Dina iki ibu blanja akeh banget amarga sesuk arep kepanggonan arisan PKK. Rencanane tamu arep disuguhi soto. Sepisanan sing dijujug yaiku panggonan dodolan daging ayam. Sawise oleh ayam banjur goleki panggonan sing dodol bumbon. Ora lali uga tuku jeruk kanggo buahe. Wah jebule menyang pasar iku nyenegake bisa ngerti meneka wernane dagangan lan uga ngerti carane bakul-bakul kang nawakake dagangane. Barang-barang ing pasar mau regane uga murah-murah.
Dina iki ibu blanja akeh banget amarga sesuk arep kepanggonan arisan PKK. Rencanane tamu arep disuguhi soto. Sepisanan sing dijujug yaiku panggonan dodolan daging ayam. Sawise oleh ayam banjur goleki panggonan sing dodol bumbon. Ora lali uga tuku jeruk kanggo buahe. Wah jebule menyang pasar iku nyenegake bisa ngerti meneka wernane dagangan lan uga ngerti carane bakul-bakul kang nawakake dagangane. Barang-barang ing pasar mau regane uga murah-murah.
Contoh Layang Pribadi Kanggo Pak Dhe / Bu Dhe
Lamongan, 8 April 2013
Katur
Pak Dhe/Bu Dhe
Ing Dalem
Surabaya
Ingkang sembah pangabekti.
Sesarengan surat menika ingkang putra ngaturi kabar, bilih bapak lan ibu
saha adik-adik pinaringan wilujeng. Ingkang kula suwun Pak Dhe lan Bu
Dhe inggih semanten ugi.
Pak Dhe lan Bu Dhe, benjang liburan tanggal 20 Mei 2013 liburan semester
2 , kula badhe liburan dateng dalemipun Pak Dhe lan Bu Dhe kaliyan
adhik-adhik. Dene menawi Pak Dhe lan Bu Dhe kagungan wekdal kula
dipunteraken dateng Owabong.
Wasana cekap semanten menawi wonten kelepatan atur kuala nyuwun pangapunten
Sungkem Kula
Sunarsih
Carane gawe Layang
1. SATATA BASA : Alamate layang bisa katulis pojok tengen utawa kiwa ing dhuwur.
2. ADANGIYAH : Tembung pamuji rahayu upamane :
a. Rinengga sugenging pakurmatan.
b. Tansah winantu suka basuki.
c. Katentreman lan karahayon
d. Winantu ing bagya mulya.
e. Sembah sungkem.
3. PURWAKA : Nelakake kabar kaslametane kang kirim layang lan pangarep – arep supaya kang dikirimi uga slamet.
4. SURASA BASA : Isine layang, kekarepane layang.
5. WASANA BASA : Pungkasaning layang, tuladhane :
a. Cukup semene dhisik liya wektu disambung maneh.
6. TITI MANGSA : Nelakake wektu panulisaning layang.
Lamongan, 8 April 2013
7. PEPRENAH : Asale layang saka sapa tuladha :
a. Saking ingkang putra
b. Bapakmu ing omah
c.Adhimu saka paran, lsp
8. TAPAK ASMA / TANDHA ASMA : Tanda tangan kang gawe layang.
9. ASMA TERANG : Asma terang sing gawe layang.
Teks Pacelathon
Angga : “Kulanuwun…..Kulanuwun…..Kulanuwun”
Swara saka njeo : “Mangga,,,mangga.” (Bu Aniq)
Angga : “Kulanuwun Bu.”
Bu Aniq : “Mangga,,, O…. Mas Angga, Ana apa kaya penting nemen sore – sore sowan rene.”
Angga : “ Nyuwun sewu Bu, badhe sowan Bapak menapa wonten dalem?”
Bu Aniq : “Kene,, kene mlebu dhisik, dikepenakake lungguhe, ibu daksalin dhisit.”
Angga : “Inggih Bu, Maturnuwun.” (sinambi lungguh)
Bu Aniq : “ Saiki Pak Akbar lagi ana Cacaban
nunggoni siswa – siswine sing padha kemah. Ana apa mengko dakaturake.”
Angga : “Inggih Bu, sowan kula ngriki
dipunutus Pak Fahmi, Bapak mangke ba’da sholat Isya dipunaturi rawuh
wonten dalemipun saperlu walimahan anggenipun badhe nikahaken
putrinipun.”
Bu Aniq : “Lho, putrine sing dinikahake sing endi ?”
Angga : “Mbak Dinda ingkang nyambut damel wonten BRI.”
Bu Aniq : “Wah pancen putra – putrine Pak Fahmi
pinter – pinter, nalika padha dadi mahasiswa – mahasiswi sinaune tekun
ora ana sing reka – reka. Mula saiki padha oleh pegawean sing kepenak.
Mulane Mas Angga sinaune sing sregep, tekun, supaya mengko gampang luru
pegawean. Oh ya iki sing diaturi sapa bae ?”
Angga : “ Inggih Bu. Kathah ingkang
dipunaturi warga RT 11 kaliyan 12 dipunaturi walimah sedaya. Bokbilih
cekap semanten, nyuwun sewu mangke dipunaturaken Bapak.”
Bu Aniq : “ Iya…..,mengko dakaturake Bapak.”
Angga : “Inggih Bu, maturnuwun. Kepareng nyuwun pamit.”
Bu Aniq : “Iya, ngati – ngati.”
Dongeng Bhs jawa : Kancil Nyolong Timun
"Kancil Nyolong Timun Pak Tani" |
Sawijining dina Kancil mlaku-mlaku ana ing pinggir alas. Ora krasa lakune tekan kebonan timun duweke Pak Tani. Nonton ana timun ijo-ijo kang seger, Kancil dadi luwe. Amarga luwe Kancil banjur mangan timun siji-siji sampe wetenge wareg. Sawise krasa wareg Kancil banjur mulih alas. Saben dina Kancil nyolong timune Pak Tani. Suwe-suwe Pak Tani krasa menawa timune saya kelong sithik-sithik.
Pak Tani banjur mriksa sapa sing nyolong timune kuwi mau. Bareng wis dipriksa lan ngerti menawa sing nyolong timun iku Kancil, Pak Tani gawe jebakan kanggo Kancil. Pak Tani gawe wong-wongan kang diwenehi pulut nangka lan di pasang ana ing kebon timun.
Esuke Kancil mara maneh ana kebon timun, kancil kaget ana wong ing tengah kebon timun. Kancil banjur mlayu, tapi bareng krasa ora dimeloki kancil mandeg. Kancil mara maneh. Bareng cedhak Kancil ngguyu dewe amarga iku mung wong-wongan.
Kancil sing rumangsa diapusi terus ngantemake tangan tengene ing wong-wongan kuwi mau, tangan tengene dadi kelet ora bisa diuculi. Kancil banjur ganti ngantemake tangan kiwane ana ing wong-wongan. Tangan kiwane uga dadi melu kelet ana ing wong-wongan. Kancil nesu rumangsa di cekel karo wong-wongan, banjur nyepak sikil kiwa lan sikil tengene ana ing wong-wongan. Saiki Kancil wis ora bisa obah, tangan loro lan sikil loro tumemplek raket ana ing wong-wongane Pak Tani.
Pak Tani wayah sore mara ing kebon timune weruh Kancil tumemplek raket ana ing wong-wongane .Kancil dikancing ing kandhange Pak Tani.
Ing jero kandhang wayah bengi Kancil dicedhaki kirik ingon-ingonane Pak Tani lan ditakoni ngapa kancil kok onok neng kandhang . Kancil banjur cerita manawa deweke arep didaupake karo anake Pak Tani, makane saiki ana kono. Kirik kuwi mau rumangsa srei lan nesu.
Ing jero ati Kancil ngguyu banjur nerusake ulahe, Kancil nawani apa Kirik gelem nggenteni ana jero kandhang lan didaupake karo anake Pak Tani? Kirik seneng banget ditawani ngijoli Kancil sing arep didaupake anake Pak Tani kuwi mau. Ora nganggo mikir dawa maneh Kirik kuwi banjur nguculi Kancil saka jero kandhang lan deweke ganti mlebu kandhang dikancingi Kancil.
Kancil banjur mlayu, ing jero ati bungah banget bisa ucul saka kandhange Pak Tani sing mesthi ucul saka bebaya.Ing kandhang , Kirik ngenteni karo ngguya-ngguyu rumangsa seneng atine arep didaupake karo anake Pak Tani. Pak Tani sing mbukak kandhang esuke kaget baget ngerteni sing ana jero kandhang mau Kirike dewe. Pak Tani nesu banjur gebugi Kirik sing ana ing jero kandhang kuwi mau sampek tatu kabeh. Tamat