apa ta cerkak iku??
Apa kang diarani
cerkak iku?
Kang diarani cerkak yaiku susatra gancar (karya sastra prosa) kang isine
nyritakake sawijine lelakon kang dianggep wigati kang nduweni kesan tunggal
(kurang saka 10.000 tembung).
Cerkak iku pancen awijining crita kang cekak. Nanging ora ateges yen
crita cekak iku dijengengake crita cekak. Umpamane fable, dongeng lan crita
rakyat minangka tuladha crita kang cekak, nanging ora bisa diarani crita cekak.
Cerkak nduweni
titikan mangkene :
1)
Critane cekak
2)
Cacahe paraga mung sithik
3)
Paraga sing dicritakake ora nganti owah nasibe
4)
Critane fiktif utawa ora nyata
5)
Pokoking crita (masalah) tumuju marang sawijinng crita, kang njalari
efek tunggal lan kesan tunggal.
6)
Ngandharake perkara kang winates karo bab-bab kang penting wae
7)
Ngandharake prastawa kang tliti lan cetha uga prayoga
8)
Manawa ditulis mung antarane 4 tekan 10 kaca
Unsur-unsur
pandhapuke cerkak ana 2 :
a.
Unsur intrinsik
ð Tema : underane perkara
ð Alur : urut-urutane kadadean
ð Tokoh : paraga
ð Watak : sifate paraga
ð Setting : papan kadadean
ð Amanat : piwulang kang dikandhut
a.
Unsur ekstrinsik
ð Faktor agama
ð Faktor ekonomi
ð Faktor pendidikan
ð Faktor sosial lan
faktor budaya
0 Response to "cerkak"
Posting Komentar