Sinopsis cerkak.
Kaca Mata
Nalika
srengenge sumelet, ana ing wayah awan mbah Patono mecah kasepen lan ngudal
uneg-uneg karo sing jenenge Sas.
Mbah
Patono nalika ngrembag babagan kaca mata batin, Sas kelingan marang lelakone
nalika dheweke ketindihan motor, nabrak trotoar. Ananging sakbanjure iku
dheweke ora kelingan kedadehan kang wus kelakon amarga pingsan. Sakwuse iku
ngerti-ngerti wis ngathang-ngathang ana rumah sakit. Nanging kejoting jantung nalika
weruh wanita kang ana ing sanding Sas. Jantunge banter kejote amarga nahan ati
gemeter. Wong wadon kang ana ing sanding mau satleraman kaya wog wadon kang
ditresnani kang wus ngilang ninggalake dheweke.
Wong
wadon kang ana ing sandinge Sas banjur ngenalake awake marang Sas, jenenge
Arum. Arum iku wanita kang ngrawat Sas, kerjaane yaiku dadi perawat.sak banjure
iku Mbah Patono balik mbuyarake lamunane Sas, mbah Patono nguwenehi kaca mata
kang ditukokake putune marang Sas, amarga miturut mbah Patono dheweke wis kudhu
ganti kaca mata kang anyar. Kaca mata mau dadi warisan saka mbah patono kang
kudhu dijaga marang Sas. Amarga sakbanjure iku mbah Panoto seda.
Sedane
mbah Panoto dadi jalaran Sas lan Arum ketemu maneh. Arum sing dadi putune mbah
panoto, nalika ana ing makam ketemu karo Sas. Sas lan Arum saya suwe saya
rumaket lan pinatri ing sambungan katresnan nganti pungkasane dheweke padha
mbangun balai wisma.
0 Response to "sinopsis cerkak kaca mata"
Posting Komentar