Nama : Iánatul Khikmah
NIM : 2601413074
Rombel : 03
Apa-apa kok Petruk
Petruk kelingan kepriye deweke
nganti bisa dadi raja. Ing ceritane, bendharane yaiku Abimanyu lagi gerah.
Abimanyu dadi lantaran, sing besok bakal marisake dampar (tahta) Palasara, pendiri
Astina, marang Parikesit, anakke. Bebarengan karo gerahe Abimanyu, wahyu telu
sing di dhuweni pada lunga, yaiku wahyu Maningrat, sing nyebarake benih
keratuan, wahyu Cakraningrat, sing bisa jaga awake nalika dadi ratu, lan wahyu
Widayat, sing bisa nglestarikake uripe nalika dadi Ratu. Telung wahyu iku mau
bisa dunung marang awake. Panjenengane
akhire bisa dadi raja ana ing negara sing dijenengake Lojitengara. . panjenengane
aweh gelar Prabu Wel-Geduwel Beh!. Supaya bisa kukuh dadi raja, ing kono panjenengane
butuhake damper kerajaan Astina, warisan Palasara. Petruk merintah patih lorone,
Bayutinaya (titisan Anoman) lan Wisandhanu (titisan Wisanggeni, anak Arjuna), supayane
nyolong tahta Palasaran iku.
Utusan
kekalih iku akhire bisa gawa bali tahta palarasan. Prabu Wel-geduwel Beh nyoba
lungguh ana ing dhuwure. Nalikane duduk, panjenengane kejungkel. Panjenengane
nyoba kanthi terus-terusan. Sang Prabu akhire nyerah lan intuk nasihat saking
penasihat kerajaan supayane panjenengane ora kejungkel, panjenengane kudu bisa
ngintukake boneka sing bisa dililing.
Petruk bali
ngakon utusan kekalihe, Bayutinaya lan Wisandhanu supaya golekake boneka sing
dimaksudke mau. Tanpa oleh rintangan sing jelas, utusan kekalihe bisa gawa
boneka iku. Bonekane yaiku Abimanyu sing lagi gerah. nalika dipangku Prabu
Wel-Geduwel Beh, Abimanyu bisa waras. lan Abimanyu ngendika, "Kowe ora
bakal bisa lungguhi tahta kuwi, yen kowe ora gelem mangku awakku”.
"Nalika
iku aku lagi ngerti yen aku iki namung kawula. Lan aku sadar, aku bakal tetep
dadi kawula, ora mungkin yen aku bisa lungguhi tahta dadi raja. Tugasku namung mangku
raja, supaya panjenengane bisa nglungguhi tahtane. Tuanku Abimanyu bisa lungguh
ana ing tahta raja amarga aku sing mangku panjenengane. Mula raja ora bakal
bisa dadi raja, yen ora dipangku marang kawula, rakyat jelata kayak aku iki",
ujare Petruk karo ngeti lemah sing ana ing ngarepane.
biyen petruk ora ngerti, kepriye wahyu telu iku bisa lunga saka bendharane lan dunung ing awakke. Saiki petruk ngerti, wahyu sejatine lunga namung sadelok. Lungane karepe nitik, niliki sapa sing mangku wong sing kedunungan wahyu. Wahyu iku ora asal dunung. Wahyu iku bakal dunung ing awake wong sing pantes kedunungan, lan wong sing layak iku kudune wong sing dipangku marang Petruk, sang rakyat lan sang kawula iki. Mula sak banjure ngerti, yen petruk sing mangku Abimanyu, wahyu kuwi mandeg anggone nitik lan telu-telune balik ana ing awake Abimanyu.
Ana ing
ngarep lemah iku, pikirane petruk ora karuwan. panjenengane sedih nalika eling
gugure Abimanyu ing Perang Bharata Yudha. Petruk sing nggendong jenazahe
Abimanyu. Petruk barang sing wus bakar mayat Abimanyu tumuju alam Mokshaya.
"Aku iki namung rakyat. Sing pancen hina iya awakku iki, namung aku sing
bisa ngeterake Sang Raja tumuju alam kesempurnaanne. Tekan ana Moksha, raja iku
gumantung marang kawula. Namung rakyat
sing bisa nyempurnakake uripe raja, nganti kelek panjenengane adep-adepan karo
akhirate", ujare Petruk.
"Pancen,
kawula, sang rakyat iki sing ana ing sepanjang zaman. Raja iku ora bakal abadi,
panjenengane anduweni tahta namung ing masane. Nalika masane wis lewat,panjenengane
kudu ninggalke tahtane (binasa). Ananging rakyat bakal tetep ana. Buktine, Aku
iki ana ing sepanjang zaman. Dadi punakawan, hamba sing ngancani penguasa wiwit
masa siji nganti masa sak teruse, yaiku nganti dina iki. Kawula iku ana tanpa
wates, ratu kuwi anane mung winates ", ujare Petruk.
Petruk tambah
sadar, sejatine rakyat iku kepriye. Namung rakyat sing bisa biyantu penguasa kanggo
nyerat sejarahe. "Mula kudune penguasa iku bisa (menghargai) kawula. Panguasa
iku kudu lelabuh demi kawula, ora malah ngrayah uripe kawula. Kwasa iku kudu
ana lelabuhane Kwasa iku namung sarana kanggo lelabuhan, kendati panjenengane
isih duwe kuasa, panjenengane ora bakal di-petung karo rakyat. Raja iku wis dudu
raja maneh,yen wis ditinggalake kawula. Sapa sing bakal mangku Raja, supaya
panjenengane bisa lungguhi tahta, yen dudu rakyat? Raja sing ora dipangku rakyat
yaiku raja sing koncatan wahyu," ujare Petruk.
Nanging Ki Petruk, kenapa akeh penguasa sing ora
mikirke kawula, ngala-ala lan ngina kawula, toh isih bisa nglungguhi ana ing
tahtane?
"Ana
ing pewayangan iya ana penguasa sing ora dipangku rakyat kayak aku iki. Panjenengane
yaiku Dhasamuka sing lalim. Panjenengane yaiku Duryudana sing serakah. Kayak ta
namung ana siji tahta Palasara, iya kayak ta namung ana siji tahta rakyat.
Duryudana duwe kuasa, nanging ora tau bisa nglungguhi tahta Palasara. Akeh
penguasa sing duwe kuwasa, nanging para panguwasa sejatine ora duwe tahta ing
dampar sing sak benere, yakni dampar rakyat iki", jawab Petruk.
Ujug-ujug Petruk krungu, lemah sing ana ing ngarepe nembang.
Tambah suwe tambah banter nganti dadi Tembang Panitisastra: jaman biyen lemah
iku alase macan. Macan celathu, yen alas ora di jaga bakal dibabat karo manungsa.
Lan alas uga ngomong, yen macan ora tak jaga,lan lunga saka aku, mesti bakal ditangkap karo
para manungsa. Akhire macan lan alas pada binasa. Macan sing ora ning alas di
buru manungsa, Alas sing tanpa macan uga bakal dibabat manungsa.
"Raja lan rakyat kudu padha wengku-winengku, padha rangkulan, kayak ta macan karo Alas, kayak Abimanyu lan Petruk", ngendikane Ki petruk nyenandung tembang Panitisastra.
"Raja lan rakyat kudu padha wengku-winengku, padha rangkulan, kayak ta macan karo Alas, kayak Abimanyu lan Petruk", ngendikane Ki petruk nyenandung tembang Panitisastra.
0 Response to "apa-apa kok petruk"
Posting Komentar