dlingo bengle
v     sekar sritaman,
v     Kacu wadha kagem wadah guna kaya wau.
v     Kagem dhahar klimah: sekul kuning, kanthi lawuh ati ayam kapindang antep, saged dipun pepaki upami ngagem lalapan, lan sanesipun
v     Piring kagem dhahar, Wijikan lan serbet / kacu
v     Unjukan pethak / teh ( lan rujag degan yen perlu )
Gendhing ingkang dipun agem:
  1. Gendhing Bindri : kagem ngiringi rawuhipun maten Kakung
  2. “Ladrang Penganten Pl Barang= kagem upacara wiwit balang-balang dumugi kabotong mlebet dalem
  3. “Ladrang “Ganti Wibawa Pl Barang, utawi kidung Dhandhanggula penganten kagem upcara kacar-kucur lan sungkeman.
UPACARA PANGGIH PENGANTEN GAGRAH SOLO
Cekaking rembag: Nglajengan punapa sampun  iaturaken rikala Minggu kapengker,  upacara panggih gagrak Ngayogyakarta. badhe kula sambet kados pundi yen gagarak Solo, lan ing pundi bedanipun. Nuwun sewue ingkang kula aturaken punika, mligi tata ados adat kabudayan sakjawining kraton ingkang sampun dipun tangsuli dening paugeran-paugeran, kepara sampun kekahaken dados paugeran umum,
Upacara sangajenging tarub
Panataning pangombyong (pormasi barisan) Maten kakung
  1. Cucuk lampah (ingkang pinangka wakil keluwarga)
  2. Sanggan
  3. Kembar Mayang sepasang
  4. Maten kakung lan 2 ; pengaring Kakung
  5. Pangombyong (kulawarga, warga sanesipun. Tiyang sepuh boten tumut )
Panataning lampah (pormasi barisan) Maten Putri
  1. Cucuk lampah,
  2. Putri Domas ( Penari gambyong,yen perlu ngagem )
  3. Kembar Mayang sepasang
  4. Maten putri lan 2; pengaring Putri
  5. Tiyang Sepuh.
  6. Mligi warga nunggal bapa biyung ( boten perlu  perlu pengombyong)
Tata rakiting upacara
  1. Manten kakung rawuh dipun purwakani gending Kebo Giro ( monggang)
  2. Rombongan dumugi ngajeng Tarub, kang ngasta sanggan lajeng mlebet ( kados Yogja). tumuli Rombongan Manten putri medal .
  3. Litunan Kembar Mayang, kembar mayang saking kakung kacaosan keluarga, samangke kapajang sakiwa tengening dampar rinengga / pedaringan. Dene kembar mayang saking putri kabucal wonten jawi ( prapatan)
  4. Balang-balang sadak ( namung kaping sepisan)
  5. Manten Kakung ngidak tigan ing ranu pada
  6. Manten putri mijiki sukunipun.
  7. Manten kaboyong mlebet ngadani adicara kacar-kucur. Nalika mlebet maten kekalih dipun kemuli sindur, Ibunipun. Werdinipun tiyang sepuh  nggendhong kekalih putranipun, Mila cakcakanipun Ramanipun wonten ngajeng maten, dene maten kekalih sami nyepengi bangkejan ramanipun, Ibunipun wonten wingking maten kaliyan nyepengi sindur ingkang dipun kemulaken, lanjeng mlebet, dipun rumiyine embar mayang saking kakung wau. Ingkang dipun pandegani cucuk lampah.
  8. B. Adicara kacar-kucur:
1)     Upacara timbangan, tumindakipun: Ramane Lenggah, lanjeng maten sami dipun pangku pupu  kiwa tengen  ramanipun. Tumuli Ibune nyuwun pirsa:”Abot endi Pak?” Ramanipun paring wangsulan: “Padha wae “
2)     Upacara Tandur:: bibar mangku Ramanipun lajeng jumeneng, tumuli manten kekalik pundhakipundipun cepengi asta kiwa tengen lajeng kalenggahaken (katuncepaken) mimba tiyang tandur
3)     Upacara Tampa Kaya, sami Yogya
4)     Dahar Klimah, tumindakipun manten kakung mundut sekul kakepel kaping tiga, dipun paringaken piring ingkang dipun asta manten putri, lajeng sami dipuin dhahar sesarengan (Kembul dhahar) lajeng wijik, lan ngujuk sarengan.
5)     Yen manten putri bajeng, lajeng diun adani ngunjuk rujag degan, tumidakipun: Ibu maten mundut rujag degan, kacaosaken garwanipun, yen sampun diujuk, sisihanipun nyuwun pirsa: ” Piye pak rasane?
6)     Garwanipun mangsuli:”wah seger sumyah, lajeng rujak dipun suwun Ibunipun, lajeng kaunjuk, kanthi manthuk-manthuk, lajeng dipun paringaken putra manten kekalih, supados ugi ngicipi unjuk.
7)     Sungkeman, dipun purwakani metuk besan, yen sampun lenggah, lajeng dipun purwakani sungkeman, caranipun kados Yogya.
Wigatinging rembag
  1. Yen sungkeman: prayogi keris boten diagem, yen sampun rampung sungkeman keris dipun agem malih
  2. Adicara Panggih Manten gagrah Yogya lan Solo betenipun. antawisipun:
1)     ngajeng tarub gagrak Solo; linton kembar mayang, balang-balang suruh namung mbalang kaping 1 X, Lajeng ngidak  tigan, nembe wijikan. Mlebetipun penganten dipun kemuli sindur Ibunipun
2)     Gagrak Yogya, boten wonten linton kembar mayang, balang-balangan suruh kaping 3 lan 4, lajeng Wijikan, tigan dipecak/dibanting.
3)     Upacara kacar-kucur,:
  1. Yogya:  boten wonten, timbangan ( trajon lan tandur ).
  2. Yogya, ingkang dhahar namung  manten putri. Yen Solo kembul dhahar
3. Yen manten bajeng, gagrak Yogya ngunjukipun rujag degan bibar upacara kacar-kucur, saderengipun kacar-kucur. Yen Solo saderengipun kacar-kucur
Makaten sawantawis gambaran upacara panggih manten gagrak Solo, pramila kula aumanggakaken. Nuwun
Cathetan: Gendhing ingkang dipun agem:
  1. Gendhing Kebo Giro utawi Monggang kagem Maten kakung rawuh
  2. Kodhok Ngorek kalajengaken Ktw Laras Maya upacara panggih dumugi kalenggahaken. Kalajengaken Ladrang Mugi Rahayu kagem ngabekten
TANTINGAN                    =  putra dalem Kakung,
PANANTUNAN               = putra dalem PUTRI
Macul tumpeng                = Putrine luwih tuwa
medot lawe                      = tasih misan
Ancik-ancik pipisan        = sepupu ( sak Eyang )
Nyecek mawa ( bugel)    =  yen kakunge wis tau krama
Santren, 3 April 2008
R.Suwardanidjaja
BAB UPACARA SANES  SAMBETIPUN KALIYAN UPACARA PANGGIH MANTEN
Upacara Maten
Upacara Maten, ingkang kedadosanipun  sambung-sinambung kados ingkang sampun nate kula aturaken antawisipun bab: ­    Nontoni,­    Lamaran, lan asok tukon,­    Siraman lan Nyantri sarta Midodareni.­    Ijab,­    Upacara panggih
Kejawi punika ugi wonten upacara ingkang LANGKAHAN, kang dados tetimbangan inggih punika:
  1. Yen Nglangkahi           : kasebat Upacara langkahan dipun adani umumipun nalika wanci malem midodadreni
  2. Yen Putra bajeng        : kasebat Upacara  bubak kawah ( dipun adani sasampunipun upacara ing ngajeng tarub, lan saderengipun upacara  kacar-kucur )
  3. Yen Putra Wuragil    : kasebat Upacaara  tumplak Punjen ( diadani sasampunipun upacara upacara panggih purna_
Dene yen ngemuti  jaman semanten, upacara panggih dipun bedakaken yen kawontenanipun putra-putra penganten kados antawisipun:
Upacara panggih yen Prawan kaliyan Jaka ingkang mastani tigas kawuryan, dene yen putra manten putri mbajeng dipurwakani Tiyang sepuh ngunjuk rujag degan. Dipun wastani “BUBAK KAWAH”.  Ingkang sampun nate kula aturaken. Ingkang werdinipun Upacara punika  mbok menawi punika mendhet saking berkahipun Kyai Ageng Pemanahan nalika angsal gaibing Pangeran yen badhe nurunaken dat ratu kang pinunjul, karana ngunjuk deganipun ki Giring,  Mila ing upacara Panggih tiyang sepuh sami ngunjuk toya degan ugi putra penganten, pamrihipun ing bejang putranipun saged gadhah turun ingkang luhur utawi dados priyagung, ingkang gesangipun boten kekirang (ingkang umum sami mestani ngunjuk rujak degan)
Upacara panggih Prawan asal jaka lan tasih naning tasih sederek piyambak, dene manut silsilah kang estri langkung sepuh, upacaranipun ingkang kakung saratipun  inggih punika  macul tumpeng kanthi mancik sak nginggiling pipisan, tumuli kalajengaken nrajang lawe wenang.. lajeng nembe dipun adani upacara panggih. Nanging yen kakungipun langkung sepuh, manten nrajang lawe wenang, mboten ngangge macul tumpeng
Upacara Prawan kaliyan Dhudha kembang. Dene pangrakiting upacara inggi punika ; saderengipun upacara panggih dipun acarani manten putri nyiram bugel ( tumper) ngagem toya wonten ngajeng tarub, dados saderengipun upacara panggih. Werdinipun, manten putri arsa nampi lan adhe memper, nyirep punapa ingkang sampun nate dipun lampahi dening manten kakung duk semanten, inggih klebet kekajengan, kareman utawi watakipun
Upacara Randha kembang kaliyan Jaka, dene upacaranipun sami, namung ingkang nyiram toya ingkang kakung
Cekaking rembag: Upacara  panggih jatosipun mengku werdi ingkang luhur, liripun pinanggihipun lare kekalih antawisipun jaler lan estri, ingkang nyuwun donga lan pangestu sedherekipun lan tangga tepalih, kanthi paring paseksen bilih titiwanci punika lare kekalih sami ngepyakaken anggipun badhe sami tembayatan inggih menika mbangun bale griya murik ing tembe brayat sami manggih rahayu nir ing sambe kala. Kanthi makaten murih lancaripun upacara layeng dipun tata, lan dipun acarakaken, ing mriki lahiripun tata upacara panggih
Mila nuwun sewu yen badhe damel ada-ada piyambak inggih mangga, nanging ingkang jangkep, tegesipun runtut. Nuwun sewu upami ngagem busana model muslim inggih mangga, nanging yen dipun tata upacara sampun ngagem upacara Jawi inggih gagrak Solo utawi Ngayogja. Nuwun sewu kula mastani punika nama ngrisak kabudayan ingkang adi luhung.
Dene Bab Upacara tumplak punjen prayogi dipun rembag ing wedal sanes. Wusana matur nuwun
dening R.Suwardanijaya