nontonwayang ing Dies Natalis Unnes





Tanggal 29 Maret kala wingi,UNNES ngawontenaken adicara wayangan,kangge mengeti Dies Natalis UNNES kaping 49.Wayangan punika dhalangipun inggih menika Ki Purba Asmara,ingkang lakon Semar Bangun Kayangan.
                Ing adicara menika kula dados panitia,kula dados sie.konsumsi ingkang ngurusi babagan dhaharan,saking dhaharipun tamu undhangan,pangrawit,sinden,dhalang,ngantos panitia.
  Amarga dados panitia,kula mboten saged nonton wayang ngantos rampung.Namung sakedhap-sakedhap menawi mboten repot.Dados cariyosipun menapa,kula mboten mangertos sanget.
  Ingkang kula mangertosi cariyosipun inggih menika :
  Semar prihatin sanget kaliyan keadaan donya sing mboten temtu.Ketamakan saha kerusakan mboten karu-karuankedadean wonten donya punika.Menungsa padha supe kaliyan jatidirinipun,dados mboten wonten katentreman.
Amarga punika,Semar pengin bangun kayangan,artosipun Semar pengin ngresiki jiwa ngagem budi pekerti luhur saha utamanipun gesang.
Petruk diutus Semar kagem ngampil Kalimasada dhateng Pandawa,kangge sarana bangun kayangan.
Ing wekdal punika,Pandawa inggih nrima tamu,Kresna sing inggih pengin ngampil Kalimasada kangge tumbal negeri Dwarawati sing nembe kena bencana.Lajeng perang antaranipun Kresna ingkang didukung Baladewa kaliyan Petruk ingkang didukung Anoman,Gathotkaca,lan sanes-sanesipun.ananging wonten sebab sanes ingkang terlibat masalah punika,yaiku Kurawa.Petruk kalah,lan dhawah wonten wana,ananging piyambakipun ditulung Gandarwa Rajaswala (Bapanipun).
Petruk dibantu kagem madosi Kalimasada saha mbiyantu nylametaken Pandawa.Semar angsal petunjuk saking sang Hyang Wenang babagan maknanipun gesang saha konsep utamanipun kagem landasan katentreman donya.
Namung menika ingkang kula mangertos.Menawi mboten klintu,kirang langkungipun makaten.