Nama :
Evi Wijayanti (2601413061)
Awaliatul Nur Rohmah (2601413063)
Fitrotun
Najah (2601413069)
I’anatul
Khikmah (2601413074)
Aditya
Deni (2601413085)
PENGALAMAN
PRIBADI
Adegan 1
Pipit :
Vi’wis garap PR e Pak Bambang durung, sing ngenani integral?
Evi :
Waduh, PR apa sih, aku malah lali?
Pipit :
Kuwi lho 10, sing ditulis ning papan tulis wingi.
Evi :
Woo, yoo lali, kene-kene aku conteki.
Pipit :Tapi
aku iki yo salah-salahan piye. Kanggo apa olehe wong tuwamu nyekolahke yen kowe
ora bener.
Lia :
Iyo lho cah, mbok ya nek ana PR ki digarap, ora malah garap pas wayahe
pelajaran.
Denny :
Mbok ya, sekolah sing bener
Pipit dan Evi :
Iya, kene ngerti kok.
(Bu I’an rawuh )
Bu ián : Assalamuálaikum,
Murid :
waálaikumsalam
Bu ián :
sugeng enjang,
Murid :
sugeng enjang bu,
Bu ián :
sugeng kepanggihan malih
Murid :
inggih
Bu ián :
Para Siswa dinten menika materinipun babagan mirengaken carita pengalaman
pribadi. Sinten ingkang mangertos punapa ingkang dipun wastani pengalaman
pribadi?
Pipit : pengalaman pribadi menika, , , ,
Lia : niku bu. . .
Bu ián :
Kados pundi cah?
Murid kbh :
Boten saged maparaken bu . . .
Bu ián : Pengalaman pribadi inggih menika
prastawa kang sampun dipun alami utawi dipun
lampahi minangka prastawa ingkang sedih, seneng, lucu, nggegirisi lsp.
Menawi pengalaman ingkang sahe utawi becik dipun cariyosaken saged dados kawruh
panjenengan sedaya.
Murid : oh, mekaten ta bu,
Evi : Aduh pye iki, bar iki
srtiping pelajaran matematika pak Bambang. Nek aku rak garap dadi perkedel iki.
Pipit : Yow is to, ndang cepet digarap .
Evi : Meneng – meneng ya kowe.
Deny : Li mengko kowe sibuk gak?
Lia : Ora ngerti ya den,
kenapa?
Deny : Gelem po rak? Mengko bengi
malem mingguan?
Lia : Wallah… arep metu menyang
ngendi to?
Deny : Lha pinginmu neng ndi, arep
maem apa nongkrong?
Lia : Oh iya, kan ana pasar
malem, piye yen metu neng pasar malem wae?
Bu I’an : Deny, lia yen wonten tiyang
ngendika nggih dipun mirengaken, boten gegojekan piyambak-piyambak. Cobi
jlentrehaken menapa ingkang dipun rembag kalawau?
Deny : Ngapunten bu?
Bu i’an : Inggih sampun, deny, lia,
kalawau ngrembag ngenani menapa?
Evi : Deny, lia menika pacaran
bu!
Pipit : Inggih bu leres, woo ancen
ki deny
Bu I’an : Cariyosakan deny, menapa ingkang
kalawau dipun rembag kaliyan lia mau.
Deny : Boten bu, kula mung nyuwun
pirsa ngenani PR.
Evi : Boten bu, kula kaliyan
deny wau mireng yen deny kaliyan si lia badhe malem mingguan.
Bu I’an : Deny, lia napa leres ingkang di
pun ngendikaken evi kala wau?
Lia : Emmm… (panik) inggih bu,
menika kalawau deny ngajak kula malem mingguan.
Deny : Nyuwun ngapunten bu.
Bu I’an : Nang, ndhuk prioritasipun
panjenengan niku sekolah, ya inggih kedah sinau. Boten pacaran, dolanan ingkang
dipun katah-katahaken. Panjenengan menika gadah masadepan ingkang taksih dawa.
Ampun dipun siya-siyaaken kangge bebengah ke mawon.
Pipit : Lha yo bener kuwi
ngendikanipun bu guru.
Bu I’an : Sampun-sampun, mangga kita
lajengaken piwulangan kalawau.
Murid : Inggih Bu
Bu
ián : Inggih, mangga
sareng- sareng mirengaken tuladha carita pengalaman pribadi.
SUBUR
SUBUR
Nalika iku
dina minggu, bapak lan ibu lagi tindak, aku maca PS ana ngarepan. Pakdhe kang
pidalem adoh saka kuthaku rawuh. Sawise bage binage, aku mlebu nyawisake unjukan.
Lagi ngelapi gelas, saka ruang tengah pakdhe ndangu : “Nduk, iki potrete
sapa?”, dak jelasake, iku potretku nalika ciik. Let sadhela pakdhe ngendika : “ora
ana yen kirun duwe sedulur wedok sing ayune kaya ngono.” Aku age-ege nyaut:
“pundi pakdhe?”, rumangsaku ora duwe gambar utawa potrete kirun, apa maneh
sedulure. “Lha iki, jenenge kirin”, pakdhe karo ngasto kotak kardus. Bareng dak
waspadakake gambare kridayanti ana ing kardus setlikan sangisore tulisan kirin.
“ O, menika sanes sadherekipun kirun, menika krisdayanti naming ngangge
ngrenggani kardhus wadhah setlikan menika. “Mmm, dak kira kirin ki sedulure
kirun.” Pakdhe gemreneng meh ora cetha. Nalika banyune wis umob, age-age aku
mara menyang pawon gawe unjukan kopi panas kagem pakdhe. Gulane rada dak akehi
jalaran remenane pakdhe kopi nasgitel, panas, legi, tur kentel.
Lagi wae
arep dak aturake, bapak lan ibu kondur, mula banjur dak tambahi pisan kagm
bapak ibu. Sidane piyayi telu lelenggahan ana ruwang tengah, aku mbaleni maca
alaming lelembut. Lagi tengah-tengah maca, ndadak saka ruang tengah, keprungu
ana gegeran merga unjukan kang rasane ora karu-karuwan. Aku menyang pawon dak
setitekake gulane yawis padha karo welinge ibu sadurunge tindak mau. Bareng
ditlusur-tlusur, jebule sing luput iku ibu, amarga kasesa arep tindak mau,
anggone blanja neng warung ngarep omah mung ngacungi barange karo nembung
jumlahe terus bayar. Kebeneran sing diacungi mes urea sing dikira gula pasir,
bkule ya terus nimbang ngono wae. “ wah , mulane subur-subur tenan awake dhewe
iki, lha wis dimes,”ngendikane pakdhe karo isih ger-geran.
Niku wau tuladha salah
satunggaling carita pengalaman pribadi. Kados pundi cah cariyosipun?
Pipit : Kula kedah kapengin gumuyu
bu.. .
Deny : Cariyosipun lucu bu,
Bu ián : Inggih, panjenengan dinten
menika kedah damel carita pengalaman pribadi,sak sampunipun lajeng panjenengan
majeng kangge nyariyosaken pengalaman panjenengan piyambak,mangertos?
Evi :
Mangertos bu,,
Bu ián : Nggih mpun sumangga.
Bu ián :
Sampun napa dereng?
Murid : Sampun bu,
Bu ián : Mangga majeng dipun wiwiti
saking evi wijayanti, Mangga. . . .
Evi : Inggih Bu
Adhik Kecemplung Jurang
Omahku ana desa lan dilalah lor dhewe, pinggir dhewe
alias mewah (mepet sawah). Pojok lore tan omahku ana sendhange kang kulina kanggo
ados lan ngumbahi dening warga sekitar.lan ngarepan omahku ana dalane ,mbablas
ngalor menyang jurang kang sangisore iki ana kaline lumayan gedhe. Nalika aku
kelas 5 SD, nalika adhiku lagi bisa mbrangkang.
Sawijining dina nalika ibuku arep mangkat ngumbahi
menyang sendhang, aku kang lagi super sibuk nonton film pendekar ing TV, karo
ibuku diutus ngurusi adhiku sing umbelen. Adhiku takon menyang aku “ mbak, aku
jipukno kresen?” “sik mengko wae adoh panggone” bocahe takon maneh “ ning ndi
mbak? “kana” wangsulanku karo nuding pojok lor kulon.Saya suwe film e saya
apik, amarga adhiku ora crewet aku ya dadi saya ra nggagas dheweke. Nalika
pendhekare lagi gelut, ibuku sing isih menggeh-menggeh nakoni aku,‘’lha adhine
endi, nduk? Wah jan kaya kesamber bledeg weruh adhiku wis ora mbrangkang ana
omah. Mak dheg. .aku kelingan adhiku mau takon wit kresen. Karo mlayu sipat
kuping tak trabas sawah ngarepan omahku kang lagi ditanduri jagung. Tekan
pinggir jurang aku krungu swara tangise adhiku, nanging bocahe ora katon.
“BUUUKKK,
ADHIK KECEMPLUNG JURANG!!!”
Ibuku langsung mlayu mudun jurang nubruki watu-watu
kali terus ndeprok sikile lara. Ringkese crita, mbuh amarga bar nonton film
pendekar, aku dadi kendhel rambatan ngudhuni jurang. Lan aku uga bisa narik
adhiku munggah. Saka critaku mau bisa dijupuk sawijing dudutan supaya “aja
nganti nglalekake tanggung jawab amarga kebius marang bab kang nyenengake.”
Pipit : Wahhh, lucu tenan ceritamu,
vi.
Bu I’an : Para murid pangalaman ingkang
dipuncariyosaken mbk evi, sampun sae, saged dados pambelajaran kagem kita
sedaya inggih.
Murid : Inggih bu. .
Bu ián : Para Siswa piwulangan ing
dinten menika kula cekapi semanten, dinten ngajeng kita ngrembag babagan nyemak
pawarta nggih, menawi dinten menika wonten klentu utawi lepat anggenipun
matur,kula nyuwun samudra pangaksami.wassalamuálaikum.
sugeng enjang. .
sugeng enjang. .
0 Response to "pengalaman pribadi"
Posting Komentar