Wayang TBRS saking ki nanang ha pe.
Dinten jumát kliwon, kula lan para
kanca sami siaga kangge mirsani wayang kulit wonten ing Taman Budaya Raden
Saleh. Kadose dalangipun menika saking ponorogo, Asmanipun inggih ki nanang ha
pe ( ki sindhunata ) kanthi judul wayang “Karna lan Gatotkaca “.
Dalangipun menika benten kaliyan
dalang ingkang sampun kula mangertosi. Takseh enem, gaul, lan iringanipun ing
wayang menika sampun dipun modifikasi kaliyan Alat-alat musik modern,kados ta ;
gitar, drum,lsp.
Cariyos ingkang kula mangertosi
menika kedhik sanget amargi ngantuk. Menawi leres cariyosipun menika Adipati
Karna inggih senopati Kurawa ingkang bakal merangi Gatotkaca ing medan
Kurusetra. Lan ing medan perang Adipati Karna saget mejahake Gatotkaca ngangge
senjata Kunta,yakni inggih anak panah ingkang saged tembus wonten ing badanipun
Gatotkaca ingkang anggapanipun sakti mandraguna.
Sak lajengipun kula lan kanca- kanca
medal saking palenggahan amargi sampun boten kiat socanipun, sampun ngantuk
sanget. Kula lan kanca – kanca medal kangge ngopi, madosi warung menika tebih
sanget,dadose nalika wangsul wonten TBRS malih sampun sami sayah lan akhire
ngantuk malih.
Lajeng mirsani malih wayangipun,nanging
kula boten saged mangerosi ingkang sampun dipun cariyosaken,pungkasipun Kematian
saking Gatotkaca menika nyedihake. Pahlawan Amarta ( Gatotkaca ) menika gugur
bela Amarta kanthi sikap ksatria lan tanggung jawab nuntasaken tugasipun.
Nuwun.
0 Response to "wayang TBRS"
Posting Komentar