kumpule balung pisah



KUMPULE BALUNG PISAH (Episode IX)
“Tholé Darmanto, anggonmu pepacangan karo nak Sundari wus rada suwé … , saka pikarepku … hhrrmm … , apa ora becik énggal karesmèkaké … ? celathuné mas Sastrosudiro marang Dar
manto nalika padha lungguhan salebaré mangan awan.
“Kula namung nyumanggakaken kersanipun bapak … , malah sajatosipun sampun dangu kula badhé matur bab punika … ,” wangsulané Darmanto.
“Inggih ta Pak, mbénjing punapa dipunperlokaken tindak Pati dhateng dalemipun ibunipun dhik Sundari … ,” sumelané Darminah,“ punapa utusan kémawon punapa tindak piyambak … .”
“Iya, ta, bab iku saiki dipikir lan perlu cawis-cawis ubarampéné. Wong Jawa iku kudu ngenggoni adat tatacara Jawa, aja nganti ninggal adat … .”
“Bab ubarampé utawa sadaya kabetahan-kabetahan sanès kula pasrahaken sadaya dhateng bapak, déné kula inggih sampun klempak-klempak lan ugi sampun gadhah cèlèngan kanggé sadhiyan bab punika,” celathuné Darmanto.
“Sampun, sapunika puntetepaken mbénjing dinten punapa … ? Saénipun pun dhawahaken wulan ngajeng punika, lho pak. Bapakipun gendhuk sajak-sajak sampun radi sela padamelan,” sambungé Darminah, nuli menyat ngadeg njupuk tanggalan kang cumanthèl ing témbok. Bapakné ngétung-étung dina lan tanggal.
Dumadakan Inspektur Akhmadi teka saka kantor kanthi sajak gita-gita. Darminah mapagaké karo takon, “Kok nganti telat ta, Mas. Iki mau wis padha dhaharan kabèh.”
“Hla ngrampungaké urusan wingi kaé, lagi iki mau bèrès … Bu, sedhiya-sedhiya … , mengko soré arep ana tamu Inspektur Yoyok karo Naniek, mengko diaturi dhaharan kéné pisan baé.”
“Lho, durung padha kondur nyang Semarang, ta?”
“Durung, genah lagi rampung mau urusané … , sésuk-sésuk konduré … .”
“Hla gèk wingi barang padha nyaré nyang ngendi?”
“Ing dalemé pak Komisaris. Mula yèn kersa mengko bengi arep dakaturi gentèn nyaré kéné baé.”
“Iya becik … èh, anu, iki mau ngrembug arep padha menyang Pati nyang dalemé ibuné dhik Sundari … angebun-ebun énjang anjejawah sonten … , “ celathuné Darminah karo ngguyu.
“Iya … , lagi golèk dina iki mau, kapan selamu?” sambungé mas Sastro.
“Dhawahaken wulan ngajeng punika lho, Pak … ,”wangsulané Akhmadi. “Dhik Darmanto rak iya isih sabar ta ngentèni … ?
“Oooo, yèn bocahe kudu ora sabar waé … , “ sambungé Darminah.
Darmanto mèsem, bapakné mèlu gumuyu.
“Kandar kepriyé … ? pitakoné Inspektur Akhmadi manèh.
“Kaé dakpapanaké ing kamar mburi, mau wis padha bareng mangan. Karepé kudu ora gelem waé, arep mangan bareng mbok Nem, dakpeksa-peksa karo Darmanto, njur gelem … .”
“Sokur , ta … .”
Akhmadi sawisé salin panganggo lan sawisé saka pakiwan barang, nuli mangan diladèni kang wadon. Darmanto wus mlebu ing kamaré. Mas Satro uga nuli leyèh-leyèh ing kursi males ing pendhapa karo isih nyemak almenak, ayaké golèk dina kanggo lamaran lan dina akad nikah.
Soréné kira-kira jam lima, Inspektur Akhmadi budhal manèh lunga arep methuk lan marani Inspektur Yoyok. Kang wadon wis nyedhiyaké kaperluan-kaperluan suguhan tamuné mengko.
Darmanto dolanan gegojègan karo ponakané ana ing latar, déné mas Sastro isih ana kamaré wiridan sawisé sembahyang ngasar. Pancèn sasuwéné tuwa iku, mas Sastro katon mempeng pangibadahé.
Dumadakan keprungu swara dhokar mandheg ing ngarepan. Let sedhéla Darti mlayu-mlayu mlebu ngomah matur ibuné,
“Bu … , ana tamu … .”
“Tamu sapa … , apa karo bapak?” pitakoné Darminah.
“Ora, wong nitih dhokar kok, karo bulik Sun … , tamuné putri wis sepuh.”
“Lho, sapa?” celathu mangkono iku karo ngungak njaba. Katon Darmanto mapag-aké tamu-tamu iku, yaiku: Sundari Sumantri lan priyayi wadon tuwa, ayaké ibuné.
“Elo, apa kuwi ibuné dhik Sun … ? Blahi, kedhisikan iki … .” pangunandikané Darminah. Nuli matur marang bapaké, “Pak, nika lho, bakal bésan panjenengan tindak mriki … .”
Mas Sastro isih durung pati maèlu, diarani anaké mung geguyonan baé, isih nerusaké anggoné wiridan.
Tamu-tamu iku nuli padha mlebu ngomah, Darminah mapagaké … .
“Kula nuwun … ,” celathuné priyayi putri iku, nanging mandheg greg, kaya kamitenggengen.
“Mangga … , “wangsulané Darminah, uga nuli cep … mripaté mandeng tamuné akedhèp tesmak … , dumadakan nuli mlayu nggapyuk tamuné karo anggembor banter banget, “Ibuuuuuuuu … o, Ibuu … , Bu, teka panjenengan … . Bu, kula … kula … putra panjenengan … pun … Darminah … .”
Darminah ngrangkul kenceng karo nangis angguguk. Tamuné bareng ngerti mèlu mbengok nangis, “O … , anakku ngèèèr … , kok kowé … ana … Ya Allah, Gustiiiii, Pangéran kula … .”
Tamu mau jebul ibuné dhéwé kang wus pirang-pirang taun pisah.
Darmanto, Sundari lan Marti mung padha ndomblong, ora ngerti nalar-nalaré … .
“Ibu … , o … , Dar … , Darmanto … , kowé apa pangling … , iki rak ibumu dhéwé …,” celathuné Darminah marang Darmanto karo isih durung uwal anggoné ngrangkul ibuné. “Bu, punika rak putra panjenengan Manto rumiyin … , nalika panjenengan tilar taksih alit.”
Tamuné yaiku bu Sastro isih kamisesegen énggal nggèrèd tangané Manto nuli karangkul ditangisi. Manto bareng ngerti, mèlu nangis pisan, mangkono uga Sundari.
“O, Allah … , nggèr, saka pokalé ibumu … , nganti … kalakon … kaya ngéné … . Hla bapakmu … saiki … ana ngendi … ?”
Darminah durung mangsuli isih nggamblok ibuné kaya bocah cilik karo kamisesegen.

EPISODE KUMPULE BALUNG PISAH (2)

Kocapa mas Sastrosudiro kang isih ana kamar, bareng krungu ramé-ramé ing njaba, nuli brabat metu kepéngin weruh ana kadadéyan apa. Tekan njaba sakawit gumuné déné anak-anaké padha ngrangkul marang sawijining wong wadon, nanging bareng katamataké, weruh yèn iku tilas bojoné biyèn. Mas Sastro prèmbèh-prèmbèh mara nyedhak karo kandha kamisosolen, “Eeem … , kowé … ko … kowé bener … i … ibuné gendhuk?” Lengené bola-bali kanggo ngusapi eluhé. “Eeh-he-em … bu … né … , a-a-aku rak ba … paké … bocah-bocah … , ora … pa … ngling, ta, “ celathuné, kaya-kaya ora bisa ngetokaké tetembungan liya-liya.
“Iya … Pak … , sepira … luputku … nyu …wun panga … pura …”
Anggoné padha tangisan nganti ora éling apa-apa, Darminah sanalika iku mau nganti lali anak-anaké, luwih-luwih bareng mbok Nem uga teka mèlu ungkeb-ungkeb nangis ing pangkoné bu Sastro.
Bareng Tanto nangis, Darminah lagi kelingan anaké. Énggal-énggal Tarto kabopong, Darti lan adhiké kagandhèng. Tarto nuli dibrukaké ing pangkoné ibuné, “Iki lho, Bu … putu-putumu … .”
Bu Satro ngekep-ngekep lan ngambungi putuné gentèn-gentèn karo nangis manèh. Darminah nuli marani Sundari karangkul, kacedhakaké karo Darmanto, “O, Allah, jebul kowé ki adhiku dhéwé … , To, Manto … kaya … bener … rasané … atiku gèk anu kaé … . O, Allah, tujuné … durung kebacut.”
“Iya, ndhuk … , kabèh iki kadang-kadangmu dhéwé … ,” sambungé bu Sastro karo ngusapi eluhé. “Iku … Pak, sepisan engkas … aku nyuwun pangapura … , Sundari iki anakku kapindho karo … bojo … adhuh, … ana manèh kakangé aran Sundoro … , dadi bocah mursal ora karuwan … kaya bapaké … . saiki bapaké ora karuwan dunungé … olèhé ninggal … bocah-bocah iku nalika isih cilik … . Pancèn biyèn anggoné … ngepèk aku … mung perlu arep … ngrontogi … barang-barangku … baé … .”
“Bu, sing wis ya wis … ,” celathuné mas Sastro, nuli meneng ora bisa mbacutaké gunemé manèh.
Ora antara suwé lagi baé arep lerem anggoné padha tetangisan, Inspektur Akhmadi teka karo tamuné. Sakawit mung plenggang-plenggong ora ngerti mula bukané, luwih-luwih bareng dhéwéké karangkul bu Sastro sangsaya bingung.
Dumadakan kahanané dadi ramé manèh bareng Inspektur Yoyok ujug-ujug mara nyikep bauné Darminah karo nangis ngguguk, “Yuuuuuu, aku ora pangling … , kowé rak yu Darminah, ta? Aku sapa, Yu? Tamatna aku … .”
Durung tutug gunemé dumadakan Naniek uga nggembor ngrangkul Darminah pisan.
Sakawit kabèh padha kagèt banget ndeleng kahanan mangkono iku, Darminah nuli nggembor manèh karo ngekep Yoyok lan Mini.
“Ooooooo … Darmono … Mini … Pak … Buuuuuu … Hla punika jebul Darmono kaliyan Mini … .” Saka banget kagèt semu bungah, sawusé nggembor mangkono iku, Darminah ora éling.
Sanalika iku kahanané ramé padha tangisan manèh ngungkuli raméné tinimbang mau, nganti tangga teparo ing sakiwa-tengené padha teka nglayat.
Kang kaceluk Inspektur Yoyok iku pancèn Darmono. Déné Naniek yaiku Darmini. O, pancèn ora kanyana-nyana déné semono Gusti Allah anggoné gawé lelakon. Sapa ngira yèn pepisahan kang wis rong puluhan taun iku bisa sakala padha katemu tunggal dina tunggal saat kaya déné semayan baé. Gusti Allah Maha Kuwasa, nitahaké samubarang miturut sakarsané, titah mung saderma nglakoni, ora kuwasa meksa, ora kuwasa ngalang-alangi.
Sasireping tangis, swasana ganti seneng lan gembira sanajan isih padha durung garing mripaté saka eluh. Kabèh padha ngumpul dadi siji ing njero ngomah nyritakaké lelakoné dhéwé-dhéwé. Mini ngandhakaké yèn sasédané bapakè gedhé, ora suwé ibuné gedhé nututi séda. Dadi dhèwèké kaya bocah ontang-anting. Kabar-kabar saka sedulur-seduluré saka tanah Jawa ora tau katampa. Tujuné nalika iku ana sing nulung nggolèkaké pagawéyan nganti sinambi nyambut gawé bisa nerusaké olèhé sekolah. Salawasé iku sanajan atiné tansah kèlingan marang sedulur-seduluré, ananging kagawa saka kapedhotan kabar, entèk pangarep-arepé bisa ketemu karo sedulur-seduluré manèh. Mangkono iku nganti pirang-pirang taun, nganti ngancik diwasa.
Wusanané saka karsaning Pangéran dhèwèké bisa lulus nempuh ujian Sekolah Guru, nuli katetepaké ing kutha Makasar kono. Nanging lagi setaun, nuli kapindhah menyang Semarang. Ndilalah yèn awak isih kudu nglakoni coba, lagi sawatara sasi dhèwèké kaculik déning grombolan kaya kang kacaritakaké ing ndhuwur. Saka karsané Kang Maha Kuwasa, sing nulungi teka jebul kangmas-kangmasé dhéwé.
Nalika Inspektur Akhmadi lan Inspektur Yoyok alias Darmono nyritakaké anggoné padha nggropyok Sundoro nganti tekan patiné kang banget anggoné nangis kalara-lara yaiku Sundari. Dènè bu Sastro dhéwé sanajan uga nangisi, nanging akèh pamupusé.
“Bocah siji kuwi pancèn séjé karo liya-liyané. Wis kabacut akeh rusaké … , “ celathuné bu Sastro karo isih kaca-kaca mripaté, “saka jèngkèlku kaya-kaya atiku wis éklas, ilang-ilangan endhog siji.”
“Nanging … aku teka durung nganti bisa weruh marang adhiku … é, sanajan kaya ngapa wong ya sadulur … ,” sambungé Darminah.
“Nalika iku babar pisan aku ora ngerti yèn ngoyak-oyak sadulur dhéwé … ,” sambungé Darmono.
“Ora ta Bu biyèn nalika panjenengan ninggal aku lan adhik-adhikku ki apa ya ora tau kémutan … apa ora tau krasa panggalihé … saben dina disambati … ,” celathuné Darminah.
“Yèn kèlingan ya mesthi kèlingan, ta. Nanging ya embuh … ah, muga-muga anak putu aja nganti nuruni kaya tumindakku iku.”
“Apa ya ora sok kémutan arep nggolèki apa marani ngono ta, nganti Darmono karaya-raya nusul.”
“Wiwitan banget anggonku tansah kèlingan kowé saadhi-adhimu iku bareng aku pindhah ing Pati, mauné ana Pekalongan, njur bapaké Sun lunga ninggal aku ora karuwan parané … , nanging tansah kandheg ing rasa … , kaya-kaya aku tansah kagodha gegambaran gedhéning dosaku.”
“O, upama biyèn-biyèn katemu, rak ora kabacut-bacut Darmanto … èh … karo Sundari.”
“Wis, wis … , ora perlu diéling-éling manèh … iki wis pira-pira pitulunganing Pangéran, dènè ora nganti kebacut dadi … èh, upama sing tuwa-tuwa wis padha ora ana, ya kalakon … ,” sambungé mas Sastro.
“Saiki aku isih kepéngin ngerti critané Darmono … , priyé teka nganti ora bisa ketemu ibu lan terus plas ora kabar-kabar.” celathuné Darminah.
“Critaku rada dawa sawatara … , “ wangsulané Darmono kambi nata lungguhé.
(Candhake: Episode Critane Darmono bagian 1)

EPISODE CRITANE DARMONO (3)

Darmono nerusaké critané, “Sadhéla manèh aku diajak mudhun karo Dimin niliki iwaké. Satemené aku aras-arasen, énak-énak klekaran ngasokaké awak, karo manèh kaya-kaya aku ora doyan mangan iwak kang kacampur lempung mau. Nanging kréngkang-kréngkang aku nuruti aja nganti gawé gelaning atiné.
Iwak dicuthik nganggo carang. Kang durung mlethèk-mlethèk lempungé dilebokaké ing bedhiyang manèh. Kang wis mlethèk diwadhahi godhong gedhang ditunggu adhemé. Bareng wis rada adhem, lempungé diklothoki teka gampang baé. Kulité iwak katut tanpa dibèthèti. Endhasé ditugel, eriné didudut, ler … , kari dagingé. Diwènèhaké aku dikon mangan. Ora ngira jebul énak banget rasané, mung mesthiné rada cemplang marga ora diwènèhi uyah. Aku nganti entek loro, sing siji dakbuntel kanggo sangu sésuk. Ora suwé pak Dimin teka. Bareng weruh sajak énak nggonku mangan iwak, nuli kandha, “Sésuk pajar peteng nek aku nyambangi omah, dakjupukaké jala. Dakjalakaké iwak rada akèh kanggo sangu, Gus … Saiki padha turu kana … .”
Bengi iku turuku kepénak banget. Esuké ngarepaké padhang, aku pamitan marang pak Dimin lan anaké. Aku disangoni jagung bakaran lan iwak-iwak kutuk sawatara kang wus diolah nganggo lempung. Pak dimin wola-wali nerangaké dalan kang kudu dakambah, aja nganti kesasar-sasar manèh.
Aku mlaku karo gedhé banget atiku, marga sanguku cukup, sanajan ora sangu sega. Gelising crita, Yu … , aku meksa ora bisa tekan Purwodadi. Kesasar-sasar embuh tekan ngendi aku ora ngerti, mlebu désa metu désa. Mangkono iku nganti pirang-pirang dina. Yèn bengi turu ana tegalan baé, amarga aku isih wedi yèn turu ana kalurahan, utawa gerdhu. Yèn ésuk karo mlaku aku sok melu nggawakaké dagangané bakul-bakul kang padha arep menyang pasar. Aku sok dipersèni dhuwit sawatara, kala-kala uga ditukokaké sarapan gethuk utawa sega. Sing banget gawé karanta-rantaning atiku, Yu … , yaiku yèn pinuju liwat ngarep sekolahan. Atiku mèri banget nyawang bocah-bocah sekolah kang padha seneng-seneng anggoné padha sekolah, tentrem sinauné, ora mikir apa-apa … .
Kira-kira nem dina manèh aku tekan ing kutha cilik, aku weruh thomprang-thomprang kang nuduhaké yèn iku kutha kecamatan Gundih. Aku kèlingan ing apalan ilmu bumi kaé yèn Gundhih iku dumunung ing sakidulé kutha Purwodadi, yèn mangkono lakuku jebul ngidul parané … .
Tekan pasar aku lèrèn ing los. Pasaré wis sepi, marga wis rada awan. Atiku tansah ngangen-angen … éé, mbok sibu ki ana Gundhih kéné terus tindak pasar kepethuk aku … . Ing sandhingku rada adoh ana bakul kang ribut nata-nata bèsèké arep kukut. Sajaké bakul jamu. Aku mara nyedhak nembung arep anggawakaké mbokmenawa mengko olèh persèn. Aku ditakoni kandha bocah adoh ora duwé bapak embok. Bakulé jamu nyawang aku sadhéla, aku ditari apa gelem melu dhèwèké, mbiyantu anggawak-nggawakaké dagangan utawa liya-liyané. Mesthi baé aku nyaguhi klawan bungah, é, tinimbang mrana-mrana ora karuwan tujuané, kapénak mèlu bakul jamu iki. Sanajan bakalé nurut-nurut pasar nanging malah jajah ngiras nggolèki daleme ibu.
Wiwit iku aku mèlu nyuwita bakul jamu mau. Turuné ana pondhokan, mangané jajan ana warung. Yèn ider menyang pasar mrana-mrana ora mlaku, mesthi yèn ora numpak dhokar ya numpak bis. Wah, atiku seneng, rumangsa munggah drajatku. Yèn pinuju ana pasar utawa yèn wayah soré ing sawijining panggonan kang dakinepi, mesthi aku tansah nggolèki ibu, nanging tansah ora olèh gawé, nganti kerep banget aku rumangsa entèk pangarep-arepku.
Nganti sesasi luwih anggonku mèlu bakul jamu iku, nganti aku wasis tawa jamu. Yèn ana pondhokan mèlu mbantu gawé jamuné sing jaré mujarab iku. Kang kerep dakweruhi anggoné ngraciki ya mung lumrah baé. Embuh bubukan apa akèh banget, kacampur jaé, mrica embuh apa manèh, kagodhog ing jedhi gedhé. Kala-kala diwènèhi tamba abang utawa warna liyané. Tau sawijining dina aku karo bakulé jamu mlebu pasar, rada kawanan. Amarga kajaba pasaré adoh, tanginé mau kerinan. Mudhun saka dhokar, bakulé jamu wis sambat dhuwité tipis mung kari limang rupiyah thok. Isih kalong rong rupiyah kanggo sarapan wong loro.
(Candhake – Episode Critane Darmono bagian 4)
Cerita ini diambil dari novel KUMPULE BALUNG PISAH oleh A. Saerozi, AM terbitan PN Balai Pustaka, Jakarta, 1978 dengan sedikit perubahan pengetikan

EPISODE CRITANE DARMONO (4)

 Mlebu pasar lingak-linguk golèk panggonan dhasar. Bakul-bakul jamu liyané wis padha dirubung wong akèh. Èh, aku dhéwé kuwatir yèn nganti dina iki bubruk ora ana sing ngrubung, harak sida ora mangan tenan. Bakul jamu kang dakeloni iku nuli ngulungaké dhuwit telung rupiyah turahané jajan mau marang aku dikon nukokaké dluwang koran kabèh. Kanggo apa? Aku ora ngerti. Aku mung saderma ngemban dhawuh, dhuwit daktukokaké kertas Koran kabèh, olèh sabongkok gedhé. Tekan panggonan dhasar, dhasarané wis ditata dhéwé. Tutup bèsèk gedhé dikurebake ing tengah-tengah sacedhaké jamu-jamuné. Embuh apa njeroné. Dluwang mau banjur kaplintir-plintir watara salengen gedhéné. Nganti dawa banget. Dhèwèké banjur njupuk pring dawa, embuh saka ngendi. Pucuking dluwang plintiran katalekaké ing pucuking pring, nuli pringé didegaké, dadi dluwangé klèwèr-klèwèr kaya brondongan mercon kaé, kukusé kaya ngebaki pasar. Aku nuli dikon nabuhi terbang cilik sing banter. Dhung, dhung, dhung … . Dhèwèké ngadeg nuli nyedhak tutup bèsèk kang dikurebaké iku karo bengok-bengok.
“Ajaib, … ayo-ayo, barang ajaib … , bukan sulap bukan sihir … , tutup bèsèk wasiyat … , barang apa saja yang tidak bernyawa ditutup bèsèk ini mesthi ada nyawanya … . Ayo, ayo … saksikan … tidak usah bayar … , pertunjukan ajaib datang dari tanah sabrang … . Ayo, ayo … .”
Anggonku nabuhi terbang saya dakbanteraké karo mèlu bengok-bengok. Sakala iku wong-wong padha brubul-brubul mara nyedhak, mangkono uga wong-wong kang mauné padha ngrubung bakul jamu liya, akèh kang ngalih ngrubung dagangané majikanku. Sadhela baé wis ora kena kapiyak.
Batinku ngalembana marang kapinterané majikanku iku anggoné ngrebut kawigatèné wong-wong … .”
Kang padha ngrungokaké sanajan sedhih, nangis kapeksa gumuyu krungu pengalamané Darmono iku. Mung ibuné terus ngusapi eluhé baé.
“Apa njur ana tontonané sulapan barang, ta?” pitakoné Darmini lan Darmanto kaya bebarengan.
“Sulap apa … , bisa baé ora, kok. Iku rak mung kanggo narik kawigatèn baé. Sawusé wong-wong kumpul, ora ngrembug sulapan manèh, nanging ngrembug jamuné. Jamu pegel, ngeres, linu, mripat konang-konangen … . Jare dhèwèké teka kono perlu arep tetulung, jamuné ora diregani, mung njaluk ijol tukoné gendul lan ongkos sepur. Sawijining wong désa kasanak kanthi tembung kang manis-manis banget, ditakoni lara apa? Wangsulané boyoké krasa linu. Nuli tanpa palilah wong mau dilucuti klambiné, nganti wongé ingah-ingih rada kisinan. Nanging majikanku tansah angrerimuk, boyok kagosok jamuné karo èpèk-èpèké … . Sawusé wongé ditakoni. Priyé rasané saiki? Wongé arep kandha ngéna-ngéné mesthiné rikuh, mula mung manthuk-manthuk karo kandha empun sekéca. Wah lha kuwi bareng ana buktiné jaréné, oléhé ngumukaké jamuné entèk amèk kurang golèk. Brubut wong-wong padha tuku, aku nganti kuwalahan ngladèni. Sulapané kepriyé? O, bubar kuwi njur ora nggunem sulapané manèh. Wong akèh wis padha lali … .
Mengkono Yu, pengalamanku mèlu bakul jamu, ananging ora lestari. Sawijining dina bakulé jamu katangkep pulisi dilapuraké wong, amarga njabut untu nganti wongé semaput lan getihé mancur-mancur. Majikanku ditahan pulisi, dagangané dirampas.
Aku ngumbara manèh, wiwitané isih nggémbol dhuwit sithik-sithik, nanging suwé-suwé entèk. Saterusé aku tekan Sala, wis kentèkan dhuwit. Wetengku luwé banget, nganti kaya-kaya ora kuwat anggulawat. Batinku wong kutha panggonané priyayi sugih-sugih, pangkaté gedhé-gedhé, mesthiné ora éman tetulung marang wong kang lagi kesrakat kaya aku iki. Jebul mlèsèt pangiraku, Yu. Sawatara omah dakénggoki, ora ana sing nyapa aku, apa manèh mènèhi dhuwit. Adhakané jongosé kanthi kasar nggurak aku, Yèn ora ya asuné. Aku nganti nékad marani priyayiné dhéwé arep nembung kanthi melas asih, nanging aku digemprong, jongosé disrengeni, généya ora bisa nggurak aku.
Atiku banget kelara-lara … . O, teka beda banget karo pak Dimin, ya. Mauné dakarani yèn wong kutha lan sugih-sugih ki uga padha dhemen tetulung, amarga ingatasé pak Dimin wong ndésa, wong cilik tanpa pangkat kaya ngana apiking bebudèné. Saka dhemené nulung wong kasangsaran, saduwé-duwené disangokaké … Jebul wong kutha kok séjé banget. Apa angger wong tambah sugih tambah dhuwur pangkaté ki tambah ilang rasa kamanungsané, wengis lan galaké.
O, Yu … nalika iku aku ora kuwat manèh … , awakku kesel, wetengku luwé, sikilku lara … , nuli tiba ing pinggir dalan ora éling apa-apa … .”
(Candhake: Episode Critane Darmono bagian 5)

EPISODE CRITANE DARMONO (5)

 “O, Allah nggèèèèèr anakku … ,” sambaté bu Sastro.
“Adhuh … .” sambungé Darminah lan Darmini.
Darmono nerusaké critane, “Éling-éling aku wis ana rumah sakit, diupakara para jururawat. Aku bareng wis éling lan rada kapénak, ditakoni warna-warna. Aku ngaku bocah ora karuwan, ora duwé bapak ora duwé ibu … .
Sabanjuré aku dirawat ana rumah yatim Muhammadiyah. Kancaku sapirang-pirang. Ing kéné rada kapénak awakku, Yu. Sing ngopèni sumanak-sumanak banget kebak rasa asih lan tresna … . Aku nganti sok ngrasa, nuwun-nuwun sewu … , wong tuwaku dhéwé ora nganti kaya ngéné pamulasarané marang aku … . O, teka luhur banget bebudèné bapak-bapak lan ibu-ibu kang ngurusi rumah yatim iku. Jebul ora kabèh wong kutha padha wengis-wengis, isih ana sing luhur bebudèné ngrumat bocah-bocah kang kasrakat … . O, aku ora bakal lali salawasé kaya déné anggonku ora bakal lali marang pak Dimin. Amarga upama aku ora nuli karawat ing rumah yatim iku, bakal dadi wong apa? Aku disekolahaké, diwuruki warna-warna yèn ana ngomah. Mangané diatur apik. Bares baé aku nganti lali marang tujuwanku sakawit, Yu. Batinku, upama baé kapethuk ibu, durung karuwan yèn aku bisa sekolah tutug kanthi ayem tentrem … malah bok menawa ganti ngadhepi bapak kuwalon … . mula kabèh gagasan lan angen-angen kang ora-ora, dakilangaké … , dakmantepaké atiku terus manggon ana kono. Marang kowé aku ora kirim kabar amarga aku rumangsa isin déné ora olèh gawé anggonku nggolèki ibu, kapindhoné wedi yèn digolèki, disusul bapak … .
Pirang-pirang taun anggonku ana kono, wiwit sekolah Rakyat nganti SMP, nuli nerusaké ing Lanjutan Atas. Pungkasané bareng wis gedhé, aku ngleboni sekolah inspèktur pulisi, kabantu kanthi temenan lan iklas déning para pengurus rumah yatim. Akèh kanca-kancaku bocah yatim lan lola uga padha nerusaké sekolahé miturut kasenengané dhéwé-dhéwé … . O, muga-muga tansah widada lan lestari para pengurus-pengurus iku anggoné adeg rumah yatim kanggo nulung bocah-bocah kang kasrakat kang isih maèwu-èwu cacahé.
Sabanjuré Yu, cekaking critaku … , sawisé aku lulus saka sekolah pulisi iku, aku tumapak nyambut gawé. Wiwitané ana ing luar Jawa, pindhah-pindhah, pungkasané ing Semarang lagi sawatara sasi. Nuli ora ngira kapethuk bapak-ibu lan dulur-dulurku … .”
“Lha jenengmu kok ganti Yoyok ki Priyé?” pitakoné bapaké.
(Candhake: Episode Critane Darmono bagian 6)

EPISODE CRITANE DARMONO (6)

 “Yoyok punika paraban saking kanca-kanca manawi ngundang kula, malah wiwit sekolah rumiyin, duka sebab punapa kula kaparaban nami makaten. Dangu-dangu ngantos dados pakulinan. Déné nami ingkang resmi taksih Darmono … .”
“O, teka nganti semono lelakonmu, nggèr … .” celathuné bu Sastro karo prèmbèh-prèmbèh.
“Ya kuwi … , durung lelakoné Mini lan Manto wiwit ciliké, Bu … o, ngeres manèh, “ sambungé Darminah. “Tujuné terus kapupu pak gedhé lan bu gedhé … .”
“Iya, iya … nggèr, saiki sing wis kelakon ya wis. O, aku rumangsa banget kaduwung lan getun … o, Allah, kabèh lelakon iku punjeré ora liya mung saka pokalku anggonku … mburu … , nepsu angkara … , nganti ngorbanaké anak-anakku … kabèh … . O, muga-muga aja nganti anak-anakku niru lelakonku iki … , mangkono celathuné bu Sastro. “Hla saiki ibumu kuwalon ana ngendi? … Nyang endi, Pak … ?
“Héééé … ?” mas Satro jenggirat.
“Garwamu anyar sing … .”
“Embuh, wis lunga gèk ngantené Darminah kaé. Nganti saiki ora ana kabaré.”
“O, Allah Gusti Pangéran … Tujunipun o, … Panjenengan Maha Adil lan Maha Welas,” celathuné bu Sastro manèh karo mingseg-mingseg.
“Yaw wis ta buné … , ora perlu kagagas manèh … . Kang perlu saiki iki kabèh padha ngaturaké sokur marang Pangéran … . Tujuné anak-anakmu kang dadi korbaning tindakmu ora kabacut-bacut … , kabèh jinangkung déning kang Maha Kuwasa nganti bisa nemoni kamulyan. Yèn digagas kaya anèh lan mokal déné ora kanyana-nyana bisa ketemu tunggal saenggon, tunggal sawanci. Mangka gèk pisah kaya ngana, pating plencat kaya mburu urip dhéwé … , nanging mangertiya saiki, barang kang mokal tumraping manungsa ora aran mokal lan anèh tumraping Pangéran kang Maha Kuwasa. Apa manèh mung kaya ngéné, kang anèh ngluwihi iki yèn wis dikersakaké, mesthi dadi. Mula saiki aku ora ndumuk sapa-sapa, senajan awakku dhéwé, sabanjuré sabarang tindak kang ngati-ati. Aja seneng mung mburu senenging ati, mung nuruti hawa kamurkaning napsu kang tansah ngajak marang kasangsaran … . Wis, buné, kowé ora perlu bali menyang Pati.”
“Ora sida lamaran ya? Sumambungé Akhmadi karo Darmono, dik Darmono wis mutra pira?”
“Lagi siji, Mas … Suk liya dina mesthi dakjak mréné … “
Lagi tekan samono olèhé padha rembugan, mbok Nem kang mauné uga mèlu ngrungokaké karo mlebu metu menyang pawon … , dumadakan mara nyedhak lan kandha, “Mas Rara … , mas Kandar nika lho, teka nangis ungkeb-ungkeb … teng kamaré … , wau nggih tumut mirengké critané Gus Darmono saking katebihan … “
“Bok diaturi mréné ta, mbok, mèlu jagongan seneng-seneng kéné.” Wangsulané Darminah lan Akhmadi.
“Boten purun … , critané kelingan sing boten-boten.”
Inspektur Akhmadi menyat ngadeg, marani kamaré Kandar. Kandar ditakoni lan diajak mlebu ngomah. Wangsulané mundhak karanta-ranta atiné kelingan wong tuwané, amarga wiwit umur nem taun dhèwèké ora ngerti jenengé, mung fotoné kang isih disimpen … .
Inspektur Akhmadi nembung ndeleng foto iku. Kandar kapeksa ndhudhah pethiné kang isi sandhangané, nuli njupuk foto lora kang lawas banget. Bareng Akhmadi ngiling-ilingi foto iku lan ditamat-tamataké, sakala kagèt, “Lé, iki rak … “ celathu mangkono iku karo mlayu mlebu ngomah.
“Pak, punika fotonipun sinten?” pitakoné karo ngulungaké foto iku marang mas Sastro. Mas Sastro mbukak kaca mripaté katerapaké ing antarané irung lan mripat, nuli menyat ngadeg ing ngisor lampu karo namataké foto iku. Dumadakan banjur nyuwara seru, “ … éé alkamdulillah … iki duwèké sapa?”
“Gadhahanipun Kandar … , “ wangsulané Inspektur Akhmadi.
“Konen mréné bocahé … , énggal … “ Kabèh padha ngrubung ndeleng foto iku.
“Sing siji iki rak fotoné … , “ celathuné mas Sastro.
“Oooo … fotoné ibu … ibu aa …nyar,” sumambungé Darminah.
“Foto iki digawé nalika anaké isih cilik … . Nalika semana dakjenengaké Iskandar … Eeemmmm … , dadi sing dipangku iki anaké, sing ngadeg sisih kiwaku … .” Lha foto sijiné iki mung karo Kandar thok. Kandar sajak wis gedhé iki … , ana ngendi olèhé foto … ?” mas Sastro nerang-nerangaké.
(Candhake: Episode Critane Darmono bagian 7)

EPISODE CRITANE DARMONO (7)

Ora suwé Kandar mlebu kairingaké Akhmadi. Bareng kandha: ditakoni, crita yèn wiwit cilik dhèwèké mèlu ibuné ing Rembang. Ana kana bukak warung cilik, nganti pirang-pirang taun. Wiwit cilik dhèwèké ora tau weruh bapaké, kajaba ing foto iku. Ibune dhéwé ora tau crita. Bareng Kandar wis gedhé, satamaté saka Sekolah Rakyat ibuné kacandhak lara banget nganti ajal. Saajalé ibuné iku, Kandar lunga ngumbara mangétan, nuli ngabdi marang sawijining priyayi. Kabeneran ing kono disekolahaké manèh ana ing SMP, ananging ora nganti tamat. Priyayi kang didhèrèki pindhah adoh menyang Jawa Kulon. Kandar ora gelem ndhèrèk pindah, golèk pagawéyan anyar. Oleh pagawéyan ana ing perusahaan angkutan. Ing kono bisa mèlu sinau nyopir montor, sabanjuré dhèwèké dadi sopir ing perusahaan iku. Ananging wusanané anggoné nyopir ora lestari, jalaran perusahaané jatuh. Dhèwèké nuli ngumbara manèh menyang Jawa Tengah nganti ketemu Inspèktur Akhmadi kang sabanjuré diwènèhi pagawéyan nyopir uga nganti saiki.
Mangkono ringkesané critané Kandar.
Mas Sastro ngekep-ngekep bauné Kandar karo kaca-kaca mripaté.
“O Allah, nggèèèr … , jebul anakku dhéwé … ,” celathuné wola-wali.
Kahanan ngomah dadi muyeg manèh, swasana sedhih, bungah campur dadi siji.
“O, seméné kaélokané panguwasaning Gusti … ,” celathuné mas Satro. “Sapa ngira yèn balung kang wis pisah-pisah sumebar bisa bali ngumpul dadi siji tunggal sawanci … . saiki aja kendhat tansah padha ngaturna suka sokur marang Gusti Allah tumrap gedhéning rahmat lan kanugrahan kang wus kaparingaké kabèh iki. Sabanjuré tansah dadiya pangéling-éling lan dadiya pangati-atining sabarang tindak ing tembé mburi … .”
Para tangga teparo kang padha nyipati kahanan iku padha mèlu nélakaké seneng lan bungah. Mangkono uga sapungkuré isih akèh para tangga lan pawong mitra kang padha merlokaké tilik kepéngin mèlu ngrungokaké critané kulawarga kang kebak isi susah lan bungah iku.
Mas Sastro dhéwé ora bosen-bosen mbalèni critané iku kanthi dhangan lan katon gedhé ati … .
(Rampung)
GLOSARIUM
aja kendhat : ora leren, terus menerus
ajal : pati
aras-arasen : wegah, memeng
bedhiyang : perapian
bosen : jeleh
bubruk : rugi, tidak laku
budhal : mangkat, berangkat
carang : ranting
cikar : pedati
dhangan : entheng, tanpa beban
digedhig : dithuthuk nganggo kayu
dipersèni : diberi upah
dluwang : kertas
dumadakan : tiba-tiba
getun : menyesal
gojag-gajeg : ragu-ragu
gulon klambi : krah baju
jedhi : panci kanggo nggodhog
kaca-kaca mripaté : berlinang
kaduwung : merasa bersalah
kagagas : dipikir
kamisesegen : terisak-isak
kapethuk : bertemu
kasanak : dibeciki
katisen : kadhemen, kedinginan
kawigatèn : perhatian
kembeng-kembeng mripaté : berlinang air mata
kerinan : kawanan, kesiangan
kesasar : tersesat
kojur : sial
kukut : rampung, berkemas-kemas
mujarab : berkhasiat
muyeg : gayeng, rame
ndhudhah : membongkar
nenepi : tirakat
nganglang : ngubengi, mengitari,
ngarih-arih : merayu mohon dikasihani
nggurak : ngusir
ngumbara : mengembara
nyikar : nglakokake andhong
nyuwita : mengabdi
pandung : maling
pawong mitra : kanca
pondhokan : kos-kosan
pungkasané : akhirnya
rahina : awan, siang
rendhet : lambat
sabrangan : papan kanggo nyabrang
saderma ngemban dhawuh : sekedar melaksanakan tugas
sangsaya : semakin
suwung : tidak berpenghuni
tangkebé : anggepe
tembé mburi : dikemudian hari
terbang : rebana
tutug : rampung
wasis : pinter, cerdik
wengis : kejam
wola-wali : bola-bali, berulang kali
Cerita ini diambil dari novel KUMPULE BALUNG PISAH oleh A. Saerozi, AM terbitan PN Balai Pustaka, Jakarta, 1978.
Cerita ini diunggah guna kepentingan Pembelajaran Bahasa Jawa

pakulinan

Pakulinan


Pak Ronodipo sakloron ing desa Gumiwang mono, mujudake pasangan manula sing harmonis, ngono istilah saiki. Wiwit enom nganti saiki anak-anake wis padha dadi wong, lan putune wis mbeyayah malah wis duwe buyut loro, uripe tansah guyup rukun, ayem tentrem sih-sinisihan.
Minangka wong ndesa klebu kuna, sing uripe saka olehe tetanem, tansah tawekel olehe nyambut gawe. Gotong royonge karo sanak kadang lan tangga teparo kenthel.
Tansah katon ing bot-repoting tangga kiwa tengen sing lagi mbutuhake pitulungan, luwih-luwih ing wektu kesusahan.
Ing mangsa labuh lan mangsa panen, kekarone dina-dina neng sawah nekuni pakaryan sing dadi garapane. Anake telu lanang kabeh, saiki wis padha mbangun brayat lan ya wis padha anak-anak.
Sing mbarep Pardi, ana Jakarta, nyambut gawe neng pegadhean, mbiyen katut kanca. Dene sing tengah Parto, karyawan pelabuhan neng Semarang, ragile Parmin saiki ana Surabaya bukak bengkel sepedha motor, sing wis lumayan gedhene. Sing dirabi bocah Surabaya kono wae, ngrewangi eker-eker bojone bukak restoran rujak cingur sing wis akeh lengganane.
Yen Pak Rono, wis kerep diajak anak-anake neng Jakarta lan Semarang uga Surabaya, ning kerep-kerepe mung ijen.
Mbok Rono yen diajak ora tau gelem alasane werna-werna, jare ora mentala ninggalake omah yen nganti dinan-dinan ditinggal lunga. Sejatine jroning ati rumangsa eman yen lelungan kuwi, jare mung mbuwang-mbuwangi dhuwit gek ming ora penting, kejaba mung entuk seneng.
Mangka yen gelem ngerti, yen anak-anake ngajak kepingin ditekani wong tuwane kuwi, ya tanggung jawab penuh. Tiket menyang mulih, durung olehe ngajak plesir rana-rene ben wong tuwane seneng, mesthine rak ya ora sithik.
Ning Mbok Rono puguh penemune, ora tau gelem.
Wiwit cilik dening wong tuwane biyen, wis diwarah lan dikulinakake gemi lan nastiti. Tawekel nyambut gawe, urip ora boros, lan ora kulina njajani.
Lan nyatane asile uga katon. Senajan sawah ora amba, ning merga saking taberine, anak-anak lanang telu ya bisa ngrampungke S.L.T.A.ne kabeh. Lan ya saka panyuwune sing mantheng lan madhep mantep kinanthen wani prihatin lan tindak jujur, anak-anake saiki wis mentas lan cumanthel kabeh, sing bisa disawang wong tuwa.
Prasasat mbok Rono saiki wis silir, wis ora ana sing dirembug kejaba leladi bojo sing sarwa gampang. Pak Rono mangane gampang ora rewelan, prasasat nyebrot gegodhongan neng kebon utawa sawah wae dimangsak wis dadi.
Yen gaweyan ngalas wis rampung labuh, Mbok Rono neng ngomah santai. Paling-paling yen kayu obonge entek, lagi neng kebon golek rencek. Lumrah pakulinan ing padesan, bubar mangsak dha sanja karo petan neng tangga ? bebas ?. ngobrol. Pakeyan apa wae sing tumemplek neng awak, ora tau ana wong alok utawa nyaru siku.
Mangka pakulinane Mbok Rono angger wis tapih lurik sing wis buthuk karo kotangan wis bar. Tekan ngendi-endi janji isih ana kiwa tengene omahe, ya wis ngono kuwi padinane.
Kejaba yen ana dhayoh apa anake pinuju mulih. Awit dening anak-anake tansah padha diprayogakake supaya ngulinakake nganggo klambi.
Ning ya kuwi janji, anak-anake wis padha bali, Mbok Rono bali copot klambi, kotangan kumel karo tapihan sedhengkul, jarik sing wangune wis dienggo lap.
Pancen, urip neng ndesa pancen luwih bebas, lan bab karesikan uga mung sak geleme.
Tekan adus salin penganggo, tumrape Mbok Rono ya mung sak senenge kaya dene tangga kiwa tengene. Sumur ya duwe, tinggalane wong tuwane biyen. Sumur tuwa lan kawak sing saubenge sumur mung tinanduran wit-witan bangsane grumbul. Papan kanggo papane nyidhuk banyu mung diathak-athaki pring, supaya sing nyidhuk banyu nganggo timba ember ditaleni karo pring bisa slamet ora kejegur. Timbane wae ya nganggo pring, sing ing sisihe dibandholi watu jenenge timba mau senggot.
Sejatine yen anak-anake padha bali, wis bola-bali kandha olehe padha kepingin ndandani, syukur-syukur gawe kamar mandi lan kakus utawa W.C., ning Mbok Rono kereh-kereh ora entuk tembunge :
?Wis ta le, ya ben wae apa anane. Wingi tinggalane mbahmu biyen ya kaya ngono kuwi, nyatane ya awet nganti seprene. Wis dhuwite anggonen tuku apa?apa wae neng omahmu. Wong aku karo bapakmu wis trima kok kaya ngene iki wae, kejaba nek kowe salah siji ana sing gelem omah neng kene, ya bangunen sak karepmu. Ning nek ora, mbok wis kaya ngene wae apa anane.? Kandhane anake :
?Mbok, caramu urip kuwi ora sehat. Adus neng jembangan utawa pengaron kuwi, banyune rak mung sithik, oleh adus durung resik, banyune keselak entek, hara rak ndadak ngadeg nimba. Seje mbok nek nduwe kamar mandi njur diisi kebak, aduse tutug, olehe kosokan bebas tur bisa resik tenen, awak rak dadi sehat.? Mbok Rono gage nyaut :
?Dene ora nduwe kamar mandi, seprana-seprene aku ya tansah sehat. Tangga-tangga ya ora dha nduwe kamar mandi, dene ya ora padha lara.? Parmin sing nduwe usul arep gawe kamar mandi kuwi kandha :
?Mbok tanggane dhewe kuwi carane mikir mung apa anane, durung gelem padha maju. Mula awake dhewe kudu wani ndhisiki. Wis ta mbok, mengko aku sing wragat, simbok ora usah ngetokke dhuwit, ngertine dadi.?
?Ha Min, gawe kamar mandi kuwi rak ya ngentekake dhuwit yutan ta ?, apa maneh kathik ndadak arep gawe kakus barang, mbok uwis ta, apa sing wis ana wae, ora usah ndadak gegaweyan sing mung mbuwang dhuwit.?
?Mbok!, Kang Pardi karo kang Parto kuwi wis tau kewetu karo aku, olehe dha wegah tilik ngomah kuwi ya merga repot olehe padha adus lan ana pekiwan. Mosok ta janji arep bebuwang, ndadak neng kali sing dohe sak kilometeran saka ngomah. Hara nek ngajak anak-anake rak ya repot ? Mangka jare wis bola-bali kang Pardi lan kang Parjo arep nggawekake kamar mandhi lan W.C. ning simbok ora tau nglegani, mongko nek bapak ya senang seneng wae digawekke. Karepmu kuwi piye ta mbok ?? Parmin ngonggo-onggo ngenteni wangsulane embokne. Mbok Rono sajak ora nggagas karo pitakone anake kuwi, ubeg ngracik kinang terus diemplok karo nyomak-nyamuk mamah kinang, tangane nguntel-untel mbako sing arep kanggo susur. Rampung iku tangane grayah-grayah neng longan nggoleki kecohan kuningan sing rupane nganti wis mangkak kuwi merga arang-arang dikumbah.
?Mbok!?, Parmin mecah sepi karo mbaleni pitakone njaluk lilah anggone arep nggawekake pekiwan wong tuwane kuwi.?
?Piye entuk ya mbok nek aku gawe pekiwan, ben simbok lan bapak penak lehe adus ??
?Ah ya luweh kono Min, tarah kowe wis turah dhuwit.? Kandha kaya ngono karo lunga neng pawon daden geni, embuh arep ngapa. Parmin judheg tenan, ming arep ngepenakke wong tuwa wae kok ditolak. Arep nekat ora wani, mula let rong ndina ya mung njur pamit bali mulih, sengadi wis mari kangene karo wong tuwa.
Jroning ati Parmin tetep mbudaya lan ngulir budi, piye bisane kekarepane mau kaleksanan. Wusana lewat surat, rerembugan karo kakangne ya Pardi sing ana Jakarta lan Parto sing ana Semarang. Kekarone setuju banget karo kekarepane Parmin, lan kakangne uga bakal mbantu sepira enteke wragad nganti rampung, mengko dieyeng-eyeng wong telu.
Manut carane kakangne sing mbarep Pardi, bapak mbokne bakal diboyong menyang Jakarta kira-kira seminggu. Parmin dikon mulih terus ngayati gawe pekiwan kuwi. Wektu semono, kamar mandhi lan W.C. mesthi wis rampung, yen perlu tenagane diakehi. Rancangan dadi.
Pardi banjur kirim layang ngomah neng bapak mbokne, surasane, bapak lan mbokne kudu teka neng Jakarta, jare iki mujudake nadar, yen olehe nambah kamar wis dadi arep mboyongi wong tuwane, dikon nuroni ora ketang seminggu.
Dadi gelem ora gelem, pak Suro kudu ngajak bojone menyang Jakarta nuruti kekarepane anake kareben luwar ujare utawa nadare.
Satampane layang saka anake, Mbok Suro kaya padatan sawise rampung gaweyan pawon sanja petan neng tangga. Jroning petan mbok Suro kawetu tembunge marang Mbok Wongso, tangga cedhake sing diajak petan kandhane :
? Dhi Wangsa, nek sida minggu ngarep aku kuwi rak dijak bapakne neng Jakarta. Pardi duwe nadar nek olehe nambah kamar wis dadi, kudu aku lan bapakne sing nuroni. Wah piye ya ??
?Wadhuh ? sampeyan arep neng Jakarta ta yu ?? Mbok Wongso nanjih.
?Iya dhi, lha piye nek kuwi mujudake nadar utawa ujar rak kudu dilunasi utawa dileksanani. Jenenge ngluwari ujar,? ngono kandhane Mbok Rono.
?Wah yu, jare neng Jakarta kuwi ora ana wong tapihan, anane kabeh wong wadon padha nganggo rok utawa kathokan, mengko sampeyan piye ??
?Iya pa ? wah yen ngono tenan, aku rak ya susah, mangka aku durung tau-taune nganggo rok, lagi nyawang wae wis ora seneng. Ketoke kok le mbediding awake sing ketutupan mung sethithik,? kandhane Mbok Rono.
?Meneh-meneh yu, omongane wong kono kuwi nganggo basa melayu. Ora ana aku lan kowe ? jare sing ana kuwi lu lu, karo gua gua, ngono.?
?Jan ? susah ya dhi yen ngono, aku rak dadi ra bisa srawung karo tangga-tanggane Pardi. Ning ya wis ben, tekan kana ? ngundher wae ana kamar, Pardi tak penging kandha-kandha yen aku ana kono.?
?Ngono ya becik, tur mantu sampeyan bojone Pardi rak wong saka Klathen? mesthine rak ya bisa diajak omong kaya awake dhewe.?
?Ya kuwi dhi, sing marahi rada ayem. Ya wis dhi, aku tak bali dhisik, mengko aku tak takon-takon karo kakangmu, wong dheweke wis bola-bali neng Jakarta.?
?Iya yu, ora luwih aku mung bisa nyangoni slamet.? Tetemon mau njur dha bubaran. Tekan ngomah Mbok Rono nyedhaki sing lanang, sing lagi nglinting udud, terus kandha :
?Pakne ?, saupama aku ora melu wae, ujar kuwi luwar ora ya ??
?Ya kudu karo kowe mbokne, wong sing kudu nuroni kuwi kowe karo aku kok. Perkara kowe mengko emoh awor aku kaya nek ana ngomah, gampang ?. Turumu mengko mepet tembok lor ? aku mepet tembok kidul, butuhe ki rak mung sekamar ta mbokne. Rasah samar nek aku bengi bakal alihan kaya dhek jaman semono. Kandha ngono pak Sura karo nyawang bojone, sing disawang njur srongkotan lunga karo kandha :
?Ki ? kaki, mbok wis rasah ngandhakke kuwi, ben padha dilakoni anak putu sing saiki wis dha gerang-gerang kuwi.?
Hari H kaya penjaluke Pardi anake, Pak Rono karo bojone sida budhal neng Jakarta numpak bis. Sewengi sadurunge budhal, mbok Rono wis ora bisa turu, werna-werna sing dipikir. Gek-gek tenan, neng kana ora ana wong tapihan kaya dheweke, ora bisa srawung merga ra ngerti omongane. Wis ta pokoke akeh banget sing digagas. Senajan wis dielikke bojone ora sah nggawa oleh-oleh sing aneh-aneh, ning Mbok Rono tetep ngrenggiyeg gawane kaya ta : kacang brol asil panenane, dhele, jadah lan wajik. Maklum wong salawase durung tau lelungan, dadi ya lucu yen disawang.
Nalika arep mangkat wae merga krungu critane Mbok Wongso biyen, Mbok Rono takon bojone :
?Aku rak ya tapihan wae ta, pakne ??, wangsulane sing lanang :
?Ha piye ta karepmu, nek ora tapihan apa arep wuda wae ?, teneh dadi tontonan sing padha numpak bis.?
?Ora ngono, pakne, jare neng kana kuwi ora ana wong tapihan, jare kabeh racake padha nganggo rok utawa kathokan.? Kandhane Mbok Rono kaya omonge Mbok Wongso.
?Wis ta mbokne, wong mono mbok apa anane. Awake dhewe kuwi wong bodho sing sajege ora mambu dhingklik sekolahan, ya wis apa anane wae. Mung wong mono kudu gelem golek pengalaman, perlune mundhak kawruhe, ora kebangeten olehe kaya enthung. Mbok Rono meneng wae, ngrumangsani bodhone.
Wiwit munggah bis, Mbok Rono meneng wae, semono uga Pak Rono. Dayane bis malam sing lakune banter tur hawane adhem, Mbok Rono keturon pules sewengi ora nglilir. Ngerti-ngerti digugah bojone dioyok-oyok :
?Mbokmu tangi !, iki wis tekan Jakarta.? Karo gragapan pitakone :
?Ha endi, pakne, jare Pardi arep methuk.?
?Lha ya mudhun dhisik ta, mbokne, mengko yen wis mudhun rak ketemu.? Bareng wis mudhun, wong loro tuntun-tuntunan golek nggon kanggo leren, wusana mlebu warung golek wedang anget karo sarapan. Dhasar weteng ngelih, Mbok Rono ndemenakake olehe mangan. Sega rames sepiring karo wedang teh nasgithel segelas ? jablas.
Weruh olehe mbayar bojone, Mbok Rono gumun. Dhuwit limalas ewu sadhodhokan wong loro rumangsa gedhe banget ajine. Dene yen neng pasar kae, sega gudhangan limang atus sepincuk, wis krasa nggrenjel neng weteng. Ning mbok Rono meneng wae. Lagi wae metu saka warung, ngerti-ngerti Pardi wis ngrangkul mbokne saka mburi karo kandha :
?Slamet ta Mbok, Pak ??
?Ya slamet, le.? Ngono wangsulane bareng.
?Simbok rak ora mabuk ta, Pak ??
?Ora, le, wong mbokmu wiwit munggah terus turu, nglilire ya wis tekan iki mau njur tak gugah.?
?O ? ya syukur yen ngono, wis ayo saiki mulih.? Tekan njaban terminal, Pardi marani mobil kijang abang ati, dibukak njur ajak-ajak :
?Ayo pak, mbok, gek mlebu.? Wong loro mlebu kijang, Mbok Rono njawil sing lanang :
?Pakne, Pardi kok wis pinter nyopir, gek iki mobile sapa ya ??
?Lha ya duweke dhewe mbokne, wong aku rene sing dhisik kae wis duwe kok.? Wangsulane bojone ngglayem. Mbok Rono saya gumun, dene anake kok ora tau crita yen uripe wis ngglenter neng paran. Sarehne omahe ing dhaerah pinggiran, mula pas byar esuk lagi tekan ngomah.
Mobil mandheg ing ngarep omah loji cekli, banjur padha mudhun lan mlebu. Gumune Mbok Rono saya ndadi, bareng weruh omah lan perabotane anake sing sarwa becik. Rini bojone Pardi, gupuh-gupuh ngacarani maratuwane kanthi basa jawa mlipis. Ora suwe wedang susu lan roti sing mentas dientas saka loyang disuguhake. Wong papat karo Rini padha wedangan bareng. Suwasanane gayeng, Mbok Rono anane mung seneng. Sawise padha wedangan, bapak lan mbokne dituduhi kamar sing mentas wae digawe, ya kuwi sing penjaluke Pardi, kudu dituroni bapak lan mbokne. Bareng wis mlebu kamar, Mbok Rono kandha bojone :
?Pakne dhipane kok mung siji ?, lha kowe turu ngendi ?.?
?Gampang aku mengko tak njupuk sepon saka nggudhang.? Wong loro banjur padha lungguhan neng kamar kono omong-omongan.
Tan kocapa, Mbok Rono krasa wetenge mules tandha yen arep bebuang, mula banjur nggoleki Warni mantune kandha apa anane. Karo Warni banjur diajak neng W.C. sing closete dhudhuk kuwi. Sawise dikursus kilat carane nggunakke, Warni njur metu, genti Mbok Rono sing ijen ana W.C.
Sawise ingak-inguk sedhela, njur mapan lungguh. Bareng bokong sumeleh ing closet krasa anyep, sak nalika sing ana njero, sing mau rasane wis keri mbrojol malah macet, isin ayake. Nganti suwe Mbok Rono anggone lungguh ing closet, ning sing arep ditokke ndhendheng emoh metu, sidane njur malah dadi ora krasa.
Mbok Rono njur klithih-klithih metu, atine susah. Durung nganti rong jam wis krasa maneh. Kaya sing uwis, Mbok Romo mlebu W.C. kaya mau, ning panggah kaya sing dhisik, sing ana njero emoh metu.
Atine jan judheg tenan, wusana ngungak gudhang, weruh tas kresek bekas, neng dhus njur njupuk digawa mlebu W.C.
Metu saka W.C. rumangsa lega, karo nguntel-untel tas kresek kuwi tumuju ing bak sampah pojok mburi omah. Bareng wis mbuang tas kresek ati rasane wis plong.
Nganti wis genep seminggu Mbok Rono lan bojone neng omahe anake. Dina sing kaping wolu ing komplek perum, ana asu kerah rame banget ing mburi pekarangane Pardi, nganti wong-wong padha metu.
Bareng ditliti bak sampah kuwi wis sepasar ora dijupuk karo petugas kebersihan, kelalen ayake, wong olehe seleh ana mburi pojok omah.
Bareng wong-wong padha metu, jebul asu-asu kuwi wis dha ngewer-ewer plastik isi jerowan weteng wong, sing ambune nggundheng ora nguwati.
Wong-wong padha gumun, gek sapa sing mbuwang, wong kabeh padha ngerti yen pendhak omah wis padha duwe W.C. Rini sing keri dhewe niliki kaget, bareng weruh plastik tilas wadhah sepatu sing lagi sepuluhan dina anggone tuku, kok wis isi kaya ngono ana bak sampah.
Batine njur mesthekake, yen plastik-plastik sing diewer-ewer kirik kuwi mesthi pokale maratuwane, ning ya meneng wae, mundhak maratuwane isin. Pak lan Mbok Rono ya ngerti, lan Mbok Rono ya ngrumangsani yen kuwi duweke, ning ya meneng wae, bathine krasa wedi lan isin banget.
Bengine Mbok Rono nggejret sing lanang njaluk bali dina sesuk, alasane wis kliwat seminggu ana Jakarta. Anak lan mantune wis ora bisa nggondheli kekarepane mulih, wusana Pardi ngeterke Bapak lan Mbokne tekan stasiun, numpak sepur sing esuk dhewe budhal.
Ana ndalan ora kacarita, medhun saka sepur njur numpak andhong, antarane sak jam tekan ngomah. Lagi mudhun saka andhong, Mbok Rono durung mlebu ngomah, ning malah mlayu neng iring omah. Tekan ngisor dhapuran pring, ing tengahing grumbulan wit midra, Mbok Rono nyincingke tapihe. Durung wae rampung olehe mapan ndhodhok, sing ana njero weteng selak kesusu mbradhat metu, merga olehe ngampet wis wiwit awan mau. Layak nalika mangkat wis emoh sarapan, neng sepur uga emoh jajan, mesthine kuwatir bab siji kuwi, sing neng Jakarta wis gawe wirang.
Mbok Rono lan anak-anake dhek isih cilik, pancen ya wis kulina ngono kuwi, mula yen lungguh ana closet malah ora metu. Ya kaya ngono kuwi mau, bali neng pakulinan ing saben dinane sing sejatine kuang becik, lan ora prayoga mungguhing kasarasan.
Bareng esuke lagi ngerti, yen mburi omah wis digawe kamar mandi lan kakus dening Parmin, sing mulih nalika bapak lan mbokne budhal Jakarta. Ning saiki Parmin wis bali neng Surabaya, budhale lagi mau esuk. Wiwit saiki mbok Rono gelem ora gelem, kudu ajar adus lan bebuwang sing mapan, sing kabeh mau karepe anake demi kasarasan.

 http://cerkak-jawa.com/?p=29


midodareni

SUSUNAN ACARA MALAM MIDODARENI

Menurut adat Jawa, Malam Midodareni adalah malam menjelang akad nikah dan panggih.  Midodareni berasal dari kata widodari. Masyarakat Jawa tradisional percaya bahwa pada malam tersebut, para bidadari dari kayangan akan turun ke bumi dan bertandang ke kediaman calon pengantin wanita, untuk menyempurnakan dan mempercantik pengantin wanita.
Midodareni berasal dari kata dasar widodari (Jawa) yang berarti bidadari yaitu putri dari sorga yang sangat cantik dan sangat harum baunya.
Midodareni biasanya dilaksanakan antara jam 18.00 sampai dengan jam 24.00 ini disebut juga sebagai malam midodareni, calon penganten tidak boleh tidur.
Saat akan melaksanakan midodaren ada petuah-petuah dan nasihat serta doa-doa dan harapan yang di simbulkan dalam:
  • Sepasang kembarmayang (dipasang di kamar pengantin)
  • Sepasang klemuk ( periuk ) yang diisi dengan bumbu pawon, biji-bijian, empon-empon dan dua helai bangun tulak untuk menutup klemuk tadi
  • Sepasang kendi yang diisi air suci yang cucuknya ditutup dengan daun dadap srep ( tulang daun/ tangkai daun ), Mayang jambe (buah pinang), daun sirih yang dihias dengan kapur.
  • Baki yang berisi potongan daun pandan, parutan kencur, laos, jeruk purut, minyak wangi, baki ini ditaruh dibawah tepat tidur supaya ruangan berbau wangi.
Adapun dengan selesainya midodareni saat jam 24.00 calon pengantin dan keluarganya bisa makan hidangan yang terdiri dari :
  • Nasi gurih
  • Sepasang ayam yang dimasak lembaran ( ingkung, Jawa )
  • Sambel pecel, sambel pencok, lalapan
  • Krecek
  • Roti tawar, gula jawa
  • Kopi pahit dan teh pahit
  • Rujak degan
  • Dengan lampu juplak minyak kelapa untuk penerangan (zaman dulu)
Well, itu kan mitosnya. Tapi makna Malam Midodareni lebih dalam dari pada itu. Bisa terlihat dari prosesi yang akan dilaksanakan pada Malam Midodareni . Prosesi malam Midodareni antara lain adalah (sesuai urutan) :
Jonggolan / Nyantri
Jonggolan / Nyantri adalah datangnya calon pengantin pria ke tempat calon mertua. ‘Njonggol’ diartikan sebagai menampakkan diri. Tujuannya untuk menunjukkan bahwa dirinya dalam keadaan sehat dan selamat, dan hatinya telah mantap untuk menikahi putri mereka.
Pada saat Malam Midodareni, calon pengantin pria melakukan jonggolan tidak didampingi oleh orang tua nya. Namun hanya di dampingi oleh wakil keluarga yang telah ditunjuk oleh orang tua pengantin pria. Pada saat Malam Midodareni calon pengantin pria memberikan calon pengantin wanita berupa bingkisan yang berisi semua kebutuhan sehari-hari calon pengantin wanita. Bingkisan ini yang biasa disebut Seserahan. Dan harus dalan jumlah ganjil.
Selama berada di rumah calon pengantin wanita, calon pengantin pria menunggu di beranda dan hanya disuguhi air putih oleh calon ibu mertua / ibu calon pengantin wanita.
Tantingan
Setelah calon pengantin pria datang menunjukkan kemantapan hatinya dan diterima niatnya oleh keluarga calon pengantin wanita saatnya calon pengantin wanita (sekali lagi) ditanya oleh kedua orang tuanya tentang kemantapan hatinya.
Pada malam midodareni calon pengantin wanita hanya diperbolehkan berada di dalam kamar pengantin. Dan yang dapat melihat hanya saudara dan tamu yang wanita saja. Para Gadis dan Ibu-ibu.
Kedua orangtua mendatangi calon pengantin wanita di dalam kamar, menanyakan kemantapan hatinya untuk berumah tangga. Maka calon pengantin wanita akan menyatakan ikhlas menyerahkan sepenuhnya kepada orangtua.
Pembacaan dan Penyerahan Catur Wedha
Catur Wedha adalah wejangan yang disampaikan oleh calon bapak mertua / bapak calon pengantin wanita kepada calon pengantin pria. Catur Wedha ini berisi empat pedoman hidup. Diharapkan Catur Wedha ini menjadi bekal untuk calon pengantin dalam mengarungi hidup berumah tangga nanti.
Wilujengan Majemukan
Wilujengan Majemukan adalah silaturahmi antara keluarga calon pengantin pria dan wanita yang bermakna kerelaan kedua pihak untuk saling berbesanan. Selanjutnya ibu calon pengantin wanita menyerahkan angsul-angsul atau oleh-oleh berupa makanan untuk dibawa pulang, orang tua calon pengantin wanita memberikan kepada calon pengantin pria :
  • Kancing gelung : seperangkat pakaian untuk dikenakan pada upacara panggih
  • Sebuah pusaka berbentuk dhuwung atau keris, yang bermakna untuk melindungi keluarganya kelak.
Begitulah proses Malam Midodareni. Next is, mengenai susunan acara / prosesi Akad Nikah dan Panggih..


 http://ikawidyan.wordpress.com/2011/12/06/susunan-acara-malam-midodareni/

kabumi kabupaten Pati

Menelisik Tradisi "kabumi (Sedekah Bumi)" Di Kabupaten Pati

Menelisik Tradisi "kabumi (Sedekah Bumi)"  Di Kabupaten Pati
Kabupaten pati merupakan salah satu kabupaten di Jawa tengah yang mempunyai beragam adat budaya dan tradisi, Terletak di jalur pantura, Kabupaten ini tentunya menjadi salah satu tempat untuk singgah bagi mereka yang melewatinya. Kabupaten Pati  ini boleh di bilang mempunyai dua bagian yang satu sama lain saling menguatkan, yaitu daerah Pesisir laut dan daerah pegunungan. Sebagai daerah pesisir laut sejak zaman dulu kabupaten pati selalu menjadi salah satu tempat transit bagi para prdagang bahkan menjadi salah satu tempat untuk menjajakan dagangan bagi para saudagar dari beberapa negara seperti india, arab dan eropa tentunya. Sebagai daerah pegunungan pati juga di jadikan tempat untuk bertapa ataupun sekedar untuk beeristirahat bagi para saudagar. Dengan hadirnya para pedagang dari berbagai daerah mau tidak mau maka tercampurlah tradisi-tradisi lokal, budaya masyarakat dengan pendatang, dan tentunya pula hal ini menjadikan kabupaten ini mempunyai banyak budaya dan tradisi yang beragam.
Kalau di daerah pesisir ada tradisi dan budaya yang sampai saat ini terus di lestarikan Seperti Lombana atau sedekah laut daerah pesisisir, maka di daerah pegunungan/daratan ada tradisi yang namanya Kabumu ( sedekah bumi) contohnya meron di sukolilo pati, seperti halnya sedekah laut, sedekah bumipun mempunyai arti yang sama dengan sedekah laut, akan tetapai cara dan tradisinya yang berbeda, kalau sedekah laut cenderung untuk memanjatkn puji syukur kepada Tuhan atas nikmat dari laut yang begitu besar, begitu pula sebaliknya sedekah bumi demikian juga. Kabumi (sedekah bumi) biasanya di laksanakan antar bulan syawal-bulan dzulhijjah (bulan besar dlm bahasa jawa), kegiatan ini biasanya di lakukan di tempat dimana salah satu cikal bakal dari desa tersebut di mkamkan, sebelum ritual ini di laksanakan, biasanya para ibu rumah tangga memesak berbagai masakan paling enak untuk di bawa ke tempat tersebut, dan makanan-makan tersebut akan di kumpulkan menjadi satu sebelum akhirnya nanti masyarakat setempat berdoa bersama-sama. dan secara bersama-sama makanan tersebut akan di makan, dan sebagian besar nantinya akan di bawa pulang orang dari berbagai daerah untuk di makan, kegiatan ini dulunya merupakan bentuk dari rasa sykur masyarakat kepada Tuhanya atas hasil bumi yang selama satu tahun di berikan.
Seiring dengan berjalanya waktu, sedekah bbumi sekarang bukan hanya sebagai kegiatan syakral masyarakat setempat, akan tetapi sekarang menjadi salah satu tradisi sakral yang di barengi dengan berbagai macam hiburan bahkan menjadi salah satu tradisi masyarakat yang menjadi potensi wisata bagi kabupaten pati, lihat saja contohnya di tunjung rejo, kegiatan ini di lakukan dengan berbagaimacam hiburan seperti pawai bareng yang di iringi dengan berbagai macam kesenian. Acara sedekah bumi sendiri ini sekarang di lakukan hampir satu minggu, biasanya di awali dengan kegiatan-kegiatan keagamaan seoperti Hotmil qur"an, tahlil bersama dan pengajian umum, slain itu juga terdapat berbagai acara tradisional seperti pementasan kethoprak.
Memang acar seperti ini bagi sebagian orang di anggap menyimpang dari nilainilai agama kalu kita lihat dari kacamata yang sangat sempit, akan tetapai kalau kita lihat lebih luas, acara ini merupakan acara ukhiwwah  dan saling mengenal, berkumpul antar masyarakat, selain itu acara ini merupakan acra syukurnya masyarakat setempat dalam memenjatkan puji syukur kepada Tuhuanya.
Apapun itu sedekah bumi sudah menjadi tradisi masyarakat dan kearipan lokal yang harus kita jaga sebagai aset wisata.
 http://seputarpati09.blogspot.com/2014/06/menelisik-tradisi-kabumi-sedekah-bumi.html

sesorah

Sesorah yaiku micara gagasan utawa panemu sarana lisan ana ngarepe wong akeh

Tujuan ancase wong pidhato ana werna - werna :


  1. Ulung tinampen/pasrah tampi
    kanggo nampa barang sarahan lan masrahake calon penganten
  2. Kangge panglipur
  3. Atur informasi utawa menehi kabar
  4. Pangajak
    Sesorah kang sipate ngajak wong sing padha ngeringokena kapiket, sahingga tertarik atine marang andharan mau.
  5. Atur pambagya
    Kanggo nampa tamu ing acara apa wae kayata supitan, mantenan.


Bab kang digatekake supaya nalika sesorah hasile kanthi becik


  • BASA
    basa kang digunakake kudu pas karo sing di adhepi, dadi gampang di mangerteni.
  • BUSANA
    menawa sesorah prayoga migunakake busana kang becik lan sopan
  • SWARA
    Swara wong kang lagi sesorah kuwi aja keseron lan aja kelirihen, lafal lan vokale kudu jelas.
  • SOLAH BAWA / SIKAP
    Solah bawane kudu manteb lan teteg, madhep marang pamirsa, tangane ngapurancang, aja kendhengaken lan aja kendhingkluken
Urutane sesorah
  1. Salam pambuka
    Kaya "Assalamualaikum Wr. Wb.
  2. Purwaka
    Isine ucapan syukur marang sing dhuwe jagad
  3. Isi / wigatining atur
    Bab apa wae sing bakal diaturake
  4. Pengarep - arep
    Isine bab sig disuwunake marang para tamune umpamane donga, pitutur
  5. Panutup
    Isine njaluk pangapura marang para tamu yen ana kaluputane
  6. Salam panutup
    Ngaturake salam marang tamune.

sinopsis cerkak kaca mata



Sinopsis cerkak.

Kaca Mata
            Nalika srengenge sumelet, ana ing wayah awan mbah Patono mecah kasepen lan ngudal uneg-uneg karo sing jenenge Sas.
            Mbah Patono nalika ngrembag babagan kaca mata batin, Sas kelingan marang lelakone nalika dheweke ketindihan motor, nabrak trotoar. Ananging sakbanjure iku dheweke ora kelingan kedadehan kang wus kelakon amarga pingsan. Sakwuse iku ngerti-ngerti wis ngathang-ngathang ana rumah sakit. Nanging kejoting jantung nalika weruh wanita kang ana ing sanding Sas. Jantunge banter kejote amarga nahan ati gemeter. Wong wadon kang ana ing sanding mau satleraman kaya wog wadon kang ditresnani kang wus ngilang ninggalake dheweke.
            Wong wadon kang ana ing sandinge Sas banjur ngenalake awake marang Sas, jenenge Arum. Arum iku wanita kang ngrawat Sas, kerjaane yaiku dadi perawat.sak banjure iku Mbah Patono balik mbuyarake lamunane Sas, mbah Patono nguwenehi kaca mata kang ditukokake putune marang Sas, amarga miturut mbah Patono dheweke wis kudhu ganti kaca mata kang anyar. Kaca mata mau dadi warisan saka mbah patono kang kudhu dijaga marang Sas. Amarga sakbanjure iku mbah Panoto seda.
            Sedane mbah Panoto dadi jalaran Sas lan Arum ketemu maneh. Arum sing dadi putune mbah panoto, nalika ana ing makam ketemu karo Sas. Sas lan Arum saya suwe saya rumaket lan pinatri ing sambungan katresnan nganti pungkasane dheweke padha mbangun balai wisma.