Sesorah yaiku micara gagasan utawa panemu sarana lisan ana ngarepe wong akeh
Tujuan ancase wong pidhato ana werna - werna :
- Ulung tinampen/pasrah tampi
kanggo nampa barang sarahan lan masrahake calon penganten - Kangge panglipur
- Atur informasi utawa menehi kabar
- Pangajak
Sesorah kang sipate ngajak wong sing padha ngeringokena kapiket, sahingga tertarik atine marang andharan mau. - Atur pambagya
Kanggo nampa tamu ing acara apa wae kayata supitan, mantenan.
Bab kang digatekake supaya nalika sesorah hasile kanthi becik
- BASA
basa kang digunakake kudu pas karo sing di adhepi, dadi gampang di mangerteni. - BUSANA
menawa sesorah prayoga migunakake busana kang becik lan sopan - SWARA
Swara wong kang lagi sesorah kuwi aja keseron lan aja kelirihen, lafal lan vokale kudu jelas. - SOLAH BAWA / SIKAP
Solah bawane kudu manteb lan teteg, madhep marang pamirsa, tangane ngapurancang, aja kendhengaken lan aja kendhingkluken
- Salam pambuka
Kaya "Assalamualaikum Wr. Wb. - Purwaka
Isine ucapan syukur marang sing dhuwe jagad - Isi / wigatining atur
Bab apa wae sing bakal diaturake - Pengarep - arep
Isine bab sig disuwunake marang para tamune umpamane donga, pitutur - Panutup
Isine njaluk pangapura marang para tamu yen ana kaluputane - Salam panutup
Ngaturake salam marang tamune.
0 Response to "sesorah"
Posting Komentar